Jumat, 17 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Baktiku Marang Kulawarga"

BAKTIKU MARANG KULAWARGA

                        Ning sawijining dina minggu . Ana bocah loro, mbakyune sing keparing jeneng Sela  lan adhine jenenge Kevin mlaku tumuju menyang pasar ing desane . sawise dheweke teka ana ing pasar , mengkana dheweke langsung milih milih sayur apa sing dibutuhake . Nalika Sela milih sayur , adhine sing kawet mau panggah nguwasne sandal ning toko ngarepe anggon Sela milih sayur.
                        Dheweke banjur nangis njalok sandal anyar. Sandale adhine pancen wis ora ana rupane. Adhine sing umure 5 taun. Sela tresna banget marang adhine. Merga iku adhi siji sijine. Sela saking kulawarga sing ora mampu, bapake kerja dadi buruh bangunan , lan ibune dadi tukang ngumai ing desane.
                        “ Mbak,tumbasna sandal sing werna biru kui loh, ketone kok apik                            temen” .  njaluke kevin sing arep nangis.
                        “ Mbak ora nduwe duwit,vin. Iki wae duwite arep digawe tuku sayur                     tok”.  jawabe sela sing trenyuh nyawang adhine.
                        Senadyan ora ditukokake, Kevin banjur meneng lan bisa nrima . bocah cilik kui wis ngerti angger uripe sing rekasa, kanggo mangan wae isih kurang apa maneh gawe tuku sandal .
                        Sawise saking pasar lan tuku sayur. Sela lan adhine bali menyang omahe sing kaya gubuk. Nanging panggah endah angger  disawang , amarga Sela iku bocah sing sregep lan manut marang wong tuwane. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis padha rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kemang sing wis padha mekar.
                        Senadyan Sela iku saking kaluarga sing ora mampu. Nanging bapake kepingin Sela dadi wong sukses lan kepingin nyekolahake nganthi perguruan tinggi. Bapake ora gela amarga Sela iku bocah pinter ing sekolahe. Wengine pas Sela arep sinau lan bapakke sing nembe bali kerja . bapakke marani Sela.
                        “Sel,kowe kudu dadi wong sing gedhe lan bisa ngluwihi bapak sing                        mung dadi buruh bangunan,”  ngendikane bapakke Selasa
                        “nggih pak, niki kula ajeng usaha,”
                        Esuk esuk sing atis banget Sela wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo menyang sekolah. Sela banjur mangkat esuk amarga Sela arep melu lomba Cerdas Cermat sing dienekake sekolahe. Sawise apa sing kudu diutuhake Sela wis nyepak kabeh, semana uga Sela banjur ora bakal lali yen kudu pamitan karo wong tuwane .
                        “Pak , buk , kula badhe bidhal rumiyi n. Mugi mugi kula saged keparing                  juara lomba lan saged mundhut sandal ndamel Kevin,”. Pamite Sela karo                salaman marang wong tuwane.
                        “Ya, amiiiin . ati ati ya Sel . muga muga usaha lan ikhtiarmu kasil .              bapak lan ibumu ya gur weneh pandonga teka kene,” ngendikane                             bapakke dening anak mbarepe.
                        “mbak , mengko tuku sandal ya ?” adhine sing sumringah ngerti angger                  arep ditukokake sandal anyar.
                        Tibaning sekolahan. Sela ndredek kanthi banget amarga sekolahe wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul umbul werna werni, tembok sekolah wis dicet werna ijo tur ketok asri lan apik.
                        Ing lomba Sela bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganthi manteb tur bener. Saiki banjur wis wayahe pengumuman juara, ora ngira sing oleh juara 1 kuwi ya pas Sela . Sela banjur langsung ditimbali munggah menyang panggung . Sela langsung nerima piala lan amplop sing isine piagam lan duwit pembinaan. Sela banjur bali menyang omah karo sumringah
                        “Assalamualaikum. Bu, pak.”
                        “Wa’alaikumsalam. Ana apa Sel ?” pitakone ibune Sela
                        “bu , alhamdulillah kula angsal juara 1 lan Kevin bakal nduwe sandal                      anyar.”
                        “Alhamdulillah ya nduk, Anakke ibuk pinter temen. Ibune tambah                          sayang marang kowe nduk.” Ngendikane ibune sing sumringah lan                   bangga.

                        Sore sore , sawise ganti klambi lan sawise padha semahyang . Sela banjur ngajak Kevin adhine menyang pasar tuku sandal anyar. Mangkana kevin seneng banget dijanjeni mengkana uga . banjur Kevin enggal enggal ganti klambi amarga dheweke ora sabar nduweni sandal sing dikarepake dhek minggu kepungkur.
                        Langsung wae Sela lan Kevin budhal menyang pasar mlaku. Amarga panggone pasar lan omahe ora adoh adoh banget . sejene kuwi sadurunge Sela lan Kevin budhal menyang pasar, dheweke ora lali karo apa tugase ing omah . yaiku resik resik omahe . senadyan Sela iku bocah sing kenek diarani resikan .  masia dheweke nduweni kaperluan , dheweke ora bakal lali karo apa sing kudu dilakoni
                        Ora lali Sela lan Kevin pamitan marang bapa lan ibune budhal menyang pasar.
                        “Pak. Buk . kula bidhal kalih mbak Sela.”
                        “wo... iya le, sing ngati ngati lo ya.”
                        “nggih pak . Assalamualaikum.”
                        “waalaikumsalam le.” Dhawuhe bapak lan ibune karo ati sing bungah lan                marem
                        Langsung wae Sela lan Kevin tumuju menyang  toko sing weruh anggone sandal sing dikarepake Kevin.
                        “wonten kersa napa mbak ?” takone ibuk ibuk sing dodol.
                        “niki buk. Badhe ningali sandal ndamel adhike “
                        “nggih.. mangga ... mangga.. ...“
                        “kepengen sandal sing werna apa vin?” pitakone Sela marang adhine.
                        “sing werna biru mbak”
                        Banjur Sela langsung wae tuku sandal sing dipingini adhine. Ing njero atine Sela lega amarga wis bisa nuruti kepinginan adhine nganggo jerih payahe dhewe.
                        “Matur Suwun ya Mbak sel.”
                        Atine Sela tambah bungah .


RAMPUNG





BIODATA PANYERAT :

·         Jeneng   :  Anggi Rizki Prabandari
·         Alamat  : Ds.Durenan , Kec.Durenan , Kab.Trenggalek
·         Telp      : 0895397070811
·         E.mail   : anggir088@gmail.com
·         Sekolah :  SMAN 1 DURENAN

·         Tataran  : XII IPA 3

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...