KEKAREPAN
“Anwar budhal sekolah Mak assalamualikum”
Aku pamit ning Emak
“waalaikumsalam
le, ati-ati” saurane Emak
Aku
mancal sepedah pancalku menyang Bantengan banjur tak titipne ning omahe Pak Slamet.Pak
Slamet kuwi dodolan bakso ning ngarep omahe, wonge rodok lemu, kulite rupane
ireng, lan rambute kriting.Aku mbendina nitipne sepedaku ning omahe. Karo ngenteni
kol mesti tak sambi karo sinau,Aku
uduk bocah pinter nanging Aku bocah sregep, dadi Aku seneng maca buku ning
wektu luangku.
Akhire
kol jurusan Durenan sing tak
enteni saiki wis teka, Aku banjur mlebu ning jero, sakjane Aku pengen kol e
budhal saiki tapi jenenge kol mesthi ngenteni peumpang disik. Saya suwi kol e bek, ana emak-emak,
embah-embah, bocah sekolah lan liya-liya.Merga wis bek penumpang kol e budhal menyang Durenan,
ning pikiranku ming siji “Aku mengko mesthi kasep” tapi kui wis biasa, bendina
Aku kasep, bendina Aku mlebu sekolah kaya maling merga ora pengin konangan.
Kira-Kira 15 menit Aku teka Durenan ongkose 3000 kanggo bocah sekolah. Aku isik
kudu ngenteni bis arah Tulungagung liwat.Wektu ngene iki takgunakne maca buku, ngenteni
bis kuwi isa luwih suwi timbang ngenteni kol,
isa luwih sedilut, paling suwi isa nganti setengah jam, dina iki aku beja urung
ana limang menit bis harapan jaya liwat, Setengah mlayu Aku munggah bis banjur
lungguh.
“Karcis
baru-baru..karcis baru- baru” suwarane kernet ngiderne karcis “SMA Gondang Pak”
sauranku ning kernete, banjur tak ngehne dhuwit 3000 ning kernete. Tak terusne
anggonku maca buku karo ngenteni bis e teka gondang, saktekane ning SMA Aku
nyawang gerbang wis sepi tandane saiki wis masuk jam pelajaran.Pak Samidi wis
ning pos karo maca koran. Ora entek akal Aku mindik-mindik ning pager siseh
kulon,tasku tak uncalne mlebu. Aku ora mungkin langsung mlebu liwat gerbang ngarep Aku kudu
ngenteni bocah metu photocopy disik banjur aku isa mlebu bareng. Urung suwi Aku
ngenteni, Maryam karo Sri metu.Maryam karo Sri kuwi bocah kembar, Maryam bocahe
cendhek, rambute lurus, kulite putih kaya bocah wedok umume, untune rada
njengat, lan irunge pesek, bedha karo adike, Sri kuwi duwur, lan ayu, pokoke
raine ora mirip karo mbake.“He cah,,” Aku nyelok Maryam Karo Sri “kasep maneh
War? bendino kok kasep” saure Sri “laiya to War, kowe lagi ngenteni barengan
mlebu ta? ayo bareng Aku karo Sri” omonge Maryam“hooh cah Aku kasep maneh”
sauranku. Maryam karo Sri wis apal banget karo Aku dadi Aku ora bakal diomongne
Pak Samidi.
Ya
wis ngono kuwi sabendino angele yen arep budhal sekolah.Aku anake wong ora
duwe, tunggalku ana 5 lanange 4 wedoke 1 Aku anak sing keri dhewe mas-mas lan
mbakku wis rabi kabeh. Aku duwe kepenginan yen lulus SMA Aku pengin kuliyah
ning kutha, lan isa sukses.Bapak duwe montor 1 vespa elek olehe nukokne anake
sing disek dewe Aku ora oleh gawe montor kuwi budhal sekolah merga digawe bapak
kerja. Bapaku kerjane dodolan jamu, saiki lagi usume kapulaga.bapak biasane golek
kapulaga teles saka ponorogo, kapulaga kudu dipepe disik, bar kwi disilir ben
resik lik wis ngono kapulaga diadahi keba lan isa dikirim. Dadi yen aku mulih
sekolah aku kudu ngewangi bapak nganti sore.
Bapak
mesti ngomong karo Aku yen urip kuwi ora usah mikir adoh adoh, ya wis opo
urusane dina iki dilakoni wae sesuk piye? Yo dipikir sesuk.Aku duweni cita-cita
sing duwur yen ora dipikir kawit saiki piye? Aku saiki wis kelas 12 SMA ora
nganti 4 sasi maneh Aku lulus terus piye kelanjutane ? pitakon-pitakon kuwi mek
tak simpen wae ora tau tak ungkapne.
Dina dina tak lakoni Aku wis ora semangat
sekolah merga Bapak ora tau nyinggung kelanjutanku sekolah dadine ning
pikiranku aku ora bakal isa nerusne sekolah. Wis meh 3 minggu Aku ora sinau
bijiku praktek akhir elek-elek kabeh tapi ora dadi pikir.
Kabeh
angen-angenku isa kuliyah lan dadi wong sukses wis tak pendem jeru saiki aku
wis lulus SMA penggaweanku mung nig omah ngewangi bapak kawit isuk nganti sore,
ning endi-endi bapak kerja Aku mesthi di ajak.
Karo
mlaku Aku malih isa dagang, yen Bapak
pas ora mepe jamu Aku dodolan es lilin nig SD. Wis isa golek dhuwit dhewe kuwi
ning ati rasane marem angen-angenku saiki wis ganti aku saiki mikir piye carane
Aku isa dagang barang sing untunge luwih gedhe saka dagang jamune Bapak.
Wis
meh 4 sasi kawit aku lulus sekolah Aku ning omah lagi ngitung duwit ning omah. Tibake
dina iki Kang Ikin mulih saka Sumatra, Kang Ikin yaiku kakangku sing nomer siji
deweke kerja ning pabrik kertas sing manggone ning Sumatra uripe biyen luwih sara tinimbang Aku malah
Kang Ikin kuwi mik lulusan SMP nanging saiki Kang Ikin wis rabi lan duwe omah dhewe.
Kang
ikin mulih kuwi ora mung pengin mulih nanging karo ngongkon Aku kuliyah “war
kowe saiki wis lulus SMA, kowe kudu nerusne kuliyah” Aku mung isa nyauri iya
mergane aku wedi diseneni Kang Ikin. Sakjane saiki Aku wis ora pengin kuliah
merga Aku saiki luwih seneng golek dhuwit. Bapak ora samar isa ngragati Aku
kuliyah.
Bengi iki Aku ora isa turu merga Bapak
Karo Kang Ikin udur-uduran arepe nguliyahne Aku. “ Kuliyah piye to le,, wong Bapak
ki kerjane mik dagang jamu sejene maneh utange Bapak ning bank kuwi urung
lunas, arep kuliyah gawe dhuwite sopo” omonge Bapak. Nanging Kang Ikin panggah
manteb karo kepinginane. “pun Pak jenengan mboten usah mikir biaya,Insyaallah
Kula mangkeh Saget biayani, kampuse pados ingkang swasta mawon biayane radi kedhik
terus mangkeh padose teng Surabaya mawon dadose Anwar mangkeh saget kuliyah
kalih pados penggawean, teng Surabaya niku pados penggawean kathah dalane,
insyaallah saget Pak” omonge Kang Ikin.“ya wis le lik kuwi pinginmu, muga-muga
Adikmu isa kuliah nganti lulus, mengko Bapak tak ngewangi biayani” saurane
bapak“ Amin Pak matursuwun mbenjing Kula bidhal teng Surabaya kalih Anwar”
saure Kang Ikin “ Iya le”.saurane Bapak.
Aku
mesakne Bapak lan Kang Ikin Aku saiki malih semangat maneh”Aku ora oleh nyia-nyia
kapercayane Kang Ikin lan Bapak ning Aku. akhire bibar tes mlebu kampus Aku
ketampa ning UNTAG (UNiversitas Tujuh belas AGustus) malah Aku oleh biya siswa
merga bijiku apik.
BIODHATA PANYERAT
Jeneng
: Ahmad Fawzi Pratama
Alamat
: Ds. Sebalor RT 01 RW 02
No
: 082230230510
Sekolah
: SMAN 1 Durenan
Kelas
: XII-A3
Absen
: 01
Tidak ada komentar:
Posting Komentar