LOMBA NULIS CERKAK
Ing
dina Rabu pas mulih sekolah ana pengumuman yen ing sekolahan arep dianakake
lomba “Nulis Cerkak.” Numpuke terakhir
sabtu iki amarga senin wis pengumuman kejuaraan.
Rinka
lan kanca-kancane ngrungokake pengumuman iku, banjur umek padha jagongan.
“Rin,
awakmu kepingin melu lomba kuwi apa ora?” takone Winny.
“Aku
isih bingung Win,” Sumaure Rinka.
“Yen
awakmu kepriye wit?” takone Winny menyang Wita.
“Yen
aku kepingin, tapi aku apa bisa gawe cerkak,” Sumaure.
“Ayo
ta cah melu wae sapa ngerti salah siji awake bisa menang,” ujare Winny.
“Ana
benere ujarmu Win, ora-orane awake oleh pengalaman,” ujare Rinka.
“Kepriye
cah padha melu apa ora?” takone Winny rada tegas
“Iya
wae wis aku melu, awakmu piye Rin?” takone Wita
“Aku
melu Wit,” sumaure Rinka
Akhire
bocah telu kuwi mau sidane melu lomba nulis cerkak.
Ing
dina Kamis cah telu kuwi golek inspirasi ning perpustakaan.
“Win,
critamu apa?” takone Rinka.
“critaku
apa ya, aku bingung Rin” sumaure Winny.
Mara-mara
ana bocah sing nyaut, jenenge Lista. Lista iku bocah sing seneng tukar padu lan
gumedhe.
“Halah,
critane wae isih bingung kok melu lomba.”
“Ya
bene penting usaha dhisik,” Saute Wita.
“Wis
ta iya usaha terus, ora bakal bisa ngalahne Lista” saute Renti kancane Lista.
Rinka
ngajak ngalih kanca-kancane.
“Ayo
Win, Wit awake ngalih wae,” karo mlaku ngaleh
“Iya”
sumaure Wita lan Winny barengan.
Sawise
mulih sekolah Rinka lan kanca-kancane nglumpuk ing omahe Wita. Ning kana bocah
telu rembugan, guyon banjur ngarang critane dhewe-dhewe.
“Wit,
wis oleh sepira cerkakmu?” takone Rinka.
“Oleh
separo Rin, “ sumaure.
“Kok
padha ta Wit,” ujare Rinka.
“Lha
iya ta, Winny wis oleh sepira?”
“Aku
isih oleh seprapat Wit,” sumaure Winny.
“Win,
Wit saiki jam pira?” takone Rinka.
“Jam
16.00,” sumaure Winny lan Wita barengan
“Ya
wis aku tak mulih dhisik,” ujare Rinka.
“Iya
Rin,” sumaure Winny
“Ati-ati
lho Rin,” saute Wita
Ing
ndalan Rinka krasa luwe banjur mampir warung pecel lan mulih nggawa buntelan
pecel 2. Ning ndalan Rinka weruh pemulung sing keluwen, dheweke ora mentala
banjur ngewehne panganan sing digawa mau.
Sawise
iku Rinka neruske lakune, teka pertelon cedhak omahe, Rinka cethuk Lista,
Aqila, Renti yaiku kancane sekolah
“Rin,
awakmu saka ngendi?” takone Lista
“Saka
omahe Wita.”
“Gawe
cerkak?” takone Lista maneh
“Iya
Lis.”
Sajake
Lista mikir kepriye carane supaya Rinka ora melu lomba. Akhire dheweke nemu ide
Mangkene.
“Rin,
coba aku nyilih karangan critamu?” jaluke Lista.
“Urung
cukup olehku ngarang Lis,” sumaure Rinka.
“Wis
ta aku nyilih saiki, cepet.” Sambi nggetak
“Iya
iya iki lho,” karo ngewehne lembaran.
“Ren,
suweken iki,” sambi ngewehne, ujare Lista menyang Renti.
Aqila
nyaut mangkene.
“Aja
ta Lis, lek gawe angel lho!”
“Menenga
wae awakmu Qil, cepet Ren suweken,”
“Aja
ta Ren, aja,” sinambi ngrayah tapi ora kenek
Wek,
wek suarane lek nyuwek.
