Rabu, 15 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Tak Tandur Pari Jebule Suket Teki"

TAK TANDUR PARI JEBULE SUKET TEKI

Mawar wong wadon ayu ing desa Gading. Pawakane dhuwur, putih lan resik. Dheweke bisa gawe sapa wae wong sing nyawang kesengsem. Ing sawijining dina dheweke lan ibune mulih saka pasar.
Tinnnnnnnnnn ......tin........ swarane klakson mobil.
Mawar lan ibune banjur minggir.
Mobil avansa putih mandhek ning sandinge banjur kacane dibukak
“Mawar???”
“Lastri??”
“Piye kabarmu War” takone Lastri
“Alhamdulilah apik Las, saiki wis sukses ya Las awakmu isa nduwe mobil dhewe”
“Alhamdulilah War. Ayo tak barengi”
“Ndak usah Las”
“Wista rapapa War”
Akhire Mawar lan ibune mlebu mobile Lastri. Sak dawane dalan Mawar lan Lastri crita crita ngalor ngidul.
“War, btw kui sapamu? Ibumu ye?”
“Uduk Las, kui pembantuku. Ibuku lunga ning Amerika ana urusan kantor.
Ngerti saurane anake kaya mangkono Parti banjur kumebeng eluh.
“Stop Las stop wis teka ngarep omah”
“Sing endi omahmu War?
“Kui lo Las” karo tangane Mawar nyuding omahe tanggane
“Oalah kui to War omahmu. Omahmu tibake gedhe magrong magrong ya”
“heeh” saurane Mawar karo manthuk-manthuk
Mawar  lan Parti banjur medhun saka mobil.
“Suwun ya Las wis dibarengi. Sampean ndak mampir dhisik?”
“Padha padha. Ndak War kapan kapan wae. Aku iki sik ana urusan.”
“Yawis lekno ati ati ya”
“iya. Da..... Mawar”
“iya Da...... Lastri”
Mobil avansa putih mlaku ngadoh ninggalake mawar lan ibune.
Mawar lan ibune mlaku mulih. Omahe Mawar jebule mburine omah sing gedhe magrong magrong mau. Omahe cilik gek  gedhek.
Saktekane omah Parti isih kumebeng eluh.
“Wis rausah nangis. Ngono wae nangis kaya cah cilik”
“Ibu salah apa ta nduk nganti kowe ora nganggep ibu iki ibumu?”
“Salahe ngapa kok urip susah. Aku wis kesel urip susah. Aku uga isin nduweni ibu sing mlarat.
Eluhe Parti mbrebes mili, karo ngelus ngelus dadane. Dheweke ora nyangka lek anake kaya mangkono.
Sesuke Mawar maca undangan terbuka ulang tahune Arjun ing kelurahan. Undangan kuwi mau diadakake mengko bengi ning keraton. Dheweke banjur siyap siyap.
Bengine, Mawar macak ayu gawe gaun abang. dheweke wis siyap nekani pesta ulang tahun.
Saktekane Mawar ing keraton, ning kana wis akeh uwong sing macak ayu ayu. Kabeh macak mangkono kuwi mau kanggo ngikat atine Arjun.
Wetara jam 7 pesta dimulai. Arjun golek gandheng kanggo dansa. Dheweke nyawang ana wong wadon ayu ndhepis ning sandhing lawang.
“Ayo mlebua.” ajake arjun
“Inggih” saurane Mawar kanthi alus
Mawar mlebu ing keraton, banjur Mawar dijak Arjun dansa. Mawar lan Arjun dansa. Tamu undangan ndomblong weruh mawar karo Arjun dansa amarga dansane apik.
Waktu wis nunjukake jam 10 bengi. Mawar banjur bali
Arjun kesengsem karo mawar. Dheweke pingin ngejak Mawar jalan jalan.
Sesuke dheweke lan Mawar jalan jalan menyang alun alun banjur mampir ing bioskop.
“Iki awake penake nonton film apa dhik?” takone Arjun
“Sembarang mas”
“Piye lek awake dhewe ndelok film Pengabdi Setan dhik?”
“Aja. Aku wedi mas”
“Wista dhik rausah wedi, enek aku”
“Yawis mas manut”
Akhire Arjun lan Mawar ndelok film Pengabdi Setan. 
Sakwise nonton Arjun lan Mawar banjur bali. Arjun ngeterne Mawar menyang omahe.
“Ndak mampir dhisik mas?”
“Ndak dhik. Aku tak enggal enggal bali”
Ing dalan bali, Arjun kelingan yen Hpne keri neng tas e Mawar. Banjur Arjun bali menyang omahe Mawar.
Teko ngarep omah Mawar, Arjun kaget banget nalika ngeruhi Mawar nyeneni ibune. Banjur Arjun nguping ing sandhing lawang.
“Buk awakmu ki lek Arjun rene aja ngetok ngetoki yen awake dhewe wong ra nduwe”.
“Apa ra luwih becik Arjun iku ngerti kahanane awake sing sak tenane, ndhuk?
“Aku isin buk...... aku isin.”
*glodhek*
Mawar ngoleki sumber suara kui mau. Tibake ning sandhing lawang ana Arjun. Mawar wedi yen Arjun ngeruhi apa sing dheweke lakokake marang ibune.
“Wiwit kapan sampeyan ning kono mas?”
“Wis lah dhik. Aku wis ngerti kabeh apa sing kok lakoni marang ibumu. Padahal aku narima awakmu apa eneke. Aku kuciwa marang awakmu dhik.”
“Mas... aku isa memperbaiki iki kabeh”
“Yen tenan ngono awakmu kudu njaluk sepura marang ibumu”
“Sepurane ya buk aku wis nglarani atimu. Awake dhewe pancen wong ora nduwe nanging tresnamu marang aku sak dhawane dalan. Sakwalike Balesanku neng pajenengan amung sak dawane genther” kandhane Mawar karo sungkem
“Iya ndhuk rapapa. Ibu seneng yen awakmu wis nyadari kesalahanmu”
-----RAMPUNG----



Dening
Jeneng             : BERLIAN FATIMAH HARYOKO
Alamat            : Ds. Kendalrejo, Kec. Durenan,
  Kab. Trenggalek
Telp                 : 082242191441
E-Mail             : ebrel.lian@gmail.com
Sekolah           : SMAN 1 Durenan
Tataran            : XII IPA 3


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...