BINGUNG
Ing
sawijining kutha,ana kulawarga dhuweni anak 2. Anak sing kasiji sekolah ning
SMAN 1 DURENAN,lan anak sing kapindho sampun SMP kelas 2.Dheweke urip tentrem
lan tresnani kulawargane. Trisno wong tuwo marang anake ora bisa di ibaratne
kaya ngapa wae . Padha kaya tresnane wong tuwane Bejo lan Siti . Bocah loro
sing urip kakang adhi bareng kulawargane sing urip kacukupan .Bejo wes kelas 3
SMA ,akhir – akhir iki dheweke mimet amarga kekakean tugas lan uga tambah
bingung arep nerusne kujiah ning endi. Sedhela maneh ana Ujian Nasional. Bejo
saya tenanan ngadepi ulangan iku.
Pas sabtu
bengi,kaluwarga ne ngelumpuk ning ngarep tivi lan mangan bareng.Bejo takon ning
bapake.
“Pak sampun lulus SMA
kula neruske kuliah teng pundhi?. Pitakon Bejo ning bapake.
“Menurutku leee ,luweh
becik langsung kerja wae lee,engko tak modali.”jawabane bapake .
Bejo
bingung atine ,saktemene Bejo pengen kuliah ,nanging bapake pengen kerja
langsung.
“Buk menurut jenengan
kula neruske teng pundhi buk?”. Takon bejo marang ibuke.
“Yen aku sak karepmu
lee...,pengenmu piye kerja apa neruske kuliah?.
“Inggih bukk...
Sakwise maem , Bejo sinau piwulangan Biologi , Bejo
maca maca buku Biologi lan mikir, “apa aku dadi perawat wae ya....”. Ngelamune
Bejo karo maca.Bejo nekat pengen kuliah ,lan ngeyakinake bapake , menawa deweke
bisa kiliah sarana penghasilane dewe saka keja serabutane. Ora suwe bapeke Bejo
nyeluk Bejo
“Bejoooo... Bejoo reneo
bapak arep ngomong”.Bengok bapake saka kamar.
Seteruse Bejo teka ning kamare bapakke.
“Enten napa pak
“Lee bapak pengen awakmu
langsung kerja,pokoke kerja”. Saurane bapake Bejo
“Kula pengen kuliah pak
dospundhi ?.
“Awakmu apa pengen
ngelawan bapakmu iki?”. Bapake omongane karo nesu
Bejo pegel lan mlayu mlebu kamar. Bejo kacewa karo bapake
,merga ora arep nuruti karepe anake . Kedadean iku Bejo pegel banget karo
bapake. Ora suwe ibuke Bejo teka lan omong omongan.
“Bejo , jaluk’o ngapura
ning bapak “. Mohone ibuke marang Bejo
“buk kula niki badhe
ngelanjutne kuliah buk, amargi kula pengen dados perawat benjinge.
“Ibuk ngerti lee,tapi
ngomongo karo bapak ,lan mastekne awakmu isa kuliah .
“ Inggih buk....
Biasane bapake Bejo yen nesu mesti lungo neng mburi omah
,soale mburi omah enek panggon sing di senengi bapake. Satekane Nejo mikir
bapake mesti keadaane nesu lan sikape keras kepala. Nanging Bejo meksa nyetuk’i
bapake.
“Kula bothen saget
ngelakoni napa sakarepe bapak , merga niku sanens pengarepane Bejo pak
‘Yen awakmu ora bisa
manut omongane wong tuwa minggato aye kono”. Nesune bapake Bejo/
“inggih pak kula minggat
mawon , nanging mengke kula wangsul ,kula sampun sukses saking napa kula
karepne pak”. Bejo karo nangis.
Bejo ringkes ringkes lan pamitan ning bapake,nanging ora
pamitan marang ibuke,merga yen Bejo mengka pamit mesthi ora di olehi karo
ibuke. Samentara Bejo urip dewe ning kos – kosan. Golek duwik Bejo dodolan
klambi ning toko koncone.
2 sasi ti lewati Bejo ,Bejo nunggu kasile Un lulus apa ora
,hasile Bejo lan nilai’e apik sak tingkat palarer .Bejo seneng banget amargo
dek’e isa penak melebu kuliahan endi-endi wae. Ora suwe Bejo kuliah ning
jurusan perawat. Bejo nempuh pendidikane 4 tahun lan biayane Bejo dewe seng
nanggungi.
Akhire Bejo lulus dadi sarjana keperawatan. Lan ketrimo ning
rumah sakit cedek omahe wong tuwane.
“Alhamdulillah gusti Allah
,kula saget ngelampahi napa sing kula karepi ,gusti Allahkula matur suwun
sanget”.Matur suwune Bejo marang Gusti Allah.
Bejo dhuwe pikiran arep mulih nali marangwong tuwane,lan
mbuktikne Bejo Bisa ngeraih cita citane. Ora suwe Bejo teka omah lan nyetuk’i
wong tuwane.
“Pakkkk bukkk Bejo
dugiii...”. bengoke ane Bejo saka njobo.
“Bejo awakmu ning endhi
wae,bapak karo ibuk goleki awakmu”. Tangise bapake marang Bejo
“Bejo bapak getun wis
ngusir awakmu saka omah leee...bapak nyuwun ngapura ya lee...
“Inggih pak, kula sampun
ngapurani bapak.”. saurane Bejo ning bapake
“Pak kula sampun katrino
teng rumah sakit galek pak”
“Alhamdulillah le,awakmu
pancen pinter ,bapak lan ibumu iki bangga le dhuwe anak kaya awakmu le”
“ Inggih pak, marur
suwun.
Mungkin
Kira kira wong tuwa nganggep awakmu ora bisa ngeraih apa sing mbok
pinhini ,nanging awak mu aja pedot semangat buktekne yen awakmu bisa. Kira kiramasalmu kuwi salah sijine
dalan ben isa awakmu sukses kanggo cita cita mu. Lan pastikne ning wong tuwa
yen awakmu bisa. Ngewujutke wong tuwa isa bangga karo awakmu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar