AJAIB
Enek
uwong jenenge Syahdan,dheweke tukang ngingu sapi.Saben dinane ora tau leren
anggene ngupaya golek pakan sapi,dheweke biasane ngarit ing daerah-daerah sing
durung tau di ambah uwong amarga panggonan ngono kui biasane isih ketel
sukete,sing paling kerep Syahdan golek suket ing daerah gunung Neyama,Sidem,Bayem
lan sekitare.Ing sawijining dina dheweke ngarit ing cedheke gunung Mbedalem,ing
tengah ara-ara amba sing nek kana tanduran jeruke isih ketel banget.Dheweke
ngarit nek kana dhewe emple ora nggawa kanca .Dheweke budhal saka ngomah jam
01.00 awan tekan sak cukupe lagek balek ngomah .
Dhumandakan
Syahdan sing biasane mulih jam 04.00 sore uwis teka omah sampek jam 05.30
durung teka omah lan ora ana tanda-tanda mulih ,keluargane Syahdan padha bingung,bapa
lan biyunge bingung uga bojone Syahdan tansaya nangis
”Nyandi
ta mas Syahdan ki huhuhuhu...........kok durung mulih ......wis yahmene wengine......”(huhuhuhuhu
ambi sesenggukan nangis keranta-ranta)kabeh sing ana ing ngomah padha kumpul
lan padha bingung “wista nduk ......dungakno kangmasmu slamet ae.....”dhawuhe
ibuke ambi nangis .
Walhasil
jebule Syahdan kuncine ilang ing jerone alas,kamangka etan kulon lor kidul adoh
omah , lan alas cedhek Mbedalem iku tibakno isih wingit ,barengta teka omah Syahdan
crita asal-usule lek ilang kuncine kui mau.
Anggone
ilang kunci motore Syahdan diwiwiti saka dheweke ngetuti ula gedhi,dheweke wedi
yen ula kui mau mlebu ing untingan suket sing wis di lumpukne Syahdan, mula
saka kui Syahdan ngetuti ula kui mau supaya ora mlebu ing jero untingan
sukete.dheweke terus mlaku lareh-lareh ngetuti lakon ula kui mau sampek tumuju
uwit jeruk gedhi sing nek kana enek susuh manuk,e kira-kira manuke isih tas
netes,amarga Syahdan wedi yen susuh manuk kui mau di gawe angkrem
ula,banjur Syahdan menek uwit kui mau
lan susuh manuk kui mau di pindah ing panggon lia sing adoh saka ula kui mau
.sawise dipindah Syahdan mudun saka wit jeruk mau lan nglanjutne anggone golek
suket sing wis meh oleh rong unting gedhi .
Nalika
arepe mulih dhumandakan Syahdan kaget banget, barengta ti delok kuncine sing
ana ing jero sak suwale wis ora enek.....”ya Allah,kunciku nek endi kok ora
enek”(batine syahdan ambi nangis keranta-ranta nek jeroning ati)...... .Banjur
Syahdan goleki mubeng-mubeng ing alas kui , nyampek bolak-balik eneng ping limang
ubengan,karo nangis atine “kepriye nasibku mengko lek kuncine gak temu , wis
wengi gek ya doh kana doh kene”(batine syahdan)...................atine Syahdan
wedi campur susah yen iki mengko kuncine ora ketemu kepriye.......kamangka ing
kana adoh paran,adoh ngomah,wis sepi mampring ra enek wong kliwar-kliwer sitok-sitoko
amarga waktune wis wengi.Akhire Syahdan usaha metu saka alas jeruk ing pinggir
embong cilik mbok menawa jik enek uwong sing liwat.
Walhasil
enek uwong liwat sitok,sing jenenge Pak Tarmijan tangga desa adoh karo Syahdan
ning tau kenal,banjur Syahdan jaluk tulung Pak Tarmijan ,dipurih Pak Tarmijan
supaya ngabari keluargane sing ning omah yenta kuncine ilang ing tengah alas
jeruk ing gunung Mbedalem.
“Paaaakkkkkk.......!!!”celuke
Syahdan.
“Hoyyyy....
enek apa ta le......!!!kok bengak-bengak,wis surup kok panggah ing alas
ae,...arep golek apa ....???
Apa
arepe golek tuyul”sumaure Pak Tarmijan saka adohan wes remeng-remeng.
“Ngeten
lo pak,tak critani..... kunci motorku ical teng tengah alas niki,gek niki nggeh pun
dalu,kula padosi nggih mboten panggih-panggih.kula ajrih pak”critane Syahdan
ing Pak Tarmijan di sambi nangis .
“......Ya
Allah le,jajal saman goleki maneh lek menawa ketlesut ing jero
suket-suket”omonge Pak Tarmijan melu susah .
“Sampun
kula padosi nanging tetep mboten panggih-panggih”Syahdan nangis keranta-ranta
ing ngarepe Pak Tarmijan .
“Wis
le,.... ra usah sedih...jajal golekono maneh kanti maca sholawat lan dunga’a
marang Gusti ingkang Maha Kuasa”tuture Pak Tarmijan ambi ngarahne Syahdan
supaya tenang .
“Ya
wes le, ngene ae,...tak mulih saiki ae,wong tuamu tak omongane supaya marani
awakmu ing kene ....”omonge Pak Tarmijan di sambi mlaku tumuju mulih .
“Owalah
inggih....inggih Pak ,jenengan inggal wangsul mawon...”Syahdan sumringah banget
ambi mesam-mesem.
Syahdan sampek peteng anggone nunggu, ning
keluargane ora enek sing mara.Syahdan bingung,putus asa,bola-bali Syahdan maca
kalimat syahadat,sholawat lan liane karo ngubengi alas,nanging ora ketemu-ketemu
kuncine,Syahdan banjur ngamati lan menek uwit jeruk sing wis nate di penek
mau,tiamati saben jangkah tumuju uwit,lha delalah banjur kuncine ketemu
kamangka sak durunge uwis diamati kanti bola-bali gak ana tandha blas yenta
kuncine ceblok ing kana “Alhamdulillah........Alhamdulillah........Alhamdulillah
kuncine cetuk, Alhamdulillah Ya Allah.....”bola-bali Syahdan muji syukur marang
Allah amarga saking mareme.Dheweke banjur puji syukur ing panggonan kui mau lan
bola-bali maca kalimat sholawat kanti teka jeroning ati.Banjur Syahdan mulih .
Saka
cobaan kui mau Syahdan percaya banget yenta wacan sholawat kanti lek maca teka
sak jerone ati sembari nyuwun ing ngarsane Gusti Allah SWT terbukti bisa
ngudari barang sing mungguhe akal sehat ora mungkin dadi mungkin.
BIODATA PANYERAT
Nama:Fina Haniatul Husna
Alamat:Ds. Suruhan Lor .Kec Bandung
. Kab Tulungagung
E- mail:ffiefienae@gmail.com
Sekolah:SMAN 1DURENAN
Kelas:12 ipa 3
Absen:13
Tidak ada komentar:
Posting Komentar