BIYUNG
Gedebuk....
Tugelan kayu cilik nyeblok ing sirahe Asih. Asih langsung tangi senadyan
mripate isih sepet amarga nglembur garap tugas nganti jam 3 subuh.
“Tangi...tangii,
prawan jam 5 durung tangi, shalat kono sik gik tugase ndang-ndang ditandangi.”kandhane
ibuke asih kanthi mbengok-mbengok.
“Inggih
buk” jawabe asih sembari tangi nglempit selimut.Asih wis ngerti yen isuk
dheweke kudu nyelesekke tandhang gawene dhisek sakdurunge budhal sekolah.
Dheweke kudu umbah-umbah, isah-isah, nyapu lan nyiapne sarapan. Wis pancen
ngene jadwale saben isuk. Tahu, asih ora ngerjakake tugase amarga isih
kepenaken turu, dheweke banjur digrujuk banyu umbah-umbahan kalih ibuke. Pancen
ibuke asih didikane kasar amarga ibuke asih nalika cilik uga dididik simbah
kakung kanthi kasar. Mula iku ibuke asih nerapne didikan kasar menyang asih.
Pancen
watak ibuke ngunu iku. Saben dina panggah ana wae salahe asih, nganti asih
digepuki. Asih mung bisa nyabar-nyabarne atine. Asih dhewe ya ngerti pancen wis
4 tahun iku ibuke kerja nyambung urip rekasa dhewe kanggo asih lan adik-adike
amarga bapake asih minggat ora bali-bali.
“YaAllah
paringana kula ati ingkang jembar, arep kaya ngapa niku ibuk kula lan kula
wajib ngajeni lan ngormati.” Pandungane asih marang gusti.
“Asih...
asih... saben dina kok kasep? Kowe tangi jam pira” pitakone petugas gerbang
sing wis akrab karo asih.
“ngapunten
nggih pak, asih kudu nyiapke sarapan”
“sih
asih apa ora ana alasan liya, saben kasep mesthi kuwi wae alesane. Yowis saiki
nyapu latar dhisik”.
“nggih
pak matur suwun”
Asih
saiki wis kelas 2 SMA, saktenane asih iku pinter nanging amarga saiki wektune
akeh mung gawe bantu ibuke, nilaine sakiki anjlok banget, beasiswane uga
dicabut. Ing sekolah asih uga ora bisa konsentrasi
marang pelajarane. Mripate asih uga ngantuk banget lan akhire asih keturon.
“Asih
turu meneh,piye digugah opo ora iki rin?” pitakone sari marang rini kanca
akrabe asih.
“pak Dono durung rawuh,ora usah
digugah sar prihatin aku marang asih. paling iku turune mung pirang jam.”
“iyo rin, aku uga prihatin banget
marang asih, kok ana ya bocah sing sabar kaya asih, umpama aku paling kok wis
minggat saka omah”
“owalaaaaa,,, dasar yo kowe iku sar”
Kanca-kancane
asih ngerti, piye abote tanggung jawabe asih. Mula kabeh padha meneng nalika
asih lagi turu.
Amarga
jadwal UAS kurang 2minggu maneh, Mulih sekolah asih nduwe rencana arep sinau
bebarengan karo kancane. Asih kepingin fokus sinau tanpa diganggu ibuk lan
adhik-adhike. Asih budhal menyang omahe kancane tanpa pamit marang ibuke.
Ing
omah ibuke asih mung mloka-mlaku ngalor-ngidul bingung sakarepe dhewe. Mripate
wis abang ngempet gela marang anak mbarepe sing teka sore durung bali, saka
sekolah. Ibuke asih pancen ngati-ngati tenang njaga anak prawan mbarepe. Dheweke
ora kepingin anak mbarepe kaya anak tanggane sing saben dina klayapan ora tahu
mulih, lan weruh-weruh wis bobot gedi.
“dolan
nang endi wae haa?? Opo ora weruh wayah?”. Bengoke ibuke asih nalika asih wis
teko omah.
“asih
sinau buk, wonten griyane sari,asih pun kathah ketinggalan pelajaran amargi
teng griya mboten wonten wektu kanggo asih sinau”.
“sesuk-sesuk
meneh yen wayah muleh sekolah ora ndang bali, wis ora usah mulih pisan”.
“Asih
kesel sabendino ibuk seneni terus! Asih iki anake ibuk napa anake lintu? Ibuk
mboten nate sayang kalih Asih, masalah sepele kalih ibuk dipun gedhe-gedhene,
asih nggih iri kalih rencange asih ingkang disayang kalih ibuke, mboten nate
dikasari!”. Asih ngutahne unek-uneke marang ibuke kanthi mbrbes mili.
“wis
wani saiki muni ngunu karo ibuk? Wis angur ora usah mulih pisan, ibuk ora getun
kelangan anak kaya kowe iku, yen diomongi sumaur ora duwe tata krama”ibuke asih
kanthi kalap mbengoki asih.
Asih
wis ora bisa mikir apa-apa maneh, eluhe mbrebes mili. Dheweke langsung tumuju
menyang kamare. Jupuk klambi karo dhuwit tabungane. dheweke wis ora betah kalih
ibuke.
“pokoke
aku kudu minggat” batine njero ati.
Asih
langsung tumuju menyang halte bis. Ora ana panggonan sing bisa dituju asih
saiki, ing njero bis asih nangis sepuas-puase nganti asih keturon. Tangi-tangi
asih wis teka surabaya.ing kono asih bingung arep tumuju ning endi. Pikirane
wis linglung nanging tekate kekeh ora bakal mulih ing omahe ibuke.
Ngalor
ngidul asih golek panggonan, nanging ora ana panggonan sing bisa nampung asih.
3 dina asihmung kluntrang-kluntrung ora weruh tujuan, saya suwi dhuwit
simpenane uga tansaya nipis. Uga wes 2 bengi iki asih turu ing ngemperan toko
utawa ngemperan masjid.
Awan
iki asih niate kepingin golek gawean, apa wae bakal asih lakoni sing penting
dheweke bisa oleh dhuwit. Nalika arep nyebrang, asih cetuk arek cilik lusuh
banget umure kira-kira 10 tahunan, asih banjur nyedaki arek wedok cilik iku
mau.
“Adik
ngopo ning kene dhewe? Ibuke adik ana endi?”
“ngemis
mbak”
“adik
wis maem?”
“dereng
mbak”
“yawis
ayo melu mbak, tumbas maem bareng-bareng”
Ing
njero warteg arek cilik kuwi mau mangap kanthi lahap banget. Dheweke banjur
cerita
“ibuk
wis suwi ninggal mbak. Nalika aku isish umur 7 tahun, bapak wis rabi meneh lan
ora gati marang aku. Aku uga ora tahu sekolah, sabendina penggaweanku mung
ngemis. Nalika ibuk isih tasik wonten sabendina aku uga dikongkon ngemis mbak.
Sampek sawijining dina aku nesu karo ibuk lan mlayu saka omah. Ibuk nguber
aku,nanging apese wektu iku aku nyebrang ora nyawang-nyawang disik lan ana
mobil sedan sing lajune mbalap banget. Ibu ndorong aku nganti ibuk ketabrak
sedan. Digawa ing rumah sakit nanging sampun mboten saget ketulung”
Asih
langsung mbrebes nyimak crita arek cilik kuwi mau, banjur arek cilik iku mau
nerusake critane.
“Tak
pikir ibuk ora sayang marang aku mbak, nanging aku salah mbak, ora ana ibuk
sing ora sayang marang anake”
Omongane
bocah kuwi ngelengake asih marang ibuke. Dheweke eling yen mbiyen saben asih
kenapa-napa ibuke mesthi uwong kang nomer siji nulungi asih. Saiki asih sadar,
dheweke banjur cepet-cepet mulih menyang omahe ibuke.
Maghrib
wis ngancik, asih wis teka omahe. Ibuke sing weruh asih muleh banjur ngrangkul
anake lan dielus rambut ireng anake kanthi sayang.
“IBUK
SAYANG AWAKMU NDUK” kanthi mbrebes mili ibuke nyuwun sepuramarang asih lan
janji ora bakal kasar maneh karo asih
“asih
uga buk, asih luwih sayang kalih ibuk, asih nyuwun sepura sampun ngrepoti ibuk”
BIYUNG
dening:
Jeneng
=Neneng kurnia fitriani
Alamat
= sumberejo, kecamatan durenan, kabupaten trenggalek
Telp
= 083845932923
Email=
Kelas=
XII A3
Absen
= 27
Sekolah
=SMAN 1 DURENAN
Tidak ada komentar:
Posting Komentar