Kamis, 16 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Jerit Ing Wayah Maghrib"

JERIT ING WAYAH MAGHRIB
Sidane sing diarep arep teka tenan sawise maghrib. Mulihe Hardiyanto iki sengaja ora nggawa perlengkapan apa-apa, kejaba gelathi kang tansah sumlempit ing bangkekane, aja ketemu bakul sayur tanggane sing kandha yen dheweke diarep-arep supados bali amarga emboke lara nemen ngono, dheweke ora ngarah gelem bali. Ya, liwat bakul sing ngandhani iku, dheweke banjur meling  yen bengi iku bakal mudhun, sawise nyerahake tugas. Tugase lan aweh pituduh marang wakil lan mitra-mitrane.
“ Jare lara nemen mbok, kathik katon seger bae?” pitakone sawise mlebu omah lan nyawang yen mboke ora apa-apa.
“ Iya. Cucul-cucul lan ganti dhisek Har”
Sing  dikandhani ora mangsuli. Klambi drill ijo sing wis luntur ijone, diuculi terus dicantholake ing saka. Dheweke terus menyang sumur adus.
“ Embokmu kangen banget Har” . Kandhane bapake sawise padha lungguh ngadhep meja tengah omah mburi.
“ Ngono kok jare simbok lara nemen, ta pak. Kamangka kahanan tambah gawat ngene. Tenaga lan pikiranku dibutuhake dening perjuangan kanggo mempertahanake kemerdekaan sing wis dikumandhange” wangsulane Hardiyanto.
“Lha yen ora tak akal ngono kowe tangeh lekmu gelem mudhun. Karodene kowe ngerti yen kahanan tansaya gawat ngono, apa isih arep tetep blusukan terus-terusan turut ngalas?” kersane bapak.
“ Perjuanganmu bebasan timun musuh duren, Har. Apa landheping pring wuluh sing mung kairing bedhil-bedhil karaten iku nandhingi pasukan landha sing gegamane sarwa lengkap lan modern? Iku dudu tandhingane Har “.
“ Pak, kanggone para pejuang ora bakal miris ngadhepi mungsuh senajan nggawa gegaman kang lengkap. Semangat lan tekad perjuangane putra-putra bangsa, bakal luwih ampuh ketimbang gegamane landa ”
“ Muspra har ... muspra! landa bakal unggul ”. Jerite bapak
Hariyanto meneng krungu omongane bapake sing mangkono iku. Atine gagap nduwe panemu sing kaya ngono. Kamangka nalika dheweke nggabung kanca-kancane mbentuk Laskar Tentara Pelajar ndhisik ora mangkono. Panjurung lan pandonga sing ditampa. Semono uga nalika dheweke tilik mulih telung sasi kepungkur. Nanging saiki ya kok bapak nduwe panemu kaya mangkono? Pikirane dadi judheg. Wong loro isih padha meneng-menengan.
“ Wis rampung kae lho !nyang mburi mangan ndhisik!” kandhane mboke njedul saka lawang pawon. Hardiyanto karo bapake ngadeg terus ngadhep meja mangan.
“ Kok mbeleh pitik barang ta mbok? “
“ Pancen nyawisi awakmu, sawise ndhek emben dikandhani yen kowe bengi iki arep teka. Bola-bali anggonku melingake supados kowe tilik mulih ”
“ Ngono kok kandhane jare panjenengan gerah. ”
“ Yen ra ngono kowe mesthi emoh bali. Iku awakmu nganthi kaya ngono, wis ora mbok openi.”
“ Wis ah, mangan dhisik! mengko omong-omongane ”.  pamunggale bapak
“ Lha iya, simbok iki lha wong jamane kaya ngene kok ya masak-masak kaya ngene!” Kandhane karo nyidhuk sega
“ Iku ra kanugrahan ta Har !waregana, aku ndak nggawe kopi.”
Sing dikandhani terus mangan. Nanging pikirane terus ngrambyang, meruhi kahanane wong tuwane sing adoh banget bedane panguripane karo nalika dheweke bali telung sasi kepungkur. Saiki jamane saya angel, ora aman saya gawat lan ekonomi saya beret. Nanging sajake wong tuwane bisa urip kanthi ayem, tentrem lan kepenak. Kemangka mrana-mrana rakyat padha sesambat angele golek pangan. Banjur apa karepe mboke kandha yen kabeh iku jare kanugrahan? Senajan lagi nengahi mangan enak, nanging rasane ora enak. Dheweke eling perjuangane, eling tugase mempertahanake kamardikan lan daerahe. Uga eling marang kanca-kancane sing ditinggal ing nggunung sing mesthine bengi iki nindakake prentahe supados nyusup menyang daerah pertahanane mungsuh. Dheweke keseret bola-bali keselak. Kepeksa anggone mangan dirampungi.
“ Iki lo har wedange! ” kandhane mboke
“ Mbok, pak... iki susu lan roti saka ngendi? Jajan-jajan semen iki saka ngendi? pitakone Hardiyanto karo isih ngadeg ing ngarep meja, sedhela nyawang isen-isen meja terus nyawang bapake lan mboke genti-genten”.
“ Mau rak wis dikandhani mbokmu ta Har, yen kabeh iku kanugrahan, mulane kowe tak kon mulih”.
“ Kanugrahan? Kanugrahan saka ngendi pak? ” Hardiyanto katon wiwit ora sabar.
“ Sabar Har, sabar. Mau aku rak wis kandha ta, yen sejatine perjuanganmu iku pindhane timun musuh duren”.
“ Dadi bapak lan simbok saiki wis kena pangglembuke musuh?”
“ Pikiren Har, aku wong tuwamu. Sawise dak rasakake seprana-seprene, banjur apa sing diarep-arep saka asile kamardikan? Coba pikiren, uripe dhewe wiwit jaman jepang nganti jamane kamardikan kancingkrangan terus-terusan bae. Sawise landa bali tekan kene maneh mbokmu wis ora nate blanja. Susu, gula, beras, kopi, lan liyane wis meh telung sasi mlaku iku, terus dikirimi saka tuan Van hendrik”.
“Bapak! ”Pambengoke Hardiyanto karo nggrebek meja, krunggu kandhane bapake atine tambah getem-getem maneh, bareng krunggu jenenge Van hendrik sing ora liya komandan markas landa ing kuthane .Saiki dheweke ngerti yen wong tuwane  wis kena pangglembuk landa ,lan dheweke dikon mulih iki ora liyan mesthi akale mungsuh.
“Tuan Hendrik arep menehi kalungguhan yen kowe gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji kancamu kae, saiki kepenak melu sedadu landa. Lan sing kerep mrene diutus tuan Hendrik ngeterake barang –barang iku ya dheweke.Mula amrih slamete awake dhewe lan amrih kepenake turuten.”
 “Kurang ajar! dadi daroji sing dadi pengkianat.Yen ngono dheweke sing mbocorake marang landa ,nganthi penyerbuane kanca-kanca  gagal lan akhire saiki dheweke dadi gedibale landa lan ya dheweke sing bisa ngracuni wong tuaku?”Kanepsone Hardiyanto ora bisa dibendung.
“Wis ta Har,turuten panjalukku!”
“Pak,jiwa ragaku wis dak tegakake kanggo tumbaling kamardikan.”
Dumadakan krunggu swara sepatu pating ketheprok. Wong telu padha meneng lan pandeng-pandengan .Swara sepatu keprunggu saka cedhek lan sajak akeh .Hardiyanto sadar yen ing sajroning bebayan. Uga dheweke nyaut klambi kang cumanthel ing saka, mencolot terus metu lawang pawon,nasak petenging wengi.Sing  ditinggal mlayu ora bisa apa-apa,mung pating dlongop. Ora suwe pating jedhul serdadu landa wis mlebu njero omah nggawa cucuk lake Daroji.
“Endi anakmu Hardiyanto? Wis teka kaya janjimu dhekwingi?”Pitakone pimpinan serdadu sing arep nyergap Hardiyanto marang bapake Hardiyanto.
“Eh,E...E... Durung te... teka tuan” Jawabane Bapake Hardiyanto glogap-glagep gupuh. Sing wadon saking wedine,cangkeme kaya disumpeli ora bisa kanggo omongan.
“Durung teka?Ah ngapusi. Iki cawisane sega? Tenan tuan,dheweke durung teka iki, iki kanggo nyawisi dheweke yen mengko teka.
“Kowe ngapusi ya!“Pambengoke pimpinan serdadu landa iku ,karo ngarahake pucuke  sangkur marang bapake Hardiyanto .
“Daroji ,lan liyane coba golekana Hardiyanto ,menawa isih ndelik ana njero kene !“ Daroji lan sedadu andahane wiwit tumandang ngubeg ing njero omah iku. Nanging sing digoleki ora ketemu.
“Lawang pawon sing mburi menga,tuan. Lan ing meja bubar ana wog mangan ,piringe durung dikukuti. Nanging Hardiyanto ora ana.” Kandhane salah siji sedadu landa Totok .
“HA...HA...HA...Ha...kowe ngapusi ya!“
“Ora Tuan. Sing bar mangan aku dhewe lan bojoku. Mau saka sumur durung ditutup.”
“Ngapusi! kok delikake ana ngendi Hardiyanto iku?”
“Be....Durung nganthi tutuk omongane bapake Hardiyanto ,dumadakan,Pyar !... “ sakebehing isin-isin meja ambyar disampluk popor.
“Kowe....kowe ngapusi aku ya? Har sing mbok jaluk?”Ptak...brag !... Bapake Hardiyanto ditarik terus ditampani sabetan popor ,tiba gumebrung natap lawang wis ora iso obah. Sing wadon njerit nubruk sing lanang. Serdadu landa wis ora melu panjerite wong wadon sing blulungan jerit-jerit iku. Padha buyar metu lan ora suwe keprungu swara pating jedor saka penjeblunge senjatane landa sing ngawut-ngawut peluru ing desa kono. Swara jerit bubar maghrib binarung panebluging senjatane landa.


BIODHATA PANYERAT












Nama               : DIAH AYU FAJARINI  MAHARANI
Alamat            : Rt.06/Rw.02, Ds.Sawahan, Kec.Watulimo, Kab.Trenggalek
Telepon           : 082234654944
Email               : diahayufajarini@gmail.com
Sekolah           : SMAN 1 DURENAN TRENGGALEK
Tataran            : XII-IPA 3 / Urut kaping 13



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...