KEDADEYAN SORE KUWI
Sore
kuwi Subroto ngancani garwane sing jenenge Suminten lan putrine sing jenenge
Cempluk, blanja kabutuhan omah wulanan
ning toko swalayan. Ing njero toko swalayan jejel riyel amarga dina iki tanggal enom, ibu-ibu dikancani bapak-bapak blanja
kabutuhan omahe dewe-dewe.
“Bu,
ingkang ditumbas napa mawon?”, takon Cempluk.
“Kabutuhan
pawon lan jajan”, saurane Suminten.
“Kula mendhet jajan mawon nggih bu”, ucape Cempluk.
“Iyo,
njupuka jajan, mengko wenehna aku, banjur digawa ning kasir”, saurane Suminten.
Cempluk milih jajan sing disenengi kayata,
tempe kripik, sale, alen-alen, lan manco. Dene Suminten njupuk kabutuhan pawon,
kayata uyah, kecap, gula, teh, kopi, lan liya-liyane.
“Bu, niki jajane sampun”, ucape Cempluk
karo mara ning Suminten.
“Jajane lebokna kranjang, nduk”.
“Inggih bu”.
“Nduk, ewangana ibu milih panci”.
“Niki bu, ingkang sae”, ucape Cempluk karo
nyekel salah sijine panci.
“Iyo, kuwi aku ndhuk, pancine lebokna ning
kranjang”.
Suminten karo Cempluk mara ning kasir
kanggo mbayar kabutuhan sing wis dipilih mau.
“Niki sedaya 300 ewu bu”, ucape kasir
“Niki yatrane mbak”, ucape Suminten karo
menehne 3 lembar dhuwit rupane abang sing cacahe 100 ewu selembar.
“Niki yatrane sampun pas, matur suwun bu”.
“Nggih sami-sami mbak”.
Tanganne
Suminten lan Cempluk kabotan nggawa tas lan plastik sing isine kabutuhan omah
mau.
Metu
saka toko swalayan, Suminten lan Cempluk dicedhaki wong wadon ngemis sing
nggendhong anak cilike.
"Nyuwun
sedekah, bu", ucape wong wadon ngemis karo ngathungne tangane.
Suminten
banjur mbukak dompete lan menehi selembar dhuwit sing cacahe 1000 rupiah.
“Matur
suwun bu”, ucape wong wadon ngemis nampani duwit sing diwenehi saka Suminten,
nalika weruh yen cacahe ora nyukupi kabutuhan, Wong wadon ngemis nguncupake driji-drijine
diarahake menyang tutuke, banjur nyekel sirahe anake lan pisan-pisan meneh
dheweke mbenerne driji-drijine sing nguncup kuwi menyang tutuke. Kaya-kaya
dheweke pengen ngomong,
"Aku
lan anakku iki wis pirang-pirang dina ora mangan, tulung wenehana sedekah maneh
supaya aku lan anakku bisa tuku panganan!".
Meruhi
isyarat wong wadon ngemis kuwi, Suminten mbales isyarat karo obah tangane.
Kaya-kaya ngomong,
"Ora...
ora, aku ora arep menehi sedekah maneh kanggo awakmu lan anakmu!".
Senajan
ora menehi sedekah, Suminten lan Cempluk malah mara menyang salah sijine wong
dodolan kanggo tuku cemilan. Dene Subroto mlaku menyang ATM kanggo ngecek saldo
rekeninge, amarga upahe kerja dina iki wes metu.
Ing
ngarep ATM, Subroto nglebokake kertu ing njero mesin. Banjur mijet tombol
informasi saldo. Sakwise, metu akeh
angka sing nggawe Subroto mesem cilik. Ya, dhuwit upahe kerja uwis ning
rekening. Subroto nggeret dhuwit ing wilangan yutaan rupiah saka ATM. Pecahan
atusan ewu arupa abang saiki uwis nyeseki dompete.Banjur Subroto metu saka ATM.
Runtuh
atine Subroto nyawang ana wong wadon ngemis nggendhong anak cilike mau ning ngarep
toko swalayan. Banjur Subroto njupuk sak lembar dhuwit arupa abang uga sing
duwe cacah 10 ewu saka dompete. Dhuwit kuwi banjur dheweke lempet cilik kanggo
diwenehne ning wong wadon ngemis sing mau njaluk sedekah maneh. Subroto marani
wong wadon ngemis mau lan ngomong karo menehne dhuwit,
“Iki
kanggo tuku panganan”.
Wong
wadon ngemis weruh yen dhuwit sing ditampa kuwi 10 ewu nganthi padhang langite. Wong wadon ngemis ngucapake syukur
dhateng Gusti Allah lan ngucapake matur suwun marang Subroto karo ukara-ukara
kebak ketenanan,
"Alhamdulillah...
alhamdulillah... alhamdulillah... matur suwun pak. Mugi-mugi Gusti Allah
maringi rezeki ingkang kathah kagem bapak lan kulawarga. Mugi-mugi Gusti Allah
maringi seneng lair lan batin kagem bapak lan kulawarga. Diparingi karunia
kulawarga sakinah, mawaddah wa rahmah. Omah tangga ayem tentrem lan guyup rukun uga anak-anak sing shaleh lan shalehah. Mugi-mugi
bapak lan kulawarga uga diparingi kelungguhan sing bekti besuk neng swarga".
Subroto
ora nyangka yen dheweke bakal ngrungokake tanggepan kasebut. Subroto ngira yen
wong wadon ngemis mung arep muni matur nuwun. Nanging, apa sing diomongake
dening wong wadon ngemis iku ndadekake Subroto mesem lan bisu. Utamane nalika
dheweke krungu wong wadon ngomong marang anak cilice.
"Nduk,
Alhamdulillah akhire awake bisa mangan".
Deggg
... !!! Atine Subroto kaget banget. Ketarane wong wadon ngemis iki pancen ngarep-arep
sedekah supaya dheweke lan anak cilike bisa mangan. Sakdurunge ngalih saka
kono, wong wadon ngemis ngomong marang Subroto,
“Mangga
pak, matur nuwun angsale maringi sedekah”.
“Nggih
bu, sami-sami”, saure Subroto”.
Banjur wong wadon ngemis
lan anak cilike mlaku menyang papan panggonan warung kanggo mangan ana kono.
Subroto
isih meneng lan kaget ing panggonan kasebut. Nganti garwane lan putrine bali
maneh. Mripate Subroto saiki wis mbrebes lan Suminten ngerti yen matane Subroto
mbebes, Suminten takon,
"Ana
apa Mas?".
"Aku
sek tas nambahi sedekah kanggo wong wadon ngemis cacahe 10 ewu", saure
Subroto kanthi suara sing rada abot.
Wiwitane
Suminten ora setuju yen Subroto kandha yen dheweke menehi sedekah maneh marang
wong wadon ngemis mau. Nanging Subroto banjur nerusake ngomong,
"Dhik
... aku menehi sedekah marang wong wadong ngemis lan nalika dheweke nampa dhuwite, dheweke
bisa ngomong kanthi bola-bali lan matur nuwun marang Gusti Allah, ora mung kuwi,
dheweke ndedonga kanggo aku, sampeyan, anak-anak lan kulawarga. Dawaaaa banget
dheweke ndedonga. Dheweke mung nampa rejeki 10 ewu saking Gusti Allah, dheweke
ngucapake matur suwun banget. Sanadyan sadurunge aku weruh ning ATM dhuwit
atusan malah yutaan. Nalika aku nyawang dhuwit sakmono, aku mung meneng lan
mesem. Aku lali kanggo ngucapake matur nuwun, lan aku kelalen ngomong hamdalah.
Dhik...
aku isin marang Gusti Allah. Yen mangkono, sapa sing pantes mlebet ing swarga
Gusti Allah? Apa wong wadon ngemis kae sing nampa dhuwit 10 ewu kanthi rasa syukur
marang Gusti Allah, utawa aku sing nampa dhuwit luwih saka iku, nanging ora
ngucapake rasa syukur marang Gusti Allah ?”, Subroto mungkasi ukara kasebut
kanthi swara sing rada abot lan eluh getih putih tumetes ning pipi.
“Mas, aku wiwitane ora setuju marang
sliramu sing menehi sedekah marang wong wadon ngemis mau, nanging nalika aku
krungu yen wong wadon ngemis nduweni rasa syukur marang Gusti Allah senadyan
mung diwenehi sedekah 10 ewu, aku malih keranta-ranta. Iku ora ana apa-apane karo
upah kerjamu sewulan Mas, nanging awake ora tau nduweni rasa syukur marang
Gusti Allah senadyan wes diwenehi rezeki ingkang kathah lan halal”.
Suminten dadi lemes sawise nyadari yen dheweke ora nduweni rasa syukur
marang Gusti Allah.
“Anjo Dhik, awake wiwit saka saiki kudu eling
marang Gusti Allah sing wis maringi rezeki marang awake, uga awake kudu ngakehi
sedekah marang uwong sing mbutuhake”.
“Inggih mas, kula wiwit sakniki badhe
mbiasakne sedekah marang tiyang ingkang mbutuhake ugi eling marang Gusti Allah
ingkang sampun maringi kita sakulawarga rezeki ingkang halal”.
“Ndhuk, kowe kudu nduweni rasa welas asih marang
wong sing mbutuhake ya”, ucape Subroto marang putrine.
“Inggih pak”. Ucape Cempluk
Dhuh
Gusti Allah, nyuwun pangapunten menawi kula nglampahi sakathahing kaluputan.
Dening
Jeneng : Andini Dwi Lukitasari
Alamat : Desa Ngadisuko, Kec. Durenan, Kab.
Trenggalek
Telp : 081336803490
E-mail : andini.dwi20@gmail.com
Sekolah : SMAN 1 Durenan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar