Kamis, 16 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Ulat Madhep Ati Karep"

Ulat Madhep Ati Karep

   Saben manungsa mesthi nduwe kepinginan tumrape sawetawis kahanan. Gumantung niat sing ngawali lan cara mujudake sing mungkasi kepinginan kuwi mau dadi kanyatan. Tumrape para siswa kelas XII SMA nduwe kepinginan isa nerusake kuliah iku wis mesthi, apa maneh yen entuk beasiswa. Nanging kepriye carane supaya kepinginan kuwi mau dadi kanyatan? Gampang apa angel ya? Pitakonan mangkono isa kajawab dening para murid kelas XII SMA dhewe-dhewe.
Asri, salah sawijine murid kelas XII IPA, SMA BAKTI NUSA sing kebak kepinginan nerusake kuliah senajan dheweke kalebu wong biasa. Putrine Bapak Ali lan Ibu Ningsih menika pancen awit cilik nduwe watak pantang menyerah. Senajan ta dheweke anake wong biyasa nanging dheweke tetep duwe kepinginan migunani tumrap liyan. Nalika wis lulus SMA, Asri pingin nerusake kuliah jurusan kedokteran.
Lair ing desa sing terpencil nuwuhake atine kanggo mbantu kesehatane para warga sing wis prihatin banget. Anggone nyawang ora nganti tekan ati. Merga kuwi dheweke duwe kepinginan yen wis kasil anggone kuliah, Asri kepingin migunani tumprap tanah kelairane.
Sore iku Asri ana ing ruang tamu lan ibuke lagi ana pawon.
"Ndhuk Asri mrenea sedela arep dakkongkon" ,panimbale ibuke Asri saka pawon. "Inggih kula, Buk. Wonten menapa ?" ,wangsulane Asri. "Iki lo ibuk arep gawe teh lha kok entek gulane. Jajal metua sedilut tuku gula ning tokone Bu Lastri."  "Inggih buk, pundi yatrane kula tumbasne gendhis ?"
     Banjur Asri mlaku menyang tokone Bu Lastri.
"Tumbas...tumbas..." ,panyeluke Asri ing tokone Bu Lastri. "Inggih sekedap....tumbas napa? Eh Asri, tumbas apa Ndhuk?" ,wangsulane Bu Lastri.
"Tumbas gendhis setunggal kilo, Bu."  "Oh iya iki nduk gulane, regane sepuluh ewu." ,wangsulane Bu Lastri. "Inggih matursuwun. Niki Bu yatrane." ,wangsulane Asri sinambi menehne dhuwite. "Iya padha-padha. Sajake sore-sore kok tuku gula, Sri? Arep gawe apa ?", pitakone abu Lastri. "Niki lo Bu kula diutus ibuk tumbas gendhis amargi ibuk badhe ndamel unjukan teh." ,wangsulane Asri. "Ngene nduk..aturna ibukmu anggone gawe teh aja akeh-akeh gulane. Merga wingi aku keprungu kabar ing TV yen penyakit diabetes disebabake pola makan sing kurang trep, utamane kakehan panganan legi-legi."
     "Inggih leres niku, Bu. Tepakan wingi kula sinau bab niku ning SMA." "Owalah njupuk jurusan ipa nduk Asri. Tepak wis pokoke..gik ndang bisa dadi ahli kesehatan nduk. Supaya desa iki ana sing menehi pangerten ngenani penyakit-penyakit mangkono." "Hehe..inggih Bu menika kula nggih taksih nyobi mangerteni bab ngoten niku. Pangestunipun panjenengan kula suwun, Bu. " ,wangsulane Asri.
     Sawise teka omah, Asri enggal-enggal menehake gula kae mau ing ibuke sing ngenteni ana pawon. "Buk niki gendhisipun setunggal kilo nggih?"
"Iya ndhuk sekilo...Ana ngapa ta nduk kok suwi anggonmu tuku gula iki mau ?" ,pitakone ibuke. "Niku, Buk..wau Bu Lastri mekas menawi ndamel teh gendhisupun ampun kathah-kathah amargi njalari penyakit diabetes, Buk.." ,wangsulane Asri. "Oalah iya nduk, bakal dakeling pituture Bu Lastri"
    Bengine wayah sinau ing kamar, Asri meneng sedhela mikirne omongane Bu Lastri mau. Dipikir-pikir pancen ora salah dheweke duwe kepinginan dadi dokter amarga meruhi penyakit ing Indonesia iki sing ganas-ganas. Omongane Bu Lastri mangkono nambahi semangate anggone Asri sinau.
   Dadi murid kelas XII SMA pancen kudu luwih sregep anggone sinau. Lan ningkatne pakulinan seneng maca. Saben wayah istirahat, Asri mesti menyang perpustakaan sarana maca buku utawa ngampil buku kangho diwaca ing omah. Nalika maca, ana sawijine kancane Asri sing jenenge Bendu uga lagi ana perpustakaan. Dheweke pancen diutus Bu Ani nggarap tugas kanggo hukuman amarga telat melbu kelas.
        "He Asri buku apa sing kowaca kui ? Judule kaya dokter" ngono? " ,pitalone Bendu. "Iya bener, aku maca buku ngenani dadi dokter sing sukses." ,wangsulane Asri. "Eh kowe kepingin dadi dokter, Sri? Hahaha.
..mustahil kelakon" ,pangenyeke Bendu. "Lha apa salahe kepinginanku, yen due niyat sing tulus lan usaha sing tenanan bakale rakya kasil, Ndu? " ,pitakone Asri. "Halah dadi dokter ndak penak, mbendina weruh getih. Hiiii.." ,wangsulane Bendu.
     Amarga Asri wegah debatne prakara sepele kuwi mau, dhewekw banjur metu saka perpus ngampil bukune perpus wae lan bablas mbalik ing kelas. Asri wegah nanggepi omongane Bendu iku jalaran dheweke ngerti yen Bendu iku akeh omonge lan akhire bisa ndadekae prakara gedhe.
Bel mlebu jam ke-5 wis muni, para murid enggal-enggal mlebu kelase dhewe-dhewe. Wektu kui kelase Asri diwulang BIOLOGI dening Bu Ani. Anggone ngematne bab biologi kanthi tenanan nganti Asri nglamun.
      "Ndhuk Asri..Sri..Asri..." ,panimbale Bu Ani. "Eh inggih, Bu..wonten menapa?" ,wangsulane Asri. "Endak lo..nyangapa sajake kawit mau awakmu nglamun wae. Apa sing koangen-angen, Sri?" ,pitakone Bu Ani. "Oh inggih Bu, ngapunten kula wau angen-angen ngenani babagan ingkang Bu Ani wucalaken" ,wangsulane Asri. "Eee..dakkira lek angen-angen liyane. Yauwis saiki jajal terangna ing ngarep apa wae sing dakulang iki mau" ,pangutuse Bu Ani.
      Banjur Asri nerangake kanthi gamblang apa sing diulangake dening Bu Ani. Awit dheweke pancen wis sinau bab kuwi sadurunge.
      Bel mulih wis muni, kabeh murid padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Uga Asri, teka ngomah banjur ngewangi ibuke nggarap jahitan klambi sing wis dadi pesenane para klien. Bu Ningsih pancen tukang jahit klambi, nanging kepingin anake bisa luwih dhuwur derajate kanthi ndueni ilmu sing migunani kanthi sekolah dhuwur sampek kasil cita-citane. 
     Sinambi njahit klambi, dene ibune nggambar pola klambi. Ing ruang tamu sore iku amung ana Asri lan ibuke, amarga bapake Asri nyambut gawe ana Surabanya lan mulihe sewulan pisan.
     "Ndhuk Asri, rencana mari lulus SMA arep nerusake kuliah ana ngendi? Jare kepingin njupuk jurusan kedokteran?" ,pitakonane ibuke Asri. "Asri kepingin kuliah dhateng kedokteran UNAIR, Buk...fakultas kedokterane mrika sae uga ngasilne dokter-dokter ingkang sukses. Lintune niku..panggenanipun celak kaliyan nyambut damelipun bapak." ,wangsulane Asri. "Yauwis yen mangkono ibu setuju.
     Ing Surabaya awakmu bisa diendhangi bapakmu yen ana apa-apa uga bisa rembugan karo bapak. Ibu ndhukung lan amung bisa ndungakne muga bisa ketampa ing UNAIR lan kasil cita-citamu kui. Siji pesene ibuk..aja nganti lali karo tanah kelairanmu iki. Yen wis sukses, balia ing desa iki lan terapna ilmu sing wis koangsu menyang warga desa iki ya, Sri." ,pituture ibuke. "Inggih Bu..Insyaallah selawase Asri bakal eling pituture ibuk." ,wangsulane Asri.
       Awit oleh dukungan saka kaluwargane, nambahi semangate Asri anggone sinau kelas XII. Saben ujian dilewati kanthi sabar lan tlaten. Bijine uga apik-apik terus. Mula anggone arep daftar SNMPTN dheweke wani, ditambah dheweke due sertifikat juara olimpiade kedokteran ing UNAIR.
      Ora let suwi, pengumuman SNMPTN metu. Hasile Asri ketampa ing fakultas kedokteran UNAIR lewat jalur undangan kuwi mau. Alhamdulillah... dheweke ketampa uga kanthi jalur bidikmisi. Kabar kuwi mau banjur didudohne menyang ibuke.
" Buk ibuk..ibuk..." "Hee..ana ngapa ta ndhuk kok sajake bungah banget?" ,pitakonane ibuke. "Niki lo buk...pengumuman SNMPTN sampun medal. Kula ketampi dhateng fakultas kedokteran, Buk. Ditambah kula angsal bidikmisi. Dados biayanipun kuliah mboten usah bapak ibuk penggalih." ,wangsulane Asri. "Alhamdulillah..matursuwun Gusti.....Akhire apa sing kokarepake diijabahi Gusti Allah ya, Sri. Muga-muga anggonmu kuliah ing Surabaya lancar." ,wangsulane ibuke.
       Sakabehe kedadeyan awit daftar ulang, ospek, lan sakabehe rerangken kegiatan kuliah dilakoni Asri kanthi tenanan. Masiya oleh bidikmisi, bapake tetep aweh sangu marang Asri. Sangu saben wulan kuwi ora dihambur-hamburne. Sangu saben wulan iku digawe mbayar kos-kosan, dene sisane dicelengi dening Asri.
     Asri kuwi pancen bocah sing sregep tur gemi. Pait gtire urip ing kosan dilaloni kanthi sabar. Patang taun wis dilakoni. Ora krasa, dheweke arep diwisuda dadi dokter. Bapak Ibuke uga sanak kadang padha mara lan melu bebungah amarga apa sing dadi cita-cita Asri lan kaluwargane kalaksanan.
     Sawise wisuda dheweke diangkat dadi dokter lewat tes-tes sing wis dilakoni ing rumah sakit. Alhamdulillah Asri diangkat dadi dokter ing salah sawijine rumah sakit cedhek desane. Sesuai karo janjine marang ibuke, Asri bakal ngabekti marang tanah kelairane, kanthi nglayani kesehatane masyarakat ing Desa Kembang Asri. Klinik iku dibuka nalika Asri mulih dinas.
      Sore kuwi dheweke digawe kaget karo pasien sing sajake Asri kenal. Tibake pasiene iku kancane Asri ing SMA yaiku Bendu. " Loh Bendu..iki Bendu kancaku SMA kae?" ,panyeluke Asri. " Asri..iki Asri aing mbiyen iku ta?" ,wangsulane Bendu. " Iya Bendu. Iki aku, Asri kancamu ing SMA Nusa Bakti iku lo. Kepriye kabarmu saiki, Ndu ?" pitakonane Asri.  "Hmmm ngene iki, Sri. Sadurunge aku nyuwun sepura marang sliramu. Mbiyen aku tau ngelokne kepinginanmu dadi dokter. Eeee..lha saiki aku kena karmane. Uripku dakgawe males-malesan, mula saiki aku sering lara." ,wangsulane Asri.
      "Wis wis ndakpapa..aja dibahas sing mbiyen iku. Saiki sing dibahas laramu iku, Ndu. Geneya sajake pucet banget sliramu kaya kurang darah ?" ,pitakonane Asri.  "Iya, Sri pancen aku sering klemun-klemun. Lara iki uga wis suwi kedadeane. Aku kepingin mriksakake lara iki ing rumah sakit nanging biayane sing ora enek." ,wangsulane Bendu. "Ngene, Ndu...lek awakmu gelem..sesuk periksa ana rumah sakit anggonku nyambut gawe. Dene biaya ora usah dipikir, iki dakgawekne rujukan kanggo sesok ing rumah sakit. Sesok langsung nemoni aku wae." ,tanggepane Asri. "Atimu pancen sae, Sri. Matursuwun ya, Sri. Aku gelem, aku sesuk arep menyang rumah sakit kuwi." ,wangsulane Bendu.

RAMPUNG
     



Dening:
Jeneng        : Dzainatul Istikhomah
Alamat        : Ds. Durenan Rt. 03 Rw.02 , Kec. Durenan ,Kab. Trenggalek
Telp.          : 083851321625
Sekolah       : SMAN 1 Durenan ,Trenggalek
Tataran kaping : XII IPA-3
Urut kaping    : 15 
E-mail.        : dzainatulistikhomah200999@gmail.com
    





  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...