Kamis, 16 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Bebek Ireng"

BEBEK IRENG
                Lala ngadhek,nyawang ayang – ayange ing kaca lemari.Suwe, kira –kira 10 menit . Mung nyawang , mrengut, nyawang , mrengut wae kawit mau.Cah enom umur 17 taun iku nyiwir rambute kang nutupi bathuke,banjur ngunggahne kaca mripatekang mlorot tumeka pucuk irung.                                                                                                  Dheweke mesem kecut.Pirang – pirang dina iki ya mung iku rituale ruti sak durunge turu.Krasa cilik ati amarga sing isa disawang ing kaca ya panggah iku – iku wae.Cah enom cilik endek tur gendut,kang pakulitane ireng kusut ditambah kukul – kukul sak gedhe jagung.Pawakan lan praupan kang ora enak disawang                              Ing jaman sak iki ,wayahe ing ngendi – ngendi produk pemutih lan pelangsing njamur ,kanthi model – model kang ayu ,dhuwur ,putih lan manis ,sapa sing gelem ngelirik bocah ireng , elek, gendutkaya dheweke?                                                                 Pengene dina iki lala mung turu lan ngenggremi omah.Nanging dheweke kadung nyemayani kancane mbaturi blanja ing toko klambi.Pikirane saya sumpek kapeksa .Lala banjur nyaut tas lan jakete,banjur ngalih saka ngarep kaca, ,sakwuse mengut sepisan maneh.                                                                                                 Lala lungguh ing salah sawijine bangku kang ana ing kafe cedhake area mall,ngrnteni kanca – kancane kang wus semayanan bakal tuku klambi bareng.Ing ngarepe wus ana sepiring salad lan jus lemon kang isine kari separu.                              Limalas menit sak wuse, kancane teka ,nggawa tas kertas isine iwak goreng lan kentang goreng .Lala mung mesem sedhilut , banjur nerusake anggone mangan . Rumangsa kesel lan iri marang Mayang,kancane kang isa kepenak mangan iwak lan kenthang goreng tanpa wedhi lemu.                                                                                               “ Metro iki mau cuci gudhang ,lho La.Ora kepingin tuku pisan ?”Mayang takon marang Lala.Metro iku salah sawijining toko klambi kang wus kuncara ing kuthane kene.Lala mung godhek – godhek cilik, ora sumaur marang pitakone Mayang.                   “ Awakmu kena apa,ta La ? Pirang - pirang dina iki tak sawang kok kaya susah? Ora gelem guyon kaya mbiyen maneh .Apa sing kok pikirne? “takone Mayang alus,ngendekake olehe mangan kentang goreng                                                                       Kowe ora ngerti rasane dadi aku Yang .Piye rasane dadi wong gendhut lan ala rupane ! Bathine Lala, nanging dheweke ora nglairake amarga iki panggonan rame .Ora gelem dadi dhelengane wong liya , mula Lala mung mesem kecut, godhek – godhek, banjur nerusake olehe mangan                                                                                                Dina iki Lala diutus ibune mapak dulure kang bali saka luar negeri ing bandhara.dheweke wis nunggu ana ing bagian arrival kira – kira setengah jam. Nanging kang ditunggu ora kethok .Saktemene Lala dhewe wis lali piye rupane Naya , mbak ponakan kang jarene ibu mbiyen dadi kancane nalikane isih cilik .Mula Lala rada       was – was yen Naya ing cedhake.                                                                                   Jebulna tenan .Wong wadon kang lungguh ing sandinge ana 10 menit mau Naya       “ Nngapunten , panjenengan napa ingka asmi mbak Lala?”pitakone marang Lala, alus tur sareh. Lala manthuk sepisan,banjur kaget.                                                       “Naya ?!”                                                                                                                        “He?!”Naya padha kagete.Kekarone rangkulan lan ngguyonioleho padha – padha ora weruhe.                                                                                                              Naya wus berubah .Mbiyen nalikane isih cilik seumurane Lala  ,dheweke bocah kang pecicilan ,koproh lan nakal.Nanging sakwuse bali saka olehe sekolah ana ing luar negeri , Naya marai Lala pangling .Dheweke dadi ayu. Pakulitane kuning resik . Dhehdeke dhuwur , langsing ,rambute ngembang  bakung. Mripate bening tur blalak – blalak .Wajahe resik tanpa kukul lan flek. Nanging sing paling marai Lala kaget ,sikile tengen wus ora ana .                                                                                                       “Umurku nalika iku isih sepuluh taun .Rong taun sak wuse pindah saka kene . Aku ketabrak bis .Lan sikil ku kelindhes ban mburine bis iku.Lulange ajur remuk , mangkane dokter ngamputasi  sikilku.Mulane aku ya sedhih .rasane wis ora pengin urip maneh .Mati wae kepenak .Nanging aku sadar yen aku panggah ngono ae,uripku bakal sengsara .Aku isih dhuwe ibu lan bapak kang trisna marang aku .Aku belajar narima .Geneya gusti allah isih paring slamet lan kewarasan.”Naya mesem,ngelirik marang Lala kang nyetir mobil ing sandhinge .Lala banjur bali mesem.                                         Rumangsane isin.Amarga ora tau nyukuri kahanane kang isih sehat ,awake kang jangkep .Isa mangan kepenak, awak kang lumrah ,normal kaya wong umume, nanging panggah ora narima marang kahanane rupane.                                                                    Dheweke sadar yen dibandingne Naya ,dheweke luwih untung .Mung butuh usaha lan kesadaran berubah supaya bisa ayu kaya Mayang lan Naya.                              “ Nek omah  Ibune ngenteni suwi banget nganti bingung , endi Lala lan Naya ya urung teka – teka ?wus ana pirang – pirang jam kok durung teka bocah iki ”.Bathine ibune Lala kanti susah.                                                                                                     30 menit sakwuse Laka lan Naya teka . Lala lan Naya mudhun saka mobil , ngedhokne koper lan tas ransele . Dheweke  salaman karo ibune Lala ana ning empere omah. Ibune Lala pangling Naya saiki dadi ayu ,nanging Ibune Lala ya  kaget weruh sikile Naya ilang sesisih.                                                                                                            “Naya ,kapriye kabarmu , sehat?Nanging nyang apa sikilmu ya mung karek siji?” pitakone ibune Lala alus lan setengah kaget.                                                                       “kula kecelekaan,ketabrak bis,suku ingkang setunggal keplindhes ban bis .kula nggih sampun sehat lan sampun narima menawi suku kuala ingkang setunggal diamputas”.jawabe Naya karo yakine ibule Lala.                                                                   Naya lan Lala  mlebu omah,Naya  lungguh ing salah sijine kursi ana ing ruang tamu.Dheweke nemokake photone cilikane karo Lala, banjur kelingan menawa  nalika isih cilik dheweke kerep dolan ing omahe lan  pecicilan ana ing ruang tamu omahe ibune Lala. Griyane ibune Lala ya panggah ora ana sing malih, Naya bakalan betah lan seneng banget isa nginep ana ing omahe ibune Lala. Suwine rong minggu ,amerga sekolahe ya libur.                                            
RAMPUNG










BIODATA PANYERAT
            Nama:Rizza Wahyuning Putri
            Alamat:Ds. Baruharjo,RT:03/RW:01,Kec.Durenan ,Kab:Trenggalek
            E- mail:rizzaputri99@gmail.com
            Sekolah:SMAN 1DURENAN
            Kelas:12 ipa 3

            Absen:31 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...