TULUNG-TINULUNG
Ing sawijining dina nalika kerja, Ridwan
nyawang kancane Yusuf kang lagi kerja nanging nglamun wae. Banjur Ridwan
nyedeki.
“Brakk!!!” Swara meja kang digeplek Ridwan.
“He Suf… dak sawang-sawang wiwit mau
kok nglamun ae ta?” Takoke Ridwan karo lungguh ning sanding Yusuf.
“Iya Rid, saiki aku lagi bingung.”
“Kok bingung ki nyapo lho Suf?”
Ridwan takok nanging Yusuf mung meneng wae.
“Malah nglamun maneh. Suf…ana apa
lho jal critaa ning aku.” Ridwan takok maneh.
“Ngene Rid…aku pirang-pirang wulan
iki nduwe utang marang Bu Ningsih sing nduwe kontrakan. Saben minggu, aku
ditakoni terus kapan lek mbayar kontrakan.” Yusuf njelasne masalahe.
“Utangmu ning Bu Ningsih akehe
pira?”
“Rp. 1.500.000,- Rid kabehe.”
“Aku lek dhuwit semono nduwe Suf ning
omah. Umpama awakmu pingin nyilih maraa ning mahku mengko bengi.” Ridwan
nawani.
“Iya Rid matursuwun. Sik dak pikire
ya?”
“Iya Suf pikiren ae dhisik.”
Banjur Ridwan lan Yusuf nerusne
pekerjaane dhewe-dhewe. Wengine, Yusuf sida mara ning omahe Ridwan.
“Tok-tok-tok… Assalamu’alaikum.” Yusuf nutuk
lawang. Banjur lawange mbukak.
“Wa’alaikumsalam… Oalah awakmu Suf.
Piye sidane? Sida nyilih apa ora?”
“Iya Rid. Aku sida nyilih dhuwitmu.”
“Yawis entenana dhisik ya, aku tak
njupuk dhuwite. Yawis mlebua Suf.”
Banjur Ridwan mlebu omah lan njupuk
dhuwite. Sawise iku Yusuf mulih lan langsung mbayar utange marang Bu Ningsih.
Wiwit kuwi, Yusuf wis malih ora
susah amarga wis dijilihi dhuwit Ridwan lan Yusuf tansaya sregep anggone kerja.
Merga kesregepane, Pak Basuki, kang nduwe perusahaan iku, omong marang Yusuf
yen dheweke arep dikontrak perusahaan kang luwih gedhe. Pak Basuki uga omong
yen sasuwine iki Yusuf kerjane nggawa perusahaane dadi luwih maju. Pak Basuki
njanjeni yen nalika kontrake ning perusahaan gedhe mau wis ramung, yusuf bakal
didhuwurake pangkate.
Wis ana nem wulan Yusuf dikontrak
perusahaan kang gedhe. Dheweke saiki wis bisa tuku omah dhewe lan uripe tansah
santosa. Banjur Yusuf bali menyang
perusahaane sing ndisik. Lan janjine Pak Basuki uga tenan, dheweke munggah
pangkat.
Nalika liwat ruangane Ridwan, Yusuf
kepingin crita pengalamane nalika ning perusahaan gedhe lan arep nyaur utange
ndisik. Nanging nalika Yusuf mlebu Ridwane ora ana ing ruangan. Let sedilut
ngono Pak Basuki yo mlebu ning ruangane Ridwan.
“Eh Yusuf…nggoleki Ridwan ta?” Pak Basuki
omong
“Inggih Pak Basuki. Ridwane dhateng
pundi nggih?” Yusuf omonge sopan
“Ridwane ora kerja Suf. Wis ana 3
dina dheweke lek ra kerja merga mbaturi ibune sing lara ning rumah sakit.”
“Ohh…ngoten ta Pak. Matursuwun nggih
Pak sampun ndawuhi kula.” Yusuf omong banjur metu nerusne pekerjaane.
Sawise kerja, Yusuf langsung tumuju
ning rumah sakit. Nalika mlebu, Yusuf weruh Ridwan lagi lungguh ning ngarep
ruangane ibune. Banjur Yusuf nyedeki Ridwan.
“Rid… Awakmu kok ra omong ning aku
ta lek ibumu ana ning rumah sakit?”
“Sepurane ya Suf… Saiki ibuku lara lan ibuku kudu dioperasi.
Nanging biaya ngge operasi ibuku gedhe, gek terus saiki aku ora ana dhuwit
pasan. Mulane aku bingung kudu piye.”
“Wista aja mikir biaya sik. Sing penting
saiki ibumu operasi. Lek masalah biaya dakewangi.”
“Matursuwun Suf. Nyuwun dongane
muga-muga ndang mari.” Ridwan omong karo mbrebes.
“Iya Rid. Aku tak balik sik ya?”
“Iya Suf. Ati-ati ya.”
Nalika bali, Yusuf tumuju menyang
kasir. Banjur Yusuf nakokake biaya operasine ibune Ridwan marang pegawai kasir.
Sawise weruh, Yusuf langsung nglunasi biayane.
Akhire dina kuwi ibune Ridwan sida
dioperasi lan operasine lancar. Sesuke Ridwan mara ning kasir arep mbayar biaya
operasi ibune.
“Piro mbak biaya operasine ibuku?”
“Namine sinten nggih?”
“Ridwan mbak, sing lara ibuku
jenenge Sulastri.”
“Kula check rumiyin pak nggih?” Banjur karyawan kasir ndilok data ning
computer.
“Ngapunten Pak. Biaya operasi ibu Sulastri
sampun lunas.”
“Mosok ta mbak lek lunas? Sapa sing
mbayar? Akue jik iki lekku arep mbayar.” Ridwan kaget weruh ngono.
“Sampun wonten ingkang mbayar Pak.”
Saka njaba Yusuf mlebu ning rumah
sakit lan papasan karo Ridwan.
“Rid… Piye operasine ibumu lancar?”
“Alhamdulillah lancar Suf.”
“Lha niki ta tiyange ingkang sampun
nglunasi.”
“Lho, masak ta? Awakmu ta Suf sing
wis nglunasi biaya operasine ibuku?”
“Iya Rid…dhikwingi aku pas nggawa
dhuwit, dadine aku mbayari pisan.”
“Ya Allah Suf… Matur suwun ya Suf
wis nglunasi biaya operasine ibuku. Mbesok lek aku nduwe dhuwit akeh tak
gantine dhuwitmu.”
“Iya Rid…ora usah kok ganti. Iki
balas budiku marang awakmu amarga mbiyen wis mbantu aku nalika aku lagi susah.”
Ridwan katon bungah, amarga ibune
sida dioperasi lan biaya operasine wis dilunasi. Wiwit dina kuwi, kalorone
padha-padha urip makmur lan padha mbantu karo sapadha-padha.
RAMPUNG
BIODHATA
BIODHATA
JENENG ; HANDY ARIS KURNIAWAN
ALAMAT : RT / RW : 02 / 01, Ds. Siyotobagus,
Kec. Besuki, Kab. Tulungagung
KODE
POS : 66275
TELEPON : 0821-8817-2492
EMAIL : handy.aris@gmail.com
PAWIYATAN:
SMA NEGERI 1 DURENAN
TATARAN : XII-IPA 3
ABSEN : 18
Tidak ada komentar:
Posting Komentar