DUDU PAKULINAN
Ara
ngelekake mripate, banjur jegegah tangi nalika soroting srengenge nrobos
angin-angin kamare. Age-age dheweke mudhun saka dhipan lan ngucap donga ing
batin. Sakwise nata kamar, dheweke menyang jedhing, saperlu raup lan wudu
kanggo sholat subuh. Dene anggone adus dina Minggu bisa di korting rada awan. Sing ora bisa di korting yaiku bab tangi isuk senajan dina Minggu apa libur. Jame
panggah. Disiplin mau di trapake ayah
bundane wiwit cilik senajan Ara mung anak tunggal. Sawetara anggone donga,
irunge kembang kempis mambu masakan
senengane. Mesthi iki bunda nggawe sega
goreng Jawa sing pedhes lan gurih. Pancen masakane bunda dijamin top.
Tanpa
ngenteni dtimbali, Ara metu saka kamar tumuju meja makan. Wah.. dikira dhisik dhewe, tibake ayah wis lenggah karo ngunjuk
teh anget, ngadhep sega goreng kebul-kebul.
Karo
nikmati sega gorenge, Ara matur wong tuwane anggone semayan karo Sonya arep
menyang toko buku.
“Bun,
bar sarapan Ara pareng menyang toko buku karo Sonya, nggih?”
“Sonya
sing rene apa Ara sing menyang omahe Sonya?” Bunda ganti ndangu.
“Numpak
apa menyang toko bukune?” Ayah uga nyuwun pirsa.
“Sepeda
montor, yah. Sonya wis nduwe SIM kok. Ayah Bunda ndhak usah kuwatir.
“Iki
ayah usul lho, ya. Piye yen Ara karo Sonya nunut ayah wae. Kebeneran ayah arep
menyang bengkel.” Ayah dhawuh sajak ora tega.
“Lha
iku jelas usul yang baik dong, yah.
Mengko mesthi di paringi konsumsi ta,
nek ndherek ayah.” Ara wangsulan ngalem.
“Wis-wis,
kena-kena wae. Gek ndang di sigegi piringe, njur siyap-siyap. Mengko nek Sonya
teka kari budhal.” Bunda mungkasi sarapan isuk kuwi terus miyes karo ngasta
sapu lan gunting, arep berkebun
dhawuhe.
Apa
sing di dhawuhne bunda bener. Ara lagi wae rampung nguncrit rambut nalika
keprungu swara montor mlebu pekarangan. Ning kok kaya ora mung siji.
“Sonya
ngajak sapa ya?” Ara mbatin sambi mlaku menyang ngarepan. Ketara saka ruang
tamu kanca-kancane salim karo bunda. Ayah uga wis ngetokake mobil saka garasi.
Wah.. tibake Sonya ngajak Dhamar lan Rido, kanca sakelompok tugas sing
referensine arep di goleko ing toko buku. Lha kok mung Dhamar lan Rido, Reni
menyang ngendi? Apa ora melu? Ana apa ya? ora smanta , Ara age age marani Sonya
nakokake Reni.
“Sonya,
apa reni ora di jak pisan ben kelompoke awake dhewe ki ketara kompak!” Ara nyedhaki
Sonya.
“Pas
tak telpon mau jarene ya melu. Malah wis arep budhal.”
“Ngene
wae, di enteni seprapat jam suwene, setengah jam nek ora teka di tinggal wae.
Piye?” Dhamar menehi solusi.
“Halah,
kok kaya ora ngerti reni wae. Omonge arep budhal, paling ya budhal adus.” Rido
sing kerep ngampiri Reni protes.
“Aja
ngono ta Do, dheweke kan anggota kelompok, apike ya dienteni sedhela.” Dhamar
sing pancen dhewasa tetep sabar.
“Masalahe
ki ngene lo Dham, Do,” Ara nyuwara. “Aku mau setuju ndherek ayah tekan toko
buku. Pisan ayahku arep menyang bengkel.”
“Terus
piye iki? Apa ora sungkan karo ayahe Ara nek dadak ngenteni Reni?” Sonya urun
rembug.
“Wis
ta, saiki pilih ngenteni Reni apa ndherek ayahe Ara! Nek tukang ngaret ki mbok di tunggu wong akeh ya
panggah ngaret. Ngono ki kulina
dadine. Ngremehne, dhumeh ana sing sabar ngenteni.” Rido wiwit ngetokake
siyung.
“Sabar
Do, sabar. Mundhak ludira inggil lho!” sonya nyelani.
“Ya
wis di enteni sedhela engkas ya! Aku tak matur ayahku.
“Huh!
Kepenaken! Pisan-pisan ki kudune di keki pelajaran, ben bisa ngregani wong
liya! Nek di togna yan ngene iki! Jan kok dadi pakulinan! Ana wae alasane
kasep!”
Kabeh
meneng wae ora ana sing nyauri. Kabeh ngerti yen Rido nesu tenan, amarga kulina
mleset yen janjian karo Reni.
Pirsa
ana sing ora beres antara kanca-kancane putrane, ayahe Ara marani sing padha
pating pethuthut.
“Ana
apa ta? Piye sida ndherek, om? Arahe kan padha.”
“Wah
.. jelas ndherek om. Lumayan, ngirit. Menapa malih menawi di traktir makan
siang.” Rido sing sakjane seneng guyon makili kanca-kancane. Nanging taksih
ngrantos juragan karet, nggih om,”
imbuhe. Dhamar lan Sonya mendelik bareng. Rido cuek. Dheweke isih ketara
mangkel. Ayahe ara enggal nengahi sing
sajake lagi padha udreg.
“Ngene
ya mas, mbak, telat utawa kasep utawa rada keri kuwi bab sing manusiawi. Mbok
menawa ana perlu sing kudu di dhisikake sing ora bisa ditinggal, ngono wae.”
“Nek
Reni menika sampun kulina kok, om. Sudah
mendarah daging pokoke. Tiada hari
tanpa terlambat.” Rido ngengkel.
“Wis-wis
ayo saiki coba di hubungi maneh wae. Di kandhani amarga wis awan sidane di
tinggal. Dadi dheweke ora kesusu lan ora kepikiran.”
“Pesene
om mung siji, yen telat kuwi dudu pakulinan, nanging kabeh mau bisa di ilangi,
di mareni. Piye carane?”
“Inggih
kadospundi, om?” Dhamar sing wiwit mau meneng wae takon marang ayahe Ara.
“Ya
kuwi saka awake dhewe. Disiplin tanpa kudu ana peraturan. Apa sing kudune di
tindakake, ora ngluru-ngulur wektu, enggal di tindakake. Dadi sakabehe entheng
ora ndadekake sanggan. Pakulinan kuwi sing apik-apik wae, kayata tangi isuk,
maca buku, olah raga uga mbantu wong tuwa. Denepakulinan ala kuwi sakbenere
dudu pakulinan, nanging merga wegah, males, lumuh, ora bisa ngatur wektu.”
Bocah
papat monthakmanthuk anggone ngrungokake dhawuhe ayahe Ara. Ing batin padha
nyathet lan arep nindakake kaya apa kang wis di rungu.
Sakwise sewetara, lan bocah-bocah mau
padha katon seneng mareh, ayahe banjur ngajak budhal. Ana ndalan bocah papat
iku ketara seneng banget. guyon, gegojegan, nangin ora ninggal sopan santun.
Pengalaman dina iki mau sajake nggawa ilmu mirunggan ing cathethane bocah-bocah
mau. Minangka wong tuwa, ayahe Ara muung bisa ndedonga kanggo putrane lan uga
generasi mudha, dadia wong sing mugunani tumrap bangsa lan masyarakat agung.
Dening :
Jeneng :
Devinta Sisca Yuwandari
Alamat :
Dsn. Kranding, Ds. Bendorejo, Kec. Pogalan, Kab. Trenggalek.
Telp. :
082232009231
Sekolah :
SMAN 1 DURENAN
Tidak ada komentar:
Posting Komentar