Kamis, 16 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Oyot Pari"

                                 OYOT PARI
Pipit lan Susan lagi lungguh bareng ana ing kelas.Susan sajak mikir lan kwartir.
Pitakon Susan marang pipit”Pit piye iki? keri sesasi maneh awake dhewe ujian nasional”
Wangsulane Susan” ujian nasional iki gawenen kaya ulangan harianwae”
            Bel wis muni,kurang telung menit pak Budi guru matematika wis rawuh.Ketua kelas langsung nyiapake murid-murid.
            “Kawiwitan danga”Suarane ketua kelas sing lantang lan teges
            “Rampung” Ketua kelas marang kanca-kanca
            Pak Budi iki guru sing paling di remeni murid-murid amarga watake sing sabar lan carane ngulang gampang dingerteni
            Pak guru marang murid-murid”Asslamualaikum wr.wb”
            Wangsulane murid-murid”Waalaikumsalam wr.wb”
            Sawise iku pak Budi nerangake pelajaran matematika,kaya e Susan ora ngerti apa sing diulangake
            Susan marang pipit”Terangna bab iki?”
Wangsulane pipit”ya San…nanging tanglet ta marang Pak Budi sing  jelas”
            Pak guru marang susan “Susan,kayae awakmu ora ngerti bab iki”
            Wangsulane Susan”Inggih pak panjenengan terangne malih”
            Pak Budi langsung nerangne malih.Nanging Susan panggah ora mudheng-mudheng bab iki
            Neng atine Susan.Alah engko njaluk warah marang pipit
            Jam pelajaran matematika wis rampung.Pak Budi metu saka kelas.Susan mau ora langsung njaluk warah matematika marang pipit,nanging dolanan HP nganti ganti jam pelajaran.
Sawise iku Susan langsung kelingan kudu njaluk warah marang pipit
Pitakon Susan marang pipit”Pit Pipit,matematika sing diulangne Budi maupiye?warahana sedilut wae”
Wangsulane Susan”iya”
            Ora enek sakmenit Pipit nerangne Susan.Nanging Bu Sri Guru Bahasa Indonesia sampun rawuh. 
            Pipit marang Susan”wis engko pas istirahat wae San” wangsulane Susan “yo pit,elingna…
            Bu Sri iki nduweni watak sing sereng banget.Pelajaran Bahasa Indonesia diwiwiti,nanging murid-murid mboten enten sing mirengne.
Pitakon Bu Sri marang murid-murid” Iki kok rame emen enek apa ta jane?”
Wangsulane murid-murid”mboten enten napa-napa Bu….namung   guyon”
Pelajaran diwiwiti maneh nanging mboten enten sing mirengne,Bu Sri nganti greget
Bu Sri marang murid-murid”Sing rame metu saka kelas ora usah melu pelajaran wae”
“Inggih Bu…”wangsulane murid- murid
            Akhire murid-murid meneng kabeh,mirengne pelajaran Bahasa Indonesi.Nanging Susan mboten gelem mirengne amarga panggah dolanan HP chattingan kara kancane.Sejatine sing diulangne Bu Sri iku sing akeh metu ing soal ujian nasional
Neng atine Susan remehne ”Alah Bahasa Indonesia wae  disinauni neng omah kenek”
            Jam pelajaran  Bahasa Indonesia wis rampung.Bu Sri metu saka kelas.wayahe istirahat.
Pitakon Susan marang pipit”yo Pit tku  jajan?panggah ngarap ae”
            Wangsulane pipit“ndk san…..sik warek .Eh,San tak terangne matematika mau”
            Eh iya,kapan-kapan ae pit”wangsulane Susan
Susan kara kanca-kanca budhal neng kantin.Wonten kantin Susan kara kanca-kanca isine rasan-rasan terus.Nanging Pipit ngunaake wektu istirahat kanggo shalat dhuha,nangkana Pipit nyuwun pandanga supaya bisa ngerjaake soal ujian nasional kanthi gampang lan bisa mlebu PTN sing dikarepake.
            Bel wis muni jam istirahat wis entek,wektune pelajaran fisika.Pipit cepet-cepet mlebu kelas.Nanging susan malah mbolos neng kantin.Susan iki kara pelajaran fisika mboten remen.Sawise pelajaran fisika,Susan mlebu neng kelas.Susan ngajak kanca-kanca mulih sekolah dolan neng salah sijine pesisir ing wilayah kana ,Nanging pipit mboten purun dolan.
            Pitakon Susan marang pipit”pit nyapa sampeyan ora melu dolan?”
            Wangsulane pipit”ndk san…engko arep sinau soal soal UN”
            Susan lan kanca-kanca budhal neng salah sijine pesisir,nanging pipit langsung mulih ngarapi soal-soal UN.Sawise iku Pipit ndelok berita wonten wonten TV,ana bocah pelajar sing tabrakan kara pikep,ora liya yaiku Susan
Pipit marang Ibu”Loh Astagfirullah Bu ibu”
            Wangsulane ibuke Pipit “ana apa nduk..?
            Pipit marang Ibu “Kilo bu Susan tabrakan wonten prigi
            Wangsulane ibuke Susan”Sampeyan mau alhamdulilah ndk melu-melu dolan”
            Susan kudu diopname ana ing rumah sakit,amarga sikile patah tulang kang kudu di operasi.Sawise iku Susan ora bisa mlebu sekolah pirang-pirang dina
Pitakone Susan marang kanca-kanca”Cah ayo ngendangi Susan,sadurunge iku ayo padha nglumpukne dhuwit kanggo tumbas buah”
Wangsulane kanca-kanca “yu…Pit,engko mulih sekolah bareng bareng                                               
            Sawise mulih sekolah Pipit lan kanca-kanca tumbas buah ana ing pasar,amarga ing pasar regane bisa ditawar.Sawise iku Pipit lan kanca-kanca  budhal wonten omahe Susan
Susan lan kanca-kanca marang ibuke Susan”Assalamuaiaikum”
            Wangsulane Ibuke Susan “Walaikumsalam eh…. Kancane Susan,mlebua ndhuk”
            “inggih bu…’ wangsulane pipit lan kanca-kancane marang ibuke Susan”
            Susan metu saka kamar gawe teken
Pitakone Pipit marang Susan”Piye san…. Sikilmu wis mari?
            Wangsulane Susan”urung pit”
Sawise iku pipit ngelingne ujian nasional kurang seminggu
            Pipit marang Susan”San…tak terangne matematika sing diulangne Pak
 Budi”
“Engko bengi e San..tak chat karo sampeyan”wangsulane Susan
            Yo wis San…”Pipit marang Susan
            Sawise iku Pipit lan kanca-kanca pamit mulih saka omahe Susan.Ing wayah bengi Pipit nunggu chat saka Susan,nanging mboten enten chat saka Susan,.amarga Susan mboten kelingan.
            Ujian kurang sedina, Susan panggah mboten kelingan njaluk warah matematika neng Pipit.Ing wayah ujian nasional wektune matematika,Pipit lan Susan seje ruangan.Susan ora bisa ngarap soal lan ora bisa takon pipit.Nanging pipit bisa ngarap soal kanthi lancar lan gampang.Sawise iku ujian sampun rampung.
            Pitakon Susan marang Pipit”Pit sampeyan ora gelem ngelingne marahi matematika?…ngene  mau  ora bisa ngarap”
            Wangsulane Pipit”Loh… wis tak elingne bolak-balik,nanging sampeyan
 tetep remehne”
Susan marang Pipit”Pit saiki ora usah kanca maneh”
            Sawise langsung nyalahne Pipit.Susan krasa pancen awake dhewe tukang remehne.Dadi Susan krasa salah banget marang pipit.
            Kurang sesasi pengumuman ujian nasional wis metu.Pipit oleh nomer 2 paralel.Pipit langsung sujud syukur marang gusti allah.sawise iku Pipit langsung mulih.
            Pipit marang Ibu”Bu ibu alhamdulilah..bisa nomer 2 paralel”
            Wangsulane Ibu”alhamdulilah ndhuk….bungah atine Ibu”
            Pipit ing dina kuwi ora eruh Susan.Mangkane Pipit mbalek maneh neng sekolahan. Susan  tibake neng taman sekolah.Pipit marani Susan
            Pitakon Pipit marang Susan”Pit,nyapo sampeyan neng kene?”
            Wangsulane Susan”nilai ujian nasional elek Pit,sepurane langsung    nyalahne sampeyan ora ngoreksi apa salahe dhewe”
            Wangsulane Pipit”iya san awake tetep kanca”
            Nalika ana perkara apa wae,aja gampang nyalahne wong liya.Mangkane awake dhewe kudu bisa instropeksi,sadurune nyalahne wong liya.


RAMPUNG
                       

BIODHATA
JENENG                     ; Nanda Putri Wahyuni
URUT KAPING        : 26
TATARAN                 : XII-IPA 3
 PAWIYATAN          : SMAN 1 Durenan




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...