Rabu, 15 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Widadari Tanpa Swiwi"

WIDADARI TANPA SWIWI
Dina iki mau panas banget hawane. "Suwi men pak Supir ki!" ujare Yuki anyel. Kanca-kancane kabeh wis mulih, mung Yuki dhewe sing ning sekolahan. Ora suwi, ana mobil putih mandhek. "Non Yuki wis suwi ngenteni? Macet non" takone pak Supir.
"Ayo ndang mulih wae, aku ndak betah ning kene suwi. Panas" wangsulane Yuki
Tekan omah Yuki langsung mlebu kamar. "Non, ayo ndang salin klambi gik ndang maem. Wis bibik siapne"
"Iya bik" Yuki ndang salin klambi banjur mlaku. "Bik, Mami ning endi?" takone Yuki
"Nyonya lagi nyalon Non"
"Lha Papi?"
"Tuan ya ning kantor Non, durung kondur. Dhawuhe mau ana meeting nganti wengi" sumaure Bibik
Yuki wis biasa ning omah mung karo Bibik lan pak Supir. Wong tuwane padha repot urusane dhewe-dhewe. Ora ana wektu kanggo Yuki.
Nalika arep turu, ana swara jejeritan ing njaba kamar. Yuki age-age mlaku nyedhaki. Kanyata Mami nangis. Yuki mung nyawang wae lan mikir ana kedadeyan apa kok Mami nangis lan Papi lungguh mbegegek.
"Pi, wonten punapa kok Mami nangis?" pitakone Yuki
"Ndhuk saiki cepakna klambimu. Ndang pindaha karo Mamimu saka kene" wangsulane Papi
"Wonten punapa Pi, napa kudu sakniki? Mami isih nangis Pi"
"Saiki wae ndhuk, sesuk wis ndak ana wektune. Sesuk omah iki lan sembarangane disita KPK. Papi ora salah nanging kena jebakan. Dina iki Papi disidang lan hasile dipenjara 15 taun. Sakdurunge  mlebu penjara, Papi nyuwun ing hakim pengen ketemu karo sampeyan lan Mamimu. Muga Papi isa kuat ing penjara. Age ndang pindaha karo Mamimu" pituture Papi
Mbrebes eluh ning pipi, Yuki ngrangkul Papi suwi. Nanging dheweke kudu kuat ngadepi musibah iki. "Mi, ayo mi. Wektune mung sewengi mi" ajak Yuki.
"Mami ora sanggup Ndhuk, Mami mbaturi Papi wae" wangsulane Mami.
Lha Yuki pripun Mi? Mami kudu sabar ngadepi musibah iki. Ana Yuki ing sandinge Mami"
Mami meneng sedilut banjur mlaku mlebu kamar. Piyambake kudu kuat ngadepi iki. Yuki nyepakne kaperluan ing koper.
"Pi, Yuki nyuwun pamit"
"Iya Ndhuk, ati-ati. Jaganen Mamimu". Banjur Mami nyuwun pamit ing Papi.
Yuki lan Mamine mlaku metu saka omah. Merga wis wengi, dadine turu ing emperan toko.
 Sesuke, Yuki lan Mami neruske mlaku golek kos-kosan. Ana kos-kosan cilik ing pinggir kutha, Mamine ngajak Yuki ngekos ing kono. Kanggo nyukupi kaperluan saben dina, Mami adol kringet dadi buruh umbah-umbah. Hasile mung isa kanggo mangan. Yuki pengin sekolah, nanging karo Mamine ora diolehi. Akhire Yuki pindah sekolah saka sekolah elit mbiyen. Dheweke ndak pengen Mami nanggung beban abot.
Ora krasa wis setaun iki Yuki pindah. Saben dina minggu dheweke lan Mami ngendangi Papi, iku wae yen Mami ora nyambut gawe. Nalika Yuki cethuk Papi, atine krasa kaya dijiwit. Ora ana getihe nanging nylekit. Yen disawang tenanan, saya suwi Papi saya kuru.
"Pi, panjenengan sampun dhahar? Niki Yuki mbeta sayur asem masakane Mami. Ayo pi, dimaem bebarengan" ajak Yuki. Papi bungah merga isa cethuk Yuki lan Mami. Saben ngendangi mesti gawa panganan. Masiya sederhana nanging ora kalah karo restoran bintang lima.
"Ndhuk, sampeyan sekolah piye?"
"Lancar Pi, kancane Yuki kathah"
"Ati-ati Ndhuk sekolahe, aja nganti salah kekancan
 Papi mung pesen, jaganen awakmu lan jaganen Mamimu"
"Inggih Pi"
Sesuke nalika Yuki sekolah, ana pak Satpam mlebu kelas e Yuki.
"Yukiii"
"Inggih kula, wonten punapa pak Satpam?"
" Ibukmu mrene, ana kabar kang arep disampekne". Yuki ngetut mburi mlakune pak Satpam.
"Mi, wonten punapa?"
"Ndhuk, Papi seda. Subuh mau ndhuk. Nalika Papi wudhu, tiyange kepleset lan natap tembok. Digawa ning rumah sakit wis ora ana Ndhuk". Yuki mung meneng nanging entek atine. Kawit Papi seda, Yuki kaya ora nduwe urip. Mung nglamun wae, yen ditakoni mung meneng wae.
Ora krasa wis 6 sasi, lan dina iki purnawiyata ing SMA.
"Ndhuk, sampeyan sekolaha sing duwur. Muga isa gawe Mami bungah"
"Mi, Yuki mboten purun nyusahne Mami"
"Wis ta Ndhuk, percaya  karo Mami". Ing njero atine, Yuki janji bakal gawe Mami bungah.
Yuki nerusakne kuliah ing bedha kutha, 3 sasi pisan dheweke mulih. Nalika Yuki mulih ning omah, dheweke nyawang yen Mamine pucet.
"Mi, panjenengan punapa gerah? Kok pucet?"
"Ora Ndhuk, Mami sehat kok"
"Mi, panjenengan mboten usah nyambut gawe sng abot-abot malih. Yuki bakal golek gawean sinambi kuliah"
"Aja Ndhuk, sinaua sing sregep. Mami wae sing golek biaya kanggo kuliahmu. Dadia bocah sing landhep pikir". Yuki meneng krungu pitutur e Mami. Ning ati rasane ra karuan nyawan Mami adol kriget kanggo dheweke.
Wayah Yuki mepe klambi ing njaba omah, dheweke krungu tangga-tangga gosip. "Tangga sanding omahmu kuwi lo jeng, mbendina kok budhal wengi mulih esuk. Kerja apa sakjane, anake kuliah adoh, garwane ya wis seda. Polahe kok ngono. Aku tau weruh, kuwi mlebu ning cafe remang-remang jeng".
"Wuuuh, jangan-jangan"
"Aja banter-banter jeng, mengko krungu". Yuki biasa wae krungu tanggane gosip Mami. Dheweke ora ngganceng omongane tangga. Sing penting Yuki lan Mami ora njaluk mangan ning tangga.
Dina demi dina wis keliwat, wulan taun uga ora krasa.
"Mi, mbenjing kula wisuda. Kula dados sarjana Mi. Matursuwun sampun nyambut gawe kanggo Yuki nganti dadi kaya ngene. Yuki janji bakal njaga Mami. Pokoke sesuk Mami kudu macak sing ayu"
" Yongalah Ndhuk. Mami wis tua arep dipacaki ya panggah ae ndhuk"
"Wis ta Mi, sesuk Yuki make over"
"Manut wae Ndhuk"
Sesuke acara wisuda ning universitase Yuki. Mami lungguh ing barisan nomer 5 saka ngarep. Mami nolah-noleh goleki Yuki nanging ora temu.
"Yuki nang endi? Kok ora enek ing barisan wisudawan".
Nalika Mami noleh ing panggung, piyambakipun mirsani Yuki arep pidato. Nyatane Yuki mahasiswa sing nduwe prestasi, lulus cumlaude lan dadi perwakilan mahasiswa ing wisuda iki. Mbrebes eluh mili ing pipine Mami, nyambut gawene ora sia-sia. Ana tetembungan kang trenyuh ing batin saka pidato kuwi.
"Ora perduli rupa Ibuku. Ora perduli gawean apa kang ditandangi. Ora perduli omongane wong liya. Aku tetep tresna. Ibu tetep widadari tanpa swiwi. Masiya sepisan aku ora bisa bales, nanging tetep pengen gawe Ibu bangga marang aku. Aku janji bakal terus njaga lan siyaga marang Ibu. Lan para kadang sekaliyan, sayangilah orangtua kalian selagi masih ada". Sakwise Yuki pidato, Mami krasa mumet lan semaput.
“Dokter, Mami kula gerah punapa?” pitakone Yuki
“Ibune panjenengan kena AIDS, nanging virus e durung nyebar. Niki taksih saget diilangi”.
Yuki mlongo, ora percaya yen Mami kena penyakit ngono kuwi. ‘’Mbak Yuki, Ibuke nggoleki mbak. Piyambakipun sampun sadar.”.  Yuki age-age ning kamar panggon Mami diobati.
“Ndhuk, sampeyan sampun weruh?” takon Mami
“Mi, panjenengan kok tega karo Yuki. Yen ana apa-apa ngomong Yuki mi. Yuki ora pengen kelangan Mami”
“Ndhuk, rungakna Mami dhisik Ndhuk. Mamimu iki ora isa nyapo-nyapo. Nalika Papimu bangkrut lan dipenjara, Mami bingung arep nyapo. Dadi buruh umbah-umbah mung cukup gawe mangan saben dina. Mami pengen awakmu isa sukses. Nalika Mami mlaku mulih saka mburuh, cethukan kanca lawas. Lan ditawari kerja dadi “kupu-kupu malam” . Awale Mami wegah, nanging merga dadi buruh ora isa nyukupi lan pengen weruh awakmu sukses” . Yuki ora kuat nahan tangis keprungu penjelasane Mami.
Ora usah dipikir omongane tangga, sing penting anakku sukses. Ngenani lara iki, Mami iwis weruh 4 sasi kapungkur. Mami pasrah wae, iki wis resiko kerja kuwi. Masalah iki ora diomongne merga pengen Yuki fokus kuliah wae, yen Yuki isin merga nduwe wongtua kaya Mami, ndakpapa Yuki ninggalne Mami.”
Yuki nangis sesenggukan keprungu omongane Mami. Dheweke ora nyangka yen Mami adol kringet nganti kaya ngono kanggo Yuki.
“Mi, Yuki nerima Mami apa eneke. Yuki ndak peduli Mami kaya apa, Mami tetep wongtua Yuki”. Mami trenyuh marang omongane Yuki.
“Yuki bakal njaga Mami selawase”
“Matursuwun Ndhuk”
PURNA

Dening : Lutfi Anjarwati
Urut Kaping : 23
Tataran : XII IPA 3
Pawiyatan : SMAN  DURENAN
No hp : 089612908229 atau 087764755588
Alamat  ; Ngadisuko Durenan Trenggalek


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...