“Sajane
aku salah apa ta Lis, kok nganti mangkene awakmu karo aku,” Ujare Rinka karo
Nangis
Banjur
Rinka mlayu mulih.
Ing omah Ibune Rinka nakoni.
“Nyapo
Rin kok nangis?”
“Mboten
napa-napa Bu” sumaure sinambi mlayu menyang kamar.
Ora suwi, Ana bocah cilik mara ning omahe
Rinka nggawa lembaran
“Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam, ana apa le?”
“Niki Bu , kula nitip niki” sumaure bocah
iku.
“Apa iki le?”
“Niku cerkak karangane Mbak Rinka, nanging
dereng cekap”
“oalah, mlebuo le?”
“Mboten Bu, kula nyuwun pamit,
Assalamu’alaikum.”
“Wa’alaikumsalam”
Ibune Rinka banjur nimbali Rinka
“Rin, Rinka mreneo iki cerkakmu?
“Cerkak napa Bu?” karo mlaku rekat
“Iki lho Rin”
Rinka kaget yen cerkake bisa wutuh maneh.
“Lho, wau sampun suwek lho Bu, niki saking
pundi?”
“Mau ana bocah cilik rene nitip kuwi,
jarene nekanmu”
“Sinten Bu larene?”
“Aku ora weruh Rin lha bocahe ndang muleh
wae, wis Rin aja kok piker, mau nyapo kok nangis?
“Amargi cerkak niki Bu.”
“Oalah Rin Rin ya wis, Ibu tak ning
pawon.”
Sesoke ning kelas
“Cah saiki awake jam kosong, Bu Riana ana
keperluan,” jarene ketua kelas, jenenge Riko.
“Ana tugas ta Rik?” takone Winny ning
ketua kelas
“Ora ana Win,” sumaure
Winny ngajak Rinka lan Wita menyang
perpustakaan neruske ngarang cerkak.
“Rin, Wit ayo menyang perpustakaan?” ajak
e Winny
“Nerusne cerkak ta Win?” takone Wita
“Iya Wit” sumaure Winny
“Ayo Rin” ajak e Wita lan Winny
“Iya ayo,” jawabe Rinka
Ing perpustakaan Rinka, Wita lan Winny neruske
nggawe cerkak nganti bel pergantian jam muni. Rinka lan kanca-kancane banjur
menyang kelas.
2 jam piwulangan wis liwat murid-murid
padha mulih. Rinka, Wita lan Winny mulih bebarengan sinambi jagongan.
“Sore iki awake kudu cukup ngarang
cerkake, sesok terakhir numpuk,” ujare Winny
“Iya Win, mulane mengko aja lali ning
omahku nggarap bareng-bareng!” ujare Rinka
“Wis ya cah, wis teka pertelon!” ujare
Wita.
“Iya” sumaure Winny lan Wita barengan.
Bocah 3 kuwi pancen gedhe tekade, mula
sorene Winny lan Wita menyang omahe Rinka nyukupne nulis cerkak. Watara 3 jam
nulise wis cukup.
Sesoke murid-murid sing melu lomba numpuk
karyane menyang panitia. Rinka, Winny lan Wita uga numpuk.
“Win, Wit ayo ditumpuk?” ajake Rinka
“Ayo Rin” sumaure Winny lan Wita
Akhire dina minggu wis liwat.
Dina iki senin, wayahe pengumuman. Rinka,
Winny lan Wita padha nyuwun donga menyang wong tuwane dhewe-dhewe sadurunge
budhal menyang sekolahan.
Ing sekolahan peserta lomba nunggu
pengumuman termasuk Lista. Ora suwi pemenang lomba disebut siji-siji. Rinka, Winny
lan Wita kaget lan ora nyanka yen juara 1, 2 lan 3 bocah 3 kuwi. Akhire Lista
ngrasa isin lan mlayu mulih.
BIODHATA
PANYERAT
Jeneng : Intan Suciati Azhari
Alamat : RT 07/RW 03, Ds. Semarum,
Kec. Durenan, Kab. Trenggalek.

Kelas : XII-IPA 3
Urut Kaping : 22
Pawiyatan : SMAN 1 Durenan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar