Jumat, 17 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Kekancan Selawase"

KEKANCAN SELAWASE
saking : Devyana Yuli Amaliasari

Dina iki, Diva duwe niat bakal nraktir kancane amarga dheweke lagi ulang tahun. Jam 3 sore Diva wis ana dalan nuju cafe Jejo kang panggonane ana ing kutha Trenggalek. Banjur wis teka panggonan, Diva dhewekan lungguh suwi ngenteni kancane.
Wis sejam kepungkur durung teka-teka. Ya mung hape sing bisa ngancani kesuwungane Diva, karo mung bisa clingak-clinguk etan kulon lor kidul ing sawatara Cafe. Saka njaba krungu suwara motor lan akhire kanca-kanca sing dienteni wis teka yaiku Nada, Rima, Very lan Dilon.
Jam nudhuhake angka papat. Kabeh padha jabat tangan.
"Ana apa ta kok suwi tenan dienteni sejam durung teka? Ngeneki aku sampe lumuten amarga ngenteni sliramu kabeh cah!" Pangucape Diva semu gela.
"Haha... ya pangapurane aku mau dadakan dikongkon Ibu tumbas beras menyang pasar sore," Jawabe Nada.
"Lha liyane? Awakmu nyangopo ya suwi pisan Rim? " pitakone Diva
"Owalah Div, iki mau dalane Ngadirenggo macet amarga ana becekan," Jawabe Rima
"Bener kuwi Div," ujare Very
"Kowe barang kuwi Ver, lanang adus kok limang jam dhewe pancen ngalah-ngalahne perawan," ujare Rima guyon
"Halah alah... aku adus sakjam wae ya diarani limang jam, pancen ngawur kowe kuwi" jawabe Very bales guyonane Rima.
"ya padha ae ta lah, sejam iku suwi banget"
"Lha tinimbang kowe, menyang cafe wae dadak gawe gincu kandel kok kemayu, arep mbecek opo piye ta hahaha?" Balese Very ora gelem kalah
"Heh ya rapapa ta wong wadon macak kuwi wajar," Jawabe Rima semu gela.
Kanca-kanca liyane amung ngerungokake debate Rima lan Very karo guyu ngakak.
"Uwis ta cah lekmu udur, aja kaya cah cilik . Ayo gek ndang lesen panganan selak wengi," panjaluke Dilon.

Banjur Diva pesen panganan. Ora let suwi arepe mbalik lungguh, Rima sing lagi nyekel Donat kabehe  sepulih biji, mara nuju Diva, Nada, Very lan Dilon  nyanyekake lagu marang Diva, "Happy birthday to you, happy birthday to you." Banjur Diva nyebul lilin sing ana tulisane angka wolulas. Diva kaget tur marem amarga oleh Surprise / kejutan saka kanca-kancane. Donat mau banjur dipangan bareng-bareng.
Pancen ya enak tenan, donat gaweyane Mak Pingah Kelutan sing regane telung ewu iki. Rasane ana papat yaiku coklat, kacang, keju lan nanas. Donat sing paling disenengi Diva ya iki. Saben mulih saka pawiyatan, dheweke mesthi mampir tuku donat menyang kene.
Sajak kerepe Diva tuku donat, dheweke diwenehi bonus donat sakbiji saka Mak Pingah. Mula Diva ngucapake matur suwun. Pancen apikan tenan Mak Supat iku, awehan tur sumeh marang wong liya.
"Ngomong-ngomong iki donat tuku ing endi to cah?," pitakone Diva
"Kuwi lho ing rokone Mak Pingah, Div. Geneya?" Jawabe Rima banjur nerusake Pitakon.
"Owalah pantes wae yen rasane enak tur empuk. Iki donat sing palibg daksenengi,"jawabe Diva

Uwis sakjam kepungkur, suwara adzan maghrib wis kumandhang. Diva lan kanca-kanca cepak-cepak arep bali saka Cafe Jejo. Banjur mlaku ing parkiran ngarep lan numpaki kendaraane dhewe-dhewe. Mari kuwi bablas Jamaah sholat maghrib menyang Masjid. Sawise nindhakake Jamaah Sholat Maghrib, Nada, Diva lan kanca-kanca banjur mulih ing omahe dhewe-dhewe.
Esuk iki Diva lagi sibuk resik-resik kamar. Kebeneran dina kuwi dina minggu, dadi Diva akeh wektu kanggo resik-resik kamar. Lagi nedheng-nedhenge mranata rak, buku karo ngrungokake radio, ujug-ujug hapene Diva muni "kling-kling..!" Ana whatsApp mlebu sajake.
Diva kelingan yen esuk iki janji arep mlayu-mlayu menyang lapangan Stadion Minak Sopal Trenggalek, karo kancane cah lima ora liya yaiku Rima, Nada, Very lan Dilon. Diva pancen duwe pakulinan lali yen ora dielingake. Sawise adus, Diva ngetokake tumpakan yaiku Scoopy ireng putih.
Diva ngenakake klambi coklat tuwek, suwal Ireng Lan jilbab Abang supaya yen keringeten ora bakal ketara amarga Klambine Peteng. sakdurunge Budhal, Diva ngaturaken Ibu Rumiyin, Salim banjur ngucapaken salam, "Bu, Diva bidhal olahraga rumiyin wonten Stadion Assalamualaikum," pangucape Diva dhateng ibu.
"Iya nak, Waalaikumsalam. sing ati-ati yen numpaki motor aja ngebut-ngebut,"dhawuhe ibu.
"Inggih Bu." sumaure Diva.

Sawise Diva lan Nada tekan stadion, banjur mlayu-mlayu dhisik amarga kanca-kanca liyane durung teka lapangan stadion. Wis oleh limang ubengan, Diva lan Nada leren sadhela lan ngombe banyu putih.
"Nad, kae sing ngenakake klambi kuning ndak ya Maulana? Bocah sing ndemeni kowe rong tahun kepungkur tapi mbok siya-siya." Pitakone Diva lan nerusake omongan.
"Dhuh... iya ya kuwi kaya Maulana. Aku ra ngiro yen saiki dheweke malih bagus lan gagah kaya saiki. Sebenere dheweke pernah nembak aku tapi tapi daktolak," jawabe Nada semu gela.
"Ya coba diampiri kana dhisik, kelingan opo ora karo kowe pisan karo silaturrahmi.”
Banjur Nada ngampiri Maulana.
"Assalamualaikum."
"Waalaikumsalam. Sinten nggih?" Jawabe Maulana bingung
"Iki aku Nada khairunnisa, kancamu mbiyen nang SMP."
"Owalah sampeyan to, pangkling aku. Piye-piye kabare Nad?" Pitakone Maulana.
"Kabarku apik mas. Eh iya iki Diva," pangucape Nada.
"Tepangake aku Diva. Isih kelingan ora karo aku?," pitakone Diva marang Maulana.
"Owalah Diva Permatasari. Isih lah wong awake dhewe kuwi sekelas ana SMP," jawabe Maulana.
"Syukur  lek ngono. Mendhunge sajake uwis peteng, aku karo Nada mulih dhisik wae ya. Assalamualaikum," ujare Diva.
"Waalaikumsalam," jawabe Maulana karo mesem sithik.

Diva lan Nada ora weruh yen Rima, Dilon lan Very uwis teka stadion kawit mau, amarga lagi  omong-omongan karo Maulana. Jam wis nudhuhake angka Wolu. Nada, Diva, Rima, Very lan Dilon pethukan ing njaba stadion banjur mampir ngandhok rujak ing warunge Bu Supat, Panggonane ora adoh saka stadion, kira-kira 200 meter. Ing kana, bocah enem kuwi guyon-guyonan, enek wae sing arep dicritakake.
Amarga kanca kuwi yen wis kadhung cocok tur trep, tetep bisa bebarengan kajaba yen wis wayahe manjing ngejar cita-cita. Yen duwe kanca sing tansah nulungi marang kabechikan, mula ngucapna matur suwun lan nyepengi tangan kanthi rapet, amarga nemokake kanca angel nalika ninggalake iku gampang.
                                        R A M P U N G



BIODATA PANYERAT
            Jeneng             : DEVYANA YULI AMALIASARI
            Alamat            : RT:17 / RW.08 Desa Krandegan, kec. Gandusari, Kab. Trenggalek
            nomer HP        : 082244517993
E- mail :  Devyana1999@gmail.com
            Pawiyatan       : SMAN 1 DURENAN
            Tataran            : XII IPA 3
            Absen              : 12


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...