SEPATU ANYAR
Ing sawijining desa ana
omah cilik. Omah kuwi mau dienggoni
keluarga sing ndak mampu. Keluarga kuwi anggotane yaiku bapak, ibu lan
anake 2. Anake jenenge Atun sing mbarep lan Zain sing paling cilik. Atun lan
Zain nduwe wong tuwo sing ndak mampu. Bapake kerja buruh tani ning sawah
kagungane tonggone. Lan ibune nerima pesenan njahit.
Kayak dina biyasane,
saben isuk ibu nyiapne sarapan. Atun lan Zain nyiapne kanggo sekolah. Bapake
ngasah arit kanggo ngarit suket ning galengan sawah. Bapak, ibu, Atun lan Zain
sarapan tela godok amarga ora nduwe duit kanggo tuku beras lan lawuh. Mari
sarapan, Atun lan Zain pamit budhal sekolah lan disusul bapake budhal kerja
ning sawah. Atun lan Zain budhal sekolah mlaku sampek 2 km. Amarga sekolahe
adoh saka desane.
Wayah mulih sekolah,
Atun lan Zain krasa kesel banget lan luwe. Amarga tas mlaku adoh lan hawane
ning njaba panas banget. Sampek omah Atun lan Zain ngucapne salam lan salim
karo ibune
“ assalamu’alaikum buk” .
“ wa’alaikum salam “ jawab ibune.
“ buk, ibuk aku luwe banget, wonten maem? “
Zain takok ning ibune.
Amarga
ora enek ibune njawab,
“ durung enek le, ibu sik durung nduwe duwit
kanggo tumbas beras lan tumbas lawuh “,
“
ngombe disik wae dik, kangge ngganjel weteng “ sambunge mbak Atun karo njupuk
gelas ning meja.
Sakwise Atun lan Zain ganti klambi,
Atun lan Zain ngewangi ibune. Atun ngewangi ibune njahit klambi pesenane wong .
“ reneo mbak, ewangana ibuk njahit klambi
pesenan iki !” . “ inggih buk “, jawabe Atun.
Atun
pinter banget njahit, mangkane ibuk biyasane ngongkon Atun ngewangi njahit
klambi. Zain sing cilik dewe, golek rambanan ning kebonan, rambanan kuwi engko
diwenehne ning wedus. Wedus kuwi uduk takane Zain nanging wedus kuwi mau takane
tonggone. Tonggone kuwi mau ngongkon Zain ngangon weduse lan engko diopahi anak
wedus kuwi mau.
Jam 3 sore, bapak mulih
saka kerja. Bapak mulih karo nggowo tela oleh saka kebonan.
“ buk, iki aku nggawa telo, godoken gawe maem
engko “ , dawuhe bapak karo ngehne tela ning ibuk.
“ inggih pak, ngriki tak oncekane gek tak
godok gawe maem engko bengi “, jawabe ibu karo nampani tela sing digawa bapak.
Sakwise
nyelehne telo, bapak langsung siram, amarga arep ngulang ngaji ning masjid
cedek saka omahe. Rasuwi ngono, Zain mulih bar golek rambanan.
“ assalamu’alaikum “, salame Zain.
“
wa’alaikum salam “, jawabe ibu.
“
wis le lek golek rambanan, ndang adus kono gek budhal ngaji karo bapak”, tambah
ibune.
“ inggih buk “, jawabe Zain.
Mari adus, Zain lan
bapake budhal ngaji ning masjid sampek bar sholat maghrib. Bar sholat maghrib
ning masjid, bapak lan Zain budhal mulih. Ning ngomah ibuk lan Atun nunggu
bapake lan Zain kanggo maem bareng-bareng.
“
assalamu’alaikum “, salame bapak lan Zain.
“ wa’alaikum salam”, jawabe ibuk lan Atun.
“ ngriki duduk gek maem bareng tela godok lek
nggowo bapak maeng “, tambahe ibuk.
Karo maem, bapak, ibu,
Zain lan atun omong-omongan kayak biyasane. Karo rodok wedi Zain ngomong ning
bapake, “bapak, kula oleh nyuwun sepatu?”,
“ emange sepatumu giniya?”, bapak ganti takok.
“ sepatuku wis rusak pak”, jawabe Zain.
“ kok wis rusak kok gae opo ae to le?”, bapake
takok eneh.
“
nggih didamel sekolah pak”, jawabe Zain karo rodok gugup.
“ bapak sik urung nduwe duwit le, suk ae yo
lek bapak wis nduwe duwit ditumbasne”, jawabe bapak.
“ inggih pak”, jawabe Zain karo rodok gela.
Sepatune
Zain wis rusak amarga digawe mlaku 6 km sabendina lan dalane sing dilewati mben
sekolah akeh krikile.
Sesuke, kayak biyasane
bar mulih sekolah Zain langsung golek rambanan ning kebonan. Wayah golek
rambanan, Zain panggah nglamun ae. Zain nglamu yen deweke kepingin sepatu
anyar. Yen dipikir-pikir bapak ora iso numbasne sepatu amarga ora nduwe duwit
lan lek ngenteni bapak nduwe duwit suwi banget. Akhire bar golek rambanan, Zain
mecah celengane sing wis dilumpukne suwi banget. Sakwise celengane dipecah,
duwit ning celengan kuwi mau kurang akeh digawe tumbas sepatu. Banjur, Zain
tuku anak pitik lan diingu sampek gedhe, yen pitike wis gedhe , kenek didol
ning pasar lan duwite yo kenek digawe tambah tuku sepatu.
Akhire pitike kuwi mau
wis gedhe, banjur pitik kuwi didol ning pasar. Sakwise pitik kuwi mau wis payu,
zain langsung budhal mulih.
Tekan
ngomah Zain ngucapne salam ning ibune,
“ assalamu’alaikum buk “.
“ wa’alaikum salam, ana apa ta le kok
mbengok-mbengok “, jawabe ibuk. Ibu njawab ngono maeng mergane Zain lek ngucap
salam karo mbengok-mbengok saking mareme oleh duwit kanggo tumbas sepatu anyar.
“
iki lo buk, aku wis oleh duwit kangge tumbas sepatu anyar “, jawabe zain.
“
Alhamdulillah, nanging ko ngendi lekmu oleh duwite le?, ibune ganti takok ning
zain.
Zain
njawab, “ anu buk, aku mau tas adol pitik ning pasar sing tak ingu dak anu kae
lo buk”.
“
yo wis, saiki duwite delekno, gek sesuk iso kog gawe tumbas sepatu anyar”, utus
ibune.
“
inggih buk, duwite tak simpen ben sesuk iso digawe tumbas sepatu anyar “,
jawabe zain karo genjok-genjok saking mareme oleh duwit.
Sesuke, zain mulih
sekolah rodok cepet, ben ndang golek rambanan bar ngono tumbas sepatu anyar.
Sakwise golek rambanan, Zain njupuk duwit ning kamar langsung budhal tuku
sepatu. Bar tuku sepatu Zain ndudohne sepatu ning ibune lan mbak Atun.
“
buk, mbak atun iki lo aku wis tumbas sepatu anyar”,
“ wah, apik dek sepatumu, aku suk yo arep
tumbas sepatu kayak takamu dik “, saurane mbak Atun karo nyekeli sepatune zain.
“ Alhamdulillah, saiki wis keturutan to le
tumbas sepatu anyar “, dawuhe ibuk.
“
inggih buk, aku suk lek kepingin apa ngono tak ngingu pitik eneh, gek di dol
ning pasar “, jawabe Zain.
“
yowis, saiki sepatune disimpen ning kamar kono gek sesuk ben iso digawe sekolah
“ , utuse ibuk.
Banjur Zain langsung
nyimpen sepatune ning kamar, mari ngono langsung adus lan arep budhal ngaji.
Rasuwi bapak mulih saka kerja, banjur Zain langsung ndudohne sepatu ning
bapake.
“ bapak, aku wis tumbas sepatu anyar “ ,
“ lah kok wis tumbas, sapa sing numbasne le?”.
Bapak takok balik karo rodok kaget.
“ iki aku tumbas dewe pak”, jawabe Zain.
“ kok oleh duwit, duwite sapa sing kog gawe
tumbas sepatu?” bapak takok eneh.
“ iki duwit saka lek ku adol pitik kae pak”,
jawabe Zain.
“
Alhamdulillah, yo ngono, isa golek duit dewe, dadine ndak ngrepoti bapake”.
Dawuhe bapak karo mesem.
Sesuke
Zain sekolah nggawe sepatu anyar. Zain nggawe sepatune sing anyar ngati-ngati
banget ben ora ndang cepet rusak. Biyasane Zain yen budhal sekolah ceker lan
sepatune sing anyar dicangking ben ora cepet suwek.
BIODATA
Nama
: Hanna Dwi Cahyaning
Alamat
: RT.32/RW.07 Ds. Prigi Kec.
Watulimo Kab. Trenggalek
E-mail
: -
No.
HP : 082140697416
Kelas
: XII IPA 3
Tidak ada komentar:
Posting Komentar