Kamis, 16 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Si Kembar"

                                                           SI KEMBAR
Mlethek e sang surya saka sisih wetan nandhaake dina iki wes isuk lan siap ngadepi kapiye lakon e urip
Brok brok ..
Dak delok pranyata barang-barang nggletak ing mester,mlayu bablas uber-uberan
“Mmmaaaarrrrryyyoottoo .. Mmmaaarrrryyaaatiii ...” Bengokane Sumi kanthi banter, amarga isuk-isuk arepe budhal sekolah wis mancing perkara
“Ya mbak.” wangsulane cekak
Sumi iku mbak sing resikan,ora demen lek barang nggletak rusuh rakaruan, sakwise iku Sumi adus lan budhal sekolah
Wis macak ayu, klambi kimpleng ,tur wangi banget ambune kaya kuburan anyar,ngancek motor lan arep cuuss budhal
Tibak e Maryoto lan Maryati durung mangkat udur perkara Maryati wegah sangu dhuwit sewunan klithik
“ana apa iki?” takone Sumi
“iki lo mbak Maryati ngijoli dhuwitku karo dhuwit klithik, aku wegah” Maryoto nyauri kanti mecucu
Maryati mbela awak e dewe, “klithikku ana papat mbak,Maryoto tak ijoli loro wae ora gelem,aku wegah mergane mengko dilokne kanca-kancaku lek sangune klithik jare kaya tas ngamen”
“Wis wis ndk usah udur arepo klithik utawo kertas ditukokne pada wae,saiki wes jam pitu kurang limolas menit ndang budhal mengko kasep”
jawab e Sumi lan budhal menyang sekolah
Uga Maryoto lan Maryati mlaku liri-lirih budhal bareng menyang sekolah.
          
Ning SMA Sumi mulih isuk lan bisa nerusne lek leren amarga tugase akeh
Ora let suwi, Maryoto lan Maryati mulih sekolah lan karo udur, sepatu siji parane ngetan sijine ngulon,kaos kaki ngalor lan sijine ngidul
Sumi eruh mbengok-mbengok lan dadi udure wong telu, rame kaya wong tawuran lan ora ana sing gelem ngalah
sakwise ibune teko nesu, nyawang  sadulran ora gelem rukun
Sumi,Maryoto lan Maryati banjur meneng wae diseneni ibune
Sakwise Sumi mlaku meneng mecucu menyang kamare
Bedhuk dhuhur ..
Uduk maryoto lan Maryati lek ora udur uduran
Maryoto sing kapenaken dlok Tv diseneni marang Maryati yen deweke kon ndang sholat
“ayo to sholat,ayooo” ajakane Maryati
“sek” wangsulane cekak
Nanging Maryati panggah ngomong wae lan nggawe Maryoto ngalah, enggal bareng-bareng wudhu, sakwise ora kaya wong tas wudhu malah-malah kaya wong adus kembloh kabeh
Mbalek maneh dlok tv
Maryoto lagek eleng tugas sekolah iku akeh banjur ngomongi Maryati lan nggrap tugase
Meskio sesok dinane minggu Maryoto lan Maryati dudu bocah sing ngundur-ngundur penggawean
Saksampune ana Paklek teka,sesok minggu lan tugas wes pada rampung Maryoto lan Maryati melu Paklek lan turu ana ing omah e mbah kakung
Sepi sunyyi lan nenangne ati
Sumi marem uga ditinggal adhik-adhik e amarga ora ana sing rame lan ngrusak i tatanan omah
Nanging soyo suwi  sepi lan bingung arep kapiye
Sumi sing awal e seneng amarga tenang ditinggal adik adik e saiki ngrasa pengen rame lan pengen diganggu
Minggu sore adhik adhik e mulih lan marani mbak e sing turon ing kamar nggawakne pelem sak kresek, gawe mbak e lan njaluk pangapura amarga Maryoto lan Maryati ngakoni salah lan Sumi ya njaluk ngapura yen wes mbengok-mbengok menyang adhik e  
Maryoto lan maryati ancen kembar sakumuran mula pemikirane padha lan ora ana sing gelem ngalah ,nanging jenenge cah cilik lek ora udur saben dinane kayata enek sing kurang,
ora kwi ae meskio ngono yen ana sing lali neng masalah apa wae mesti ngelengne lan masalah pie wae ditanggung bareng


Dening : Ayunda Nur Azizah
Urut kaping : 6
Tataran : XII_IPA 3
Pawiyatan : SMAN 1 Durenan


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...