KANCA RAKET
Ana ing sawijine
dina …
“Sal, piye iki
Sal. Kari patang dina maneh awake dhewe ujian” kandane Yola karo Salma. “Hayo
piye? Ya sinau ta ben isa” jawabe Salma. Bel masuk wis muni. Durung ana telung
menit bel, Pak Teguh wis rawuh. Pak ketua, Adit, langsung nyiapke kebeh murid
ndunga arep pelajaran.
“Assalamu’alaikum
wr. wb.” sapa pak Teguh.
“Wa’alaikumsalam
wr. wb.” jawabe murid-murid.
Pak Teguh iku guru
matematika, beliau iku tegas lan disiplin. Pelajaran banjur dilekasi. Pak Teguh
nerangake kabeh bab IV. Yola bingung, “aku kok durung ngerti-ngerti ya Sal?”
omonge Yola karo Salma lirih-lirih. “Takon pak guru wae!”, sarane Salma.
Nanging Yola mung meneng wae. Ketarane durung wani takon.
Pelajarane pak
Teguh wis rampung. Sakwise pak Teguh metu saka kelas, Yola takon karo Salma.
Yola takon carane nggarap soal sing mau. Banjur Yola diwarahi Salma. Durung
rampung olehe Salma marahi, bu Sri wis rawuh. “Lek marahi diteruske mengko
maneh ya Sal” jare Yola. Salma ya mung manut wae. Bu sri lek mulang nganti
mbengok-mbengok, masalahe muride padha rame kabeh. Yola barang ya melu rame.
Salma mung jagongan dilut, tapi banjur nggatekake apa kang dijelasne bu Sri.
“He! He! Meneng!
Meneng kabeh!”, kandhane bu Sri.
Kabeh murid banjur
padha meneng kabeh. Nanging, durung ana 5 menit bu Sri ngajar, wis padha rame
maneh kaya pasar pitik.
“He, meneng isa
ora? Padha niat sekolah ora? Lek ora niat sekolah metu wae, ndak usah ngganggu
kancane sing pengen isa”.
Wah, galake
bu Sri tansaya metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh, murid-murid padha anteng,
meneng, nggatekake apa kang disampekke dening bu Sri. Bu Sri seneng yen
suasanane kelas kondusif, tur ya muride padha paham kabeh.
Saiki wayahe ngaso
sepisan, Salma kelingan yen Yola kepengen paham bab VI Matematika.
“Sido nerusake
lekmu takon mau ndak Yol?” takone Salma marang Yola.
“Sesuk apa kapan
wae ya, aku sik males saiki. Jajan dhisik wae ya, aku luwe”, jawabe Yola.
“Ya wis lah jajan
dhisik”. Salma mung manut wae karo Yola, kan sing butuh ngerti Yola dudu Salma.
Ngasi ngaso
kepindho, Yola durung teka maneh, Salma ngrasa paling Yola wis paham bab VI
Matematika, mulane ndak takon maneh marang Salma.
Banjur, sesuke
ngunu, Salma ngrasa atine ndak penak. Salma ngrasa yen Yola ngadohi Salma.
Amarga, ora biasane Yola ndak nyethuki Salma wayah ngaso ngene iki. Biasane
saben wayah ngaso Yola mesthi ngajak Salma jajan ing kantin.
Sakwise pelajaran
rampung kabeh, Salma mlaku menyang ruang BK. Salma kepingin crita kabeh perkara
Yola marang bu BK. Salma kepengen oleh saran kepriye carane ngadepi Yola sing keras
kepala.
“Kula asline niku
radi mboten remen lan nyaman kaleh Yola bu, amargi pendhak pelajaran napa mawon
namung Yola ingkang dititeni kalih guru-guru. Yola niku tiyange keras kepala
sanget. Nggih niku ingkang nyebabake kula mboten seneng. Napa maleh menawi
kula lagi dipun timbali kalih guru, mangke ingkang jawab Yola, sanes kula.
Maksud kula, Yola niku kerep banget ngrebut bagian soal damel kula, Bu. Padahal
ing wayah ngaso ngoten nika Yola njaluk warah kula, cirose mboten paham bab
niku”. Curhate Salma marang bu BK.
Salma ning ruang
BK dhewe, ndak mungkinlah karo Yola. Asline Salma kepingin ngajak Nathan, tapi
banjur ndak sida. Soale Salma ndak kepengen perkarane tambah ruwet.
Wayah hubungane
Salma karo Yola rada renggang, curhate Salma ya ning Nathan. Nathan ngerti
carane nggawe Salma seneng lan lali yen ana perkara karo Yola. Nathan tansah
ngrungokake apa wae yen Salma crita. Banjur menehi saran sing gawe atine Salma
rada seneng.
“Salma, saiki
sampeyan sabar dhisik wae. Yola dimenengke wae dhisik. Omong apik-apik karo
Yola perkara kuwi. Aja gawe emosi supaya
mengko Yola ndak lara ati lan ngerti yen sampeyan pengen apikan maneh. Supaya
Yola ngerti yen sampeyan kancanan karo Yola ki tulus”, sarane bu BK.
“Inggih Bu”,
jawabe Salma.
“Yawis, saiki
sampeyan mulih dhisik wae, mengko digoleki Bapak lan Ibumu kok ndak ndang bali
saka sekolah”, lanjute bu BK.
“Inggih bu”,
jawabe Salma maneh. Yola banjur bali menyang kelas bareng Nathan sing wis
ngenteni Salma ing ngarep ruang BK.
Ora krasa, sedina
maneh wis UAS, utawa Ulangan Akhir Semester. Sing diujikan kuwi B. Indonesia,
Matematika, B. Jawa, lan liya-liyane. Nganti tekan saiki Yola durung takon
Matematika sing mbiyen jarene durung paham. Padahal Salma kepengen banget wayah
arep UAS iki apikan karo Yola. Salma kepengen sinau bareng kaya mbiyen. Nanging
kuwi saiki nyatane mung dadi angen-angenane Salma wae.
Sedina kuwi Salma
ndak jagongan karo Yola maneh. Yola ya ndak ngejak omong dhisik utawa njaluk
ngapuro. Salma ya ora nyoba ngajak omong dhisik kaya sing disaranke bu BK. “Apa
Yola ngerti curhatku marang bu BK ya?”.
Ing dina wayah
UAS, Salma kepener ndak sakelas karo Yola. Iku berarti Salma isa nggarap soal
UAS kanthi tenang.
Salma nggarap soal
ora ana masalah, lancar kabeh. Salma nggarap soal jujur sak isane, ora nurun.
Soale wis sinau sak durunge. Wis siap banget ngadepi UAS. Beda karo Yola. Yola
kangelan sinau, amarga durung paham tenan karo bab sing digawe ulangan. Yola
banjur rada krasa nyesel ora nggatekake sarane Salma sing siap ngewangi mahami
bab sing digawe ulangan.
Sakwise seminggu
ulangane wis rampung, bijine wis didumke kabeh. Alhamdulillah bijine Salma apik
kabeh. Ndak sia-sia olehe sinau kawit suwi. Bijine Yola beda adoh banget
karo Salma. Salma rangking 2 dene Yola rangking 30. Salma bangga bisa luwih
apik saka Yola, nanging Salma ndak kepengen sombong.
Salma ya durung
puas karo biji semono, tur isik rangking 2. Salma isih kepengen sinau terus supaya oleh biji sing luwi apik maneh.
Salma kepengen gawe bangga wong tuwane.
Ing wayah ngaso
sepisan, Salma lungguh dhewe ing ngarep kelas karo mangan jajan. Salma wis ora
mikirne Yola maneh. Niate Salma iku mung arep nglalekke perkarane karo Yola.
Salma kepengen rukun maneh karo Yola.
Yola, sing wis
dianggep Salma kaya tunggale dhewe, saiki maleh saya adoh. Kaya wong sing ndak
tau kenal sakdurunge. Mbiyen ing ngendi-ngendi bareng terus, saiki ora bisa.
Pranyana ora
ngira, Yola mara lan lungguh ing sandinge Salma. Yola mara dibaturi Nathan.
Yola kandha yen dheweke njaluk ngapura karo Salma. Salma bingung kudu jawab
piye, soale Salma kepengen nglalekke Yola.
Nathan banjur mara
lan ngomong, “Sal, mbok ya dingapura ta Yola”. Salma mung meneng wae. “Sal”,
lanjute Nathan. “Kowe lak wis kawit kelas 10 kancanan karo Yola, 3 tahun Sal,
mosok arep kok pedhot ngunu wae. Kok ndak eman-eman”, lanjute Nathan maneh.
“Oke, lha
Yola ki apa njaluk ngapura karo aku?”, takone Salma. Yola mung mesem wae. “Aku
ngerti pas awakmu curhat ning BK Sal”, jare Yola. Salma panggah meneng wae.
“Sal, plis ya
aku dingapura Sal”, jaluke Yola.
Yola karo Nathan
mung nyawang Salma. Salma bingung. Pancen bener wis 3 tahun Salma kancanan karo
Yola. Akhire Salma menehi apura marang Yola.
Banjur Salma ya
njaluk ngapura marang Yola lan Nathan.
Sakwise perkara
kuwi, Alhamdulillah, nganti tekan saiki Salma, Nathan, lan Yola kancanan raket.
Salma seneng isa duwe kanca kaya Nathan lan Yola, sing bisa nyadarake Salma
ngenani pentinge kekancan.
Manungsa yaiku
ciptaane Allah sing ndak bisa saklawase urip ing donya. Sekabehe bandha,
kesugihan, lan kekuasaan ing sawijine dina bisa ilang. Nanging perasaan, ati,
lan rasa setya seorang kanca ora bakal ilang kanggo saklawase. Amarga,
senadyan ing wayahe kanca kita wis ora ana ing donya, nanging kanca
raket iku tansah ana ing ati kita kanggo saklawase.
BIODHATA PANYERAT
Jeneng :
Rosiana Qurrota Ayun
Alamat :
RT 37 RW 15 Bendorejo, Pogalan, Trenggalek
Telp. :
082233204149
Kelas : XII IPA
3
Absen : 32
Sekolah :
SMAN 1 Durenan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar