NGGLINDINGE RODA
Saben-saben sore ngglindingke
ban onthel, mubeng-mubeng kutha kabupaten sesambi gawa sak kotak isi jajanan goreng-gorengan lan nawak-nawakne utawa ngiderake dagangan, iku wis biasa dilakoni Siti si bocah kelas 5 SD. Karana Siti banjur nduweni watak sing jarang tinemu saka jaman wis maju ngene iki.
Dipikir-pikir bocah kelas 5 SD kuwi isih seneng-senenge dolanan mbawur kanca sakumurane,
nanging sabenere Siti ya kepingin kaya kanca-kanca liya sing biasa ngrasakake rasa seneng-seneng pas wayah sak umurane
sing seneng dolanan.
Kethul rasane nanging Siti nduweni watak sing ora petenging pikir, kemampuaning Siti bisa uga diarani mbiyantu wong tuwane merganing keadhaan ekonomi kaluwargane pas-pasan kanggo mangan sabendinane. Mbuwang rasa isin kuwi tansah kerep tilakoni Siti saben-saben ider gorengan masia kepethuk kanca sekolahane.
Dheweke rampung mulih sekolah jam 13.00 WIB, keburu mulih agi-agi
repot ing pawonan saben dinane lan wayah
jam 15.00 WIB kanggo nyepakake dagangan arep
sing diadol.
Ing sedalan-dalan ngubengi kutha hawa panas,
keringet, lan kesel kuwi wis dadi panganane saben dinane tansah pangarep kasil payu dagangan gorengan kuwi. Lakune onthel pancen digawe gremet-gremet lan mbengak-mbengok,
mengkene-mengkono sesambi nguneni
"
Gorengan … pumpung taksih
anget...goreng-gorengan . . . "
Dheweke kerep ngalami
yen dagangane isih saundhung amarga wong-wong saiki luwih pilih panganan cepet saji ning
supermarket nanging Siti mbuwang rasa getun kepati, lan nganggepake kuwi berarti
durung rejekine. Wayah ngarepne surup, tekan wong marani onthele Siti sing isih saundhung jajanan gorengan,
" Ndhuk, aku tuku jajanan gorengane kowe. Apa wae
sing isih ana??Pitakon marang Siti
sing lagi leren ana pinggir dalan
" Mangga pak taksih wonten sedanten
" Semaure Siti marang bapak-bapak
sing tuku nganggo eseman sesambi mbiyaki gorengane
" Ndhuk, kepriye kabar kaluwargamu?
"
Kandhane bapak kuwi pitakoni dening kaluawargane Siti
" lho … jenengan menawi ngertos kaluwarga kula pak? " Pitakoni Siti karo bingung
" Weh … kowe ki ora kenal aku
to ndhuk, aku iki tanggamu?
" Bapak iku semaur karo mesem
" Sinten nggih pak,
kula pangling? " Siti kebak ning jrone ati muk panggah mbatin sopo ya bapak kuwi
" Aku pak. Prap ndhuk,
pesen campur 20 ewu wae ya?
" Bapak kuwi ngenalake jenenge lan nyambi jejagongan karo pesen gorengan
" Ooh … pak. Prapto nyambut gawe ana keluar kutha. Maklum pak. Prapto kula jarang kepethuk tangga-tangga amargi repot dagang. Meniki sampun cekap gorenganipun!
" Semaure pitakon Siti lan menehne gorengan ing pak.Prapto tanggane kuwi
" yaa.. mugi-mugi tansah kasil ndhuk, yawis suwun ya nduk?
" Bapak kuwi nutup jejagongan
" Aminn … Inggih sami-sami pak.
" Semaure Siti karo ninggal esem lan nglanjutake mulih
Sawise tekan omah, nalika mlebu omah, ning meja wis ana banyu putih ing njero kendhi. Enggal-enggal ngombe banyu kanggo mbalekake kakhuwatan. Suara kenthong maghrib wis muni, dheweke mlaku ing jedhing kanggo ngresiki awak lan njalanake sembahyang. Siti Pancen anak sing nduweni semangat apa maneh nduweni tanggung jawab
sing ora bakal dilanggar.
Saben wengi dheweke mesti sinau masia awak rasane kesel nempuh pirang-pirang kilometer. Bapak lan ibune Siti sabenere prihatin
nanging kepriye maneh keadhaan kaluwargane kurang mampu, tapi Siti ora kepingin
ngrepotake wong tuwa saben-saben dheweke butuh keperluan sekolah utawa keperluan
liya dheweke mending golektambahandhewe.
Pas
bengi wayah Siti arep mapan turu ana kamar ibune
tau kandha :
" Duh cah manis,
kowe anak sing bisa mangarteni keadhaan wong tuwa.
Ibu mung bisa dedonga supaya kowe mbesuk urip mulya,
ananging bapak lan ibu tetep nyekolahke sebisa mungkin sampek jenjang sing luwih dhuwur ”Kandhane ibu marang Siti sambi
nyawang Siti nggae panyawangan
sing tulus
" Aminn … menika sampun kewajiban anak mbakti marang bapak lan ibu" Wangsulan Siti menyang ibu nganggo
basa alus
Ing saben dina, saben-saben minggu, saben-sabene wulan wektu mlaku tansah cepet tabungane Siti saka dagangane wis cukup akeh.
Siti kepingin usaha liyane sing luwih kasil utawa untung ora rekasaning dalan sabendinane, Dheweke pernah kepikiran dagang lewat
online, carane yaiku tuku barang lan diadol maneh online, nanging dheweke isih durung ngerteni bisnis online sing kaya kuwi dagangan lewat online. Ya wajar wae dheweke ya durung nduwe alat komunikasi utawa HP android sing enthuk agawe ngakses internet.
Jaman saiki bocah-bocah cilik pancen cepet mangerteni teknologi changgih, diwarai setithik wae wis
ending bisa nggunakake. Siti masia durung nduwe
HP dheweke ya cukup ngerti amarga kadhang mbawur karo kanca-kancane
sing gawenane cekelan HP,
dheweke ora nduwe rasa isin ora nduwe HP lan ra isin nuwun njaluk warah marang kancane mitakoni carane nggunakake utawa ngoperasekake HP.
Ora kerasa Siti saiki uwis kelas
3 SMP dheweke sekolah menyang SMP Budi Asih, dheweke mlebu kelas akselerasi dadi Siti sekolah tur 2 taun wae,
wektu bagi Siti kerasa cepet masia kerasa cepet ngalami akeh pengalaman lan kisah
sing ora dipingini lan dipingin.
Tansah usaha saka usahane wiwit kelas
5 SD nganti SMP ora sia-sia,
dheweke saiki wis bias bisnis
online lewat internet. Dheweke ora perlu kesel-kesel wira-wiri dodolan amung ngawasi ngenteni orderan mlebu ana ing HPne lan sakbare kuwi ngirim barang lewat Pos utawa sejenise jasa pengirim barang.
Kemampuaning Siti ing bidang jasa jual beli lumayan apik lan nguntungake dheweke banget, dheweke saiki kaperluan sekolah kadhang ora njaluk marang wong tuane.
Kerep dirasakake Siti saiki yaiku kerep turu wayah wengi
durung turu utawa begadhang amarga dheweke mlebu kelas akselerasi tugas sekolah ya wajar wae pancen akeh lan ketambahan maneh dheweke ngurusi pesenane barang menyang konsumen lewat online. Barang sing adol Siti ora luwih yaiku kebutuhan sedina-dina,
lan Siti bakalan terus ngembangake bisnis sampek bisa mbahagiakake wong tuwa loro lan ora nyusahake.
Biodhata
panyerat
Jeneng
: Hendra Raharja
Alamat
: Ds. Tasikmadu RT 06 RW 01
No
: 083846205521
Sekolah
: SMAN 1 Durenan
Kelas
: XII-A3
Absen
: 20
Tidak ada komentar:
Posting Komentar