NYESEL SING ORA GUNA
Wengi
iku bubare adzan isya', Ardi enggal-enggal metu saka omah ora krana budhal menyang masjid nanging budhal dolan
karo kanca kancane.
"Le, awakmu arep nyandi?" Pitakone Anti sing
ora liya yaiku ibuke Ardi.
"Arep
metu karo kancaku buk"
"Apa
ora luwih becik salat disek Ar?"
"Halah
iku gampang buk, mengko wae ya bisa" Semaure Ardi sing kesusu.
Jam
wis nunjukake angka 10, nanging durung ana tandha-tandha Ardi mulih, mula gawe
Anti ora bisa turu.
"Bocah
mau dolan menyang
ngendi lo buk?" Pitakone Rahman sing ora liya bapake Ardi.
"Aku
ora ngerti pak, dheweke ora ngomong, mau wae bocahe kesusu budhal karo
kancane"
"Yowes
lah buk, enggalo turu wae, bene bapak sing ngenteni dheweke mulih"
Pangucape Rahman kanthi sabar.
Tok-tok-tok...!! "Assalamualaikum" suarane
Ardi kanthi nada sing rada loyo amarga ngantuk.
"Waallaikumsallam
saka ngendi le yahmene kok isik bali?" Pitakone Rahman sing ndedhes Ardo
nalika dheweke bali jam 12 kurang seprapat.
"Nggene
kancaku pak" Semaure Ardi entheng.
"Yowes
le iki wis wengi Ardi enggalo turu kono" Pangucape Rahman sing ora di
gubris marang Ardi.
Minggune
isuk sakwise bubar sarapan, Anti, Rahman, lan Ardi nglumpuk ing ruang tamu.
Ketarane wong tuwane Ardi arep ngomong serius ngenani Ardi.
"Le,
bapak arep ngomong, yen bapak iku wis ora kaya mbiyen. Gaji pensiunane bapak ya
ndak sepira gawe kebutuhan urip, di tambah maneh bapak ya wis lara
laranen"
"Kowe
apa tega nyawang bapak mu sing wis kaya mangkono? Ar umurmu iku wis akeh, ndak
enek salahe awakmu golek gaweyan, aja mung dolan dolan sing ndak guna" lanjute
Anti sing njelasne kahanane sak tenane.
"Pak,
buk, anakmu iki amung lulusan STM, kanggo nerusne sekolah dhuwur wae bapak lan
ibuk ora setuju" semaure Ardi emosi.
"Lulusan
STM uga bisa dadi wong sukses yen kowe gelem usaha"
"Banjur
perusahaan ngendi buk sing bisa nrima aku lan bisa mujudake angen angene bapak
kerja ing perusahaan?"
"Le,
bapak ora njaluk rena rena marang
awakmu, bapak pingin awakmu dadi wong sing kasil nanging ora lali marang wong tuwa" lanjute Rahman kanthi
rasa welas.
"Uwis
lah pak, buk. Aku dudu bocah cilik sing panggah diarahne. Ardi bakal mujudake
angen angene bapak dadi wong sukses, iku janjiku pak", pangucape Ardi yakin saka atine.
Banjur
dheweke metu kanggo mungkasi rembugane wong tuwane iku.
Bengine Ardi
mentep ing njero ati yen dheweke kudu isa nyenengake wong tuwane. Ardi mutusane
lunga kanggo golek gaweyan.
"Ar,
kowe arep nyandi maneh kok gawa tas mbarang?" Pitakone Anti sing pas
lungguh ing ruang tamu geguneman karo Rahman.
"Pak,
buk, aku arep lunga golek gaweyan. Aku ndak arep bali mulih yen aku durung dadi
wong sukses, Ardi nyuwun pandongane" pamite Ardi kanthi mbrebes eluh.
"Le
kowe ora usah lunga adoh, golek gawean menyang kene wae, banjur sapa sing arep
mbaturi ibukmu yen bapak ndak enek?"
"Bapak
ndak usah ngomong ngono, Ardi bakal nepati janji marang bapak , Assalamualaikum
pak, buk"
"Ar,
aja ninggalake ibuk le" tangise Anti lan Rahman sini ora ngrelakake anake
lunga adoh.
Naging
kabeh wis terlanjur, Ardi budhal lunga tanpa nduduohi tujuane marang wong
tuwane.
Gelise
crita, wis 2 taun anggone Ardi ninggalake omah kanggo golek gaweyan. Dheweke
sing nyambut gawe tanpa ngenal kesel saiki wis bisa dadi wong sukses.
"Dek,
aku pingin bali mulih
amarga iki wis waktune gawe aku mgabdi maneh marang wong tuwaku, aku uga pengin
ngenalne saman marang wong tuwaku", ujare Ardi marang Candra sing ora liya calone Ardi sing
wis ngancani dheweke
nalika susah nganti sukses.
"Inggih
mas Ar, aku nggih sampun siap tumut saman bali marang bapak ibuke saman",
semaure Candra.
"Ayo
saiki saman melu aku pesen tiket pesawat gawe bali sesuk isuk", pangajake
Ardi marang Candra. Ya pancen dheweke saiki bisa sukses amarga bantuane bapake
Candra sing nrima Ardi ing prusahaan sawite ing Sumatra.
Waktu
nunjukake jam 2 awan, Ardi lan Candra lagek teka ing tanah Jawa. Ardi wing ora
sabar kepethuk wong tuwane.
"Assalamualaikum
pak, buk", ujare Ardi lan Candra berbarengan.
"Waallaikumsallam",
penyaute Anti saka njero omah.
Suasana
sing maune tenang malih dadi tangis nalika Ardi sungkem ing pangkuane ibune. Banjur
Anti menehi pitakonan akeh marang anake.
"Le
piye kabarmu? Sejatine awakmu iku lunga menyang endi? Banjur sapa bocah wadon
ayu iki?
"Alhamdulillah
sehat buk, aku nyambut gawe ing perusahaan kelapa sawit Sumatra yaiku nggone
bapake Candra. Lan bocah iki Candra calon ku buk", wangsulane Ardi
njelasne marang ibune.
"Bapak
pundi buk? Ardi kangen"
Ibune sing awale
seneng amarga anake bali mulih, saiki maleh susah maneh nalika di takoni
pnaggone bapake.
"Apa
wonten kamar buk?", pitakone Ardi maneh kanthi mloka mlaku nggoleki
panggone bapake.
"Le
mrenea dilut, ibuk arep ngomong"
"Wonten
napa buk? Ardi pengin pethuk kalih bapak"
"Le
ibuk arep ngomong yen bapakmu iki mau wis genep 40 dina dheweke ninggalake
awake saklawase", semaure Anti kanthi mbrebes eluh ing pipine.
"Hahahaha,
ibuk ngejak guyon, ndak mungkin buk. Ardi mrene kanggo nepati janji marang
bapak. Bapak ndak mungkin ninggalke aku dhisik", wangsulane Ardi kanthi
nada antara susah lan bingung.
"Nalika
awakmu lunga, bapakmu larane saya nemen lan bola bali mlebu rumah sakit,
nanging dheweke panggah kuat ngenteni tekamu Ar. Nanging bapakmu wis di pundhut
marang Gusti Allah saksurunge pethuk karo awakmu", ceritane Anti kanthi
suara ora jelas amarga nangis.
"Uwis
mas, pancen wis wancine bapak di pundhut marang Gusti Allah, sampean kudu sing
sabar", lanjute Candra nenangke atine Ardi sing wis ora karuan.
"Piye
aku isa tenang dek, aku sing wis janji marang bapak arep mujudake angen-angene
bapak dadi wong sukses, saiki aku wis bisa nepati janjiku, nanging bapak wis
ningalake aku dhisik", ucape Ardi kanthi rasa susah lan nyesel banget.
Sakwise kedadeyan iku lagek isuke, Anti
ngejak Ardi lan Candra ing makam kanggo ndudohake panggone bapake sing saiki.
--RAMPUNG
Dening
Jeneng : Dwi Wulan
Fitriani
Alamat : Ds.
Bandung, Kec. Bandung, Kab. Tulungagung
Telp :
083846516922
E-Mail :
wulanfitriani102@gmail.com
Sekolah :
SMAN 1 Durenan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar