LEGAWA
TANPA SUARA
Ing dina nalika Hardianto Wijaya nglamun, kenapa wong-wong
padha ngremehake dheweke, ana salah apa Hardianto marang wong-wong iku. Hardianto
mesti nangis lan keranta-ranta, saben
dinane dheweke di olok-olok lan diremehake kanca-kancane. Awit saking dheweke
isih cilik dulur-dulure ya ora tresna marang Hardianto ora kaya saiki.
“He
Hardianto, kenapa awakmu ora nguntungake marang wong tua loro lan kenapa awakmu
isane mung nyusahne wong tua loro ?” pangucap saking kakange Hardianto kang kasar marang Hardianto .
“Ngapunten kakang menawi kula tasik nyusahake
sampean lan Bapak Ibu, kula sakniki tasik alit, yen sampun gedhe kula bakal
lunga pados gawean.”
“Aja mung abang-abang lambe Di, aku
kakangmu isin nduwe adhik kaya kowe.”
Jagongan
iku sing tetep ana angen-angen Hardianto tekan saiki. Sakjane ndhisik Hardianto
iku bocah sing sregep, pinter ning kelas, nanging ora pati nduweni kanca amerga
pada iri karo Hardianto. Kakange Hardianto Wijaya, Trisdianto Wijaya uga iri
karo Hardianto Wijaya merga Hardianto ana kesempatan sekolah SMP nganti SMA, nanging dheweke amung lulusan SD lan saiki
penggaweane makarya ana Malaysia.
Sak wise rampung
anggene dheweke nglamun, banjur Hardianto budhal kerja.
“Sugeng enjing Pak Kapolsek Hardianto
Wijaya” sapane Bripda Eko marang Kepala Polsek Gandusari iku.
“Sugeng enjing Mas Eko, dospundi wartane
dina iki ?” wangsulan AKP Hardianto Wijaya.
“Alhamdulillah sae Pak, panjenengan
wartanipun dospundi ?” pitakon saking Bripda Eko.
“Kulo inggih sae Mas, mangga inggal mlebet
kantor.” AKP Hardianto Wijaya.
“Inggih Pak.” wangsulan Bripda Eko.
Wis
ana sewindu anggene kakange Hardianto Wijaya lunga tanpa kabar, wiwit diajak
kancane lunga menyang Malaysia tekan saiki ora tau muleh. Amung Hardianto lan
bojone sing ngopeni wong tuane. Hardianto wis rabi ana rong tahun iki, lan
saiki bojone wis mbobot 6 minggu. Untung bojone sehat ora ana keluhan kaya sing
dikeluhne wong meteng enom biasane. Dadi isik iso ngewangi ngopeni wong tuane Hardianto.
Bojone Hardianto jenenge Indah Aryesti, kerep diceluk Indah. Hardianto lan Indah
mutusne ora nduweni omah dhewe lan dadi sak omah karo wong tuane Hardianto,
amarga ora tega ninggalake wong tuane Hardianto dhewekan sing wis saya tua lan
lara-laranen.
Ing salah sijine
dina ujuk-ujuk ana wong kang mlebu omahe wong tuane Hardianto tanpa salam,
ageman kang tansah semrawut, nduweni tato lan tindik ning kuping, rambut
ingkang dawa lan abang.
“Kowe sapa, kok mlebu omah tanpa salam ?”
Pitakone bapake Hardianto Wijaya.
“Ngapunten Pak, kula Trisdianto Wijaya
putrane panjenengan ingkang mbarep, kakange Hardianto Wijaya.”
“Alhamdulillah... Kepriye kabarmu ? Kowe
nyang endi ae le pirang-pirang tahun ora muleh ?, ora menehi kabar Bapak Ibu
lan adhikmu ” Bapake Hardianto menehi pitakon.
“Kabar kula sae Pak, ananging nasib kula
ingkang mboten sae Pak.” Trisdianto kang trenyuh.
“Lha kenapa le ?” Pitakone bapake Trisdianto.
“Kula mboten gadhah penggawean. Kulo
diapusi dhateng mrika Pak, amargi isin kula mboten wantun wasul lan
luntang-lantung dhateng mrika. Ngapunten Pak kulo mboten saget ndamel bombong panjenengan
lan ibu” Trisdianto kang getun.
Bapake mbrebes
karo wangsuli “Yongalah le, kok apes men nasibmu. Wis le aja digetuni maneh. Ora
apa-apa le, awakmu bali wae Bapak wis marem, Ibumu lan Hardianto ugo
ngarep-ngarep tekanmu sabendino.”
“Inggih Pak. Lha Hardianto kalih Ibuk
wonten pundi Pak ?” Trisdianto kang tansah kangen nekokake adhikke lan Ibuke.
“Hardianto isek kerja le, saiki adhikmu
dadi Kepala Polsek Gandusari, sek setahun iki adhikmu munggah jabatan, lek ibumu
iki mau menyang pasar.” Wangsulan saking Bapak marang pitakone Trisdianto.
“Masyaallah, adhikku saiki wis sukses. Lha
terus ibuk kalih sinten Pak dhateng pasar ?” Trisdianto kang tansah kaget lan
marem.
“Iya le, adhikmu sing mbiyen kok remehne
saiki wis sukses. Ibumu budhal menyang pasar karo bojone Hardianto.” Wangsulan
bapake Trisdianto.
“Lho, adhikku wis rabi Pak ?,
alhamdulillah. Saking dangune anggen kula lunga, kathah kedadean sing kula mboten
weruh. Kula getun Pak, riyen kula kegedhen iri kalih Hardianto Wijaya, mboten
ngrumangsani yen Bapak kalih Ibuk pun kathah pengorbanane” Trisdianto Wijaya
kang tansah getun.
“Wes le, bapak
karo Ibu ngerteni, Bapak sing njaluk sepura, amerga Bapak karo Ibu ora bisa
nyekolahke awakmu kaya Hardianto, banjur awakmu maleh lunga.” Wangsulane bapak.
“Mboten Pak, jenengan mboten salah
napa-napa, kula ingkang mboten saget mikir legawa riyen. Sakniki kula getun
sanget Pak.” Tambahe Trisdianto.
“Wes le, wes aja digetuni maneh. Saiki
awakmu lereno kana apa mangano, awakmu mesti kesel.” Dhawuhe Bapake Trisdianto.
“Inggih Pak kula tak leren mriki rumiyin.”
Wangsulane Trisdianto Wijaya.
Ing
wektu kuwi Trisdianto Wijaya gumun marang Hardianto Wijaya lan kangen marang
wong tua lorone. Dheweke krasa isin wis sewindu lunga golek penggawean ora ana
hasile malah kapusan lan dadi wong ra genah. Dheweke setres amarga kapusan, banjur akhire malih kegeret kancane sing
penggaweane amung nongkrong lan males kerja.
“Assalamu’alaikum...” Salame Ibuk lan
Indah.
“Bapak... Lho niku sinten Pak sing turu
wonten ruang tamu ?” Pitakone Ibune Hardianto kang was-was.
“Nggih Pak niku sinten, kula kok dereng
nate kepanggih ?” tambahe Indah.
“Wa’alaikum salam... Kuwi Trisdianto
Wijaya Buk, anakmu. Iku anak mbarepe Bapak karo Ibu Ndah, kakange Hardianto
Wijaya.” Wangsulane Bapak.
“Ya
Allah alhamdulillah anakku sing mbarep wis muleh, isek eling marang awake Pak.
Nanging kok semrawut Pak ? Deweke kerja punapa ?” Pitakon Ibu.
“Wis
mengko wae, amprih genahe Ibu tekono Trisdianto dhewe sing iso njelasne. Wis
jarno wae dhisik ben dheweke leren.” Wangsulan saking Bapak.
Indah lamun nyambung, “Oalah, napa kang Trisdianto
ingkang kesah pun wonten sewindu nika ta Pak ?”
“Iya Ndah, kui ya kakangmu.” Wangsulan
saking Bapak utawa bojone Ibuke Hardianto Wijaya.
“Alhamdulillah kang Trisdianto pun wasul.
Mas Hardianto mesti bungah sanget mangke lekne sumerep.” Tambahe Indah.
“Iya Ndah, alhamdulillah. Lek ngono ayo
Nduk awake nyiapne panganan gawe awake kabeh.” Ajakane Ibu.
“Inggih Buk.” Indah banjur langsung gawa
barang-barang sing tas lek tuku ka pasar mau menyang pawon.
“Bapak tak menyang mburi sek Buk, pitike
durung dipakan.” Pamitane Bapak.
“Inggih Pak.” Wangsulane Ibu.
Banjur
Ibuk lan Indah nyiapake sarapan kanggo wong-wong kabeh, Bapak makan pitik ana
mburitan. Ora ana rasa kang dadi lara ning ati Bapak karo Ibu kejaba marem
anake mlumpuk. Amargi sak adohe lan sak suwine anggene kerja, amung keluarga
anggone muleh. Masia dadi sukses, masia durung sukses, jenenge anak iku tetep anak, ora kena dibeda.
Kira-kira wektu
15.00 WIB Hardianto Wijaya wis muleh saka kantor. Amerga kaget ana wong turu
ning kursi ruang tamu, Trisdianto kang iseh turu banjur digugah dening Hardianto.
Hardianto tansah was-was lan mikir yen wong sing turu ana ruang tamu iku wong
edan.
“Assalamualaikum
pak Buk” Salam saking Hardianto, banjur langsung kaget nyawang kursi.
“He tangi ! kowe sapa ?” Hardianto nggugah
karo ngiling-ngilingi.
“Hardianto ? Kowe Hardianto Wijaya ta ?
Aku kakangmu Di, aku Trisdianto Wijaya” Trisdianto kang kaget langsung ngadek.
“Saestu ? Sampean kakang kula ?” Hardianto
kang tansah bingung.
Banjur
ibuk lan bapake wong loro kui metu lan nyauri pitakon Hardianto Wijaya.
“Iya le, kuwi kakangmu, saiki awake wes
mlumpuk, aja tukaran maneh kaya cilikanmu ndhisik.” Nasehat saka wong tua loro.
“Alhamdulillah...” Hardianto langsung
ngrangkul Trisdianto, kakang adhi kang wis suwe ora petuk iku wusanane kepethuk.
“Kang, dospundi kabaripun sampean ?” Pitakone
Hardianto kang tansah kangen.
“Aku apik Di, awakmu piye ?” Wangsulane Trisdianto
kang pada kangene.
“Alhamdulillah kula nggih sae kang. Kula kangen
kalih sampean, sampean lunga tanpa kirim warta, kula, Bapak lan Ibu tansah ngarep-ngarep
dugine sampean. Wonten pundi mawon sampean ?” Hardianto kang marem uga
penasaran.
“Lah, dawa Di critane.” Wangsulane Trisdianto
Wijaya.
“Bapak, Ibuk, Mas Hardianto, Kang Trisdianto,
mangga dhahar rumiyin, sampun kula cepakaken sarapanipun.” Sambunge Indah.
“Iya dek. Oh iya Kang, niki Indah, estri
kula.” Hardianto ngenalake bojone menyang kakange.
Trisdianto Wijaya salaman karo Indah, “Aku
Trisdianto Wijaya kakange Hardianto Wijaya.”
“Inggih kang, kula Indah. Wau Bapak kalih
Ibu nggih sampun nyanjangi” Wangsulane Indah.
“Wes yo gek menyang meja mangan, selak
njebeber jangane mangke.” Bapak kang guyon.
Kabeh ngguyu karo budal nyang meja mangan.
Karo
mangan, Trisdianto crita-crita menyang Hardianto lan kabeh wong ngenani uripe
dheweke ning rantauan, lan nyapo ora tau ngirim warta.
Wis
ana seminggu anggone Trisdianto ning omah, dheweke krasa isin yen nyawang adhike
sing wis sukses, nanging dheweke sik pengangguran. Wayah Hardianto muleh kerja,
Trisdianto metung Hardianto.
“Di, jajal kakangmu iki tulungen, golekno
penggawean. Aku isin disawang tangga, mesakne Bapak karo Ibuk lik aku muk
nyusahne wae. Aku isin karo awakmu karo bojomu, lek mung numpang urip wae karo
awakmu.” Pangucape Trisdianto.
“Matur napa sampean niku kang, mboten
wonten ingkang krasa disusahne. Sedanten niki keluarga.” Wangsulaen Hardianto.
“Tapi panggah wae Di, aku uga kepengen
gawe bungah Bapak karo Ibuk.” Trisdianto.
Saka
omong-omongan iku, Hardianto Wijaya akhire mikir, kepriye carane bantu kakange
supaya kakange ora ngrasa lek dheweke iku gawe susah. Sesuke ing kantor, Hardianto
crita karo kancane, yaiku Bripda Eko lan Briptu Cahyono perkara kakange sing
kepingin golek penggawean. Briptu Cahyono ndudohi yen ing cedhak omahe ana proyek
pembangunan perusahaan, kepener ing proyek iku kekurangan tenaga kerja.
Sorene
pas muleh kerja, Hardianto nawani Trisdianto perkara penggawean sing disaranne
rekane iku.
“Kang, aku nduwe wacana perkara kerjaan,
nanging apa sampean purun kang ?, iki kerjane abot, ning bangunan.” Tawane Hardianto
menyang kakange Trisdianto.
“Alhamdulillah, ora apa-apa Di, kapan aku
isa moro rana ?” wangsule Trisdianto kang bungah.
“Mbenjing saget Kang sampean cobi mrika,
mugi-mugi ketampi nggih Kang, kula namung saget mbantu sekedhik.” Hardianto.
“Ora apa-apa Di, aku malah matur suwun
tenan, biyen awakmu tak sia-sia malah saiki aku kok wenehi kerja.” Tambahe Trisdianto
Wijaya.
“Wis ta kang, mbiyen awake pancen isik
cilik, urung patek jawa.” Wangsule Hardianto.
“Iya Di.” Imbuhe Trisdianto.
Akhire
sesuke Trisdianto Wijaya mara menyang proyek iku, nanging bosse proyek gelem nampa Trisdianto Wijaya yen Trisdianto gelem
ngrubah ageman sing ora sopan. Sesuke Trisdianto bali menyang proyek, tindhike
wis dicupot, rambute wis cepak semir ireng, masia tatone isik ana merga durung
nduwe dhuwit kanggo laser tato,
nanging Trisdianto wis ketok ganteng. Bosse
akhire gelem nampa Trisdianto Wijaya. Merga Trisdianto kerjane apik, akhire
saben ana proyek ning bosse mesti
dikandani.
Wes
2 tahun Trisdianto kerja, wektu iku anake bosse
mara menyang proyek ngeteri bapake panganan, Trisdianto Wijaya dikenalne karo
anake bosse, masia luwih tua setahun,
nanging Trisdianto kesemsem. Setahun kenal akhire Trisdianto rabi karo Hayati,
anake bosse. Trisdianto uga gawe omah
cilik-cilikan ning cedhek omahe Ibuk Bapake Trisdianto. Rong tahune Trisdianto diangkat
dadi mandor proyek. Trisdianto tansah bungah, amerga Hardianto sing mbukak
dalan, akhire Trisdianto isa nduwe penggawean, isa kenal Hayati, isa gawe omah
dhewe, isa mbungahne wong tua loro.
“Di, iki kabeh
merga awakmu. Aku utang budi akeh banget menyang awakmu.” Trisdianto kang dolan
menyang omahe bapak ibuke karo bojone.
“Kang, kula kalih sampean niku sedulur,
mboten wonten namine utang budi wonten paseduluran niku. Kula bantu sampean
ikhlas.” Hardianto.
“Matur suwun banget Di, muga-muga awake
dhewe isa rukun terus sampek mbesuk.” Pangucape Trisdianto Wijaya.
“Inggih mas, aamiin...” wangsulane Hardianto
Wijaya karo ngrangkul Bapak Ibu lan Kakange Trisdianto.
BIODATA PENYERAT
Nama :
Thomas Dwiki Wijaya
Jenis kelamin : Laki-laki
Alamat :
Ds. Melis RT 15 / RW 07 Kec.Gandusari Kab.Trenggalek
No tlp :
085337558961
WA :
081251204706
Sekolah :
SMAN 1 DURENAN
Kelas / no.absen : XII-IPA 3 / 35
Tidak ada komentar:
Posting Komentar