BAPAK SING
ORA DIANGGEP
Ing sawijining desa ing dhaerah Jakarta ana sawijining
kaluwarga kang uripe sarwa kasusahan. Omahe mung biasa lan kontrakan. Saben
dina si bapak direwangi kerja buruh kuli ing toko bangunan lan garwane disambi
dadi tukang laundry. Penghasilane saben dina ora cukup. Ing kaluwarga iku ana
Pak Darmono lan garwane Bu Kalimi. Bu Kalimi saiki lagi mbobot.
Nalika lairan Bu Kalimi puput yuswa, nanging anake
isih slamet. Anake wadon lan dijenengi Sulis karo bapake. Pak Darmono atine
sedhih banget amarga ditinggal bojone. Nanging Pak Darmono isih kuat lan tetep
semangat amarga isih nduwe anak lan kudu nguripi anake. Amarga garwane seda, Pak
Darmono kerja kuli lan disambi laundry. Saben dina direwangi angkat junjung
supaya anake ora kekurangan.
Saiki Sulis umure wis 6 tahun. Ing sawijining dina
Sulis diajak Pak Darmono ngeterne laundry-an. Banjur ing tengah dalan pethuk
karo bocah-bocah mulih sekolah. Banjur Sulis mandheg lan nyawang bocah sekolah
kuwi.
“Nyapo ndhuk kok mandheg?” Pak Darmono takon.
“Pak, kapan anggonku mlebu sekolah?”, pitakone Sulis.
“Sabar ndhuk, sedhela maneh awakmu mlebu sekolah, ayo ndhuk
mlaku maneh, iki sing kudu diterne isih akeh”, wangsulane Pak Darmono.
Sawise ngeterne laundry-an Pak Darmono lan Sulis
mulih. Teka ngomah Pak Darmono langsung lenggah ing kursi ngarepan. Pak Darmono
walang atine amarga mungkin dheweke ora bisa nyekolahne Sulis. Penghasilane
saben dina mung bisa kanggo mangan lan mbayar kontrakan. Akhire Pak Darmono
nduwe tekad pengin adol kringet menyang Malaysia supaya Sulis bisa sekolah.
Pak Darmono arep budhal lunga menyang Malaysia lan
anake dititipne menyang sanak sadulure yaiku adhine ibune jenenge Bu Salamah.
Pak Darmono nitipne anake lan ngongkon Bu Salamah kanggo nyekolahne lan njaga
anake. Apa kang dibutuhake Sulis kudu dituruti lan gajine bakal dikirim menyang
Bu Salamah. Bu Salamah siap ngopeni Sulis. Sakdurunge pisah karo Sulis, Pak
Darmono ngomong.
“Ndhuk, Bapak pisah karo awakmu kuwi dudu ora sayang
karo awakmu. Bapak pengin awakmu sekolah lan nduwe penggawean sing apik. Yo wis
ndhuk, bapak arep budhal, dongakna slamet lan sehat kewarasan.” dhawuhe Pak
Darmono.
“Nggih pak. Aja lali karo aku, Pak”. Wangsulane Sulis.
Nalika kerja ing Malaysia, saben akhir wulan Pak
Darmono mesthi ngirim dhuwit marang Bu Salamah. Saben minggu mesthi telpon
marang Bu Salamah pengin weruh keadaane Sulis. Dheweke pengin omong-omongan
karo Sulis nanging ora bisa amarga sekolah dene Pak Darmono repot kerja esuk
awan bengi.
Sulis saiki wis bisa sekolah lan samubarangane sarwa
kacukupan. Nanging ing atine nesu marang bapake. Sulis mikir apa bapake lali
marang dheweke lan ora kepengin pethuk maneh. Tambah dina, tambah minggu,
tambah wulan, tambah tahun, Sulis tambah anyel marang bapake.
Sekitar 20 tahun Pak Darmono kontrak kerja, lan
sedhela maneh bali.
Sulis kalebu wong sing jembar polatane, mula iku Sulis
bisa dadi pejabat lan bisa nduwe omah dhewe. Dheweke urip dhewe ora gelem awor
Bu Salamah. Dheweke ora gelem awor amarga gengsi, pejabat kok uripe ning omah
biasa. Saya suwe, Sulis saya sombong.
Akhire Pak Darmono mulih, tekane omahe Bu Salamah, Pak
Darmono ora pethuk karo Sulis, amarga Sulis wis pindhah. Banjur Bu Salamah
menehi alamate Sulis. Pak Darmono pamitan lan langsung pinuju menyang alamat
kuwi. Sawise pethuk alamat kuwi, Pak Darmono ora yakin yen iku omah Sulis
amarga apik. Banjur Pak Darmono thothok-thothok lawang lan salam. Banjur Sulis
mbukak lawang.
“Ndhuk, aku iki bapakmu, bapak kerja 20 tahun ning
Malaysia kuwi kanggo awakmu”, dhawuhe Pak Darmono.
“Halah, bapak ngapusi. Bapak menyang Malaysia amarga
bapak ora sayang karo aku lan pengin golek bojo maneh. Rong puluh tahun bapak
lali karo aku. Saiki bapak pengin bali karo aku amarga saiki aku wis sugih dene
bapak mlarat, bapak pengin golek penake.”, wangsulane Sulis karo nesu.
“Ndhuk bandha iku mung sawetara lan bisa ilang. Yo wis
ngene wae ndhuk, yen kowe wis ora demen karo bapak, bapak tak mulih ning
kontrakane bapak mbiyen.” Wangsulane Pak Darmono karo rasa sedhih.
“Aja pak, mengko lek sampeyan urip dhewe, aku dikirani
wong-wong sekitar lan kanca-kancaku anak sing durhaka ora gelem ngabekti marang
wong tuwa. Bapak oleh turu kene asalkan ora rena-rena karo aku.”, wangsulane
Sulis karo kapeksa.
Banjur Pak Darmono diterne menyang kamare. Pak Darmono
nduwe oleh-oleh kanggo Sulis lan durung sempat ngewehake. Banjur Pak Darmono
menyang kamare Sulis.
“Ndhuk, iki bapak nduwe oleh-oleh kanggo awakmu”,
pangucape Pak Darmono.
Oleh-oleh
kuwi mau karo Sulis ditampek.
“Aku ora pengin apa-apa saka bapak,
aku wis nduwe kabeh, bapak menehi oleh-oleh ning aku supaya aku gelem karo
bapak. Saiki bapak ngaliha saka omah iki, aku wis ora betah karo Bapak.”, Sulis
anyel.
Sulis nduwe kanca lanang lan Sulis
demen. Nanging bapakke weruh yen bocah kuwi ora nduwe budi pakarti. Sulis
diomongi bapakke lan ora percaya.
Ora let suwe, Sulis kapusan.
Bandhane ilang kabeh, dheweke langsung ambruk lan digawa menyang rumah sakit.
Pak Darmono weruh kabar ning TV yen ana pejabat diapusi kancane lan saiki ning
rumah sakit, ternyata iku anake. Pak Darmono saben dina ndeleng keadaane Sulis
nanging saka adohan amarga wedi konangan.
Dina iki Sulis metu saka rumah
sakit, Pak Darmono pengin ngajak anake mulih, dheweke ngenteni ing ruang
tunggu. Banjur Sulis metu.
“Ndhuk, ayo mulih ning omahe bapak”,
Pak Darmono ngajak.
“Ogah, aku anyel karo bapak, aku ora
pengin nyawang bapak maneh”, wangsulane Sulis kang isih nesu.
“Ndhuk, kowe bakal nyesel yen bapak
wis ora ana”, wangsulane Pak Darmono karo nangis.
Banjur Pak Marno mlayu metu saka rumah sakit karo
nangis. Kedadeyan iku diweruhi dening kancane kerja Pak Darmono ing Malaysia
jenenge Pak Bari. Banjur Pak Bari nyritakake sing sabenere. Sulis nyesel lan
ora bisa mbendung tangise. Sulis wis ora nduweni sapa-sapa maneh. Banjur Sulis
mburu bapake lan njaluk ngapura. Pak Darmono ikhlas ngapurani lan Sulis akhire
urip karo Pak Darmono ing omah kontrakan mbiyen, urip saeneke.
BIODHATA
PANYERAT
Jeneng : Arief
Hidayatulloh Afhami
Alamat :
RT02 RW01 Dsn.
Tugu Ds.
Soko, Kec. Bandung, Kab. Tulungagung
Telp : 081335616041
Sekolah : SMAN 1 Durenan, Trenggalek
Tataran :
XII IPA 3
Urut kaping : 04
Tidak ada komentar:
Posting Komentar