LAKU
UTAMA
Esuk
iki langite katon isih peteng, lan hawane uga adhem banget. Nanging kuwi kabeh
ora nyuda kekarepane Bu Parti dodol sayur kanggo nyukupi kebutuhan keluargane.
Sanadyan nyambut gawe kuwi abot, nanging Bu Parti ora tau ngresula beda karo
dulure sing jenenge Pak Toni kang uga dadi tanggane, nanging Pak Toni nduweni
watak kang ala lan padha karo garwa putrane Mike, sugih tapi kikir. Yen ana
tanggane nyuwun tulung kayata dhuwit, Pak Toni uga pikir-pikir lan banjure
panggah ora gelem nyilihi dhuwit. Amarga mangkono kuwi, tangga-tanggane padha
ogah srawung lan ora tau semanta marang keluargane Pak Toni. Mangerti yen kahanane
ngono kuwi, Pak Toni sansaya angkuh, wayahe tobat malah njur saya gedhe anggone
gedhi ndase.
Bu
Parti ditinggal bojone wis telulas taun suwene, amarga bojone Bu Parti duwe
bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Zidni, putrane Bu Parti siji-sijine sing isih
kelas 1 SMP kang luwih milih urip melu ibune.
Sesuke, Bu Parti menyang pasar jam
setengah papat esuk, saben dina zidni ngrewangi ibuke nggawa dagangan menyang
pasar. Sawise ngeterake dagangan, Zidni bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap
mangkat sekolah. Zidni kalebu bocah sing pinter lan sregep, dheweke bisa
sekolah ning SMP sing mutune unggulan ing kecamatan.
Dina iki dagangane Bu Parti lagi
sepi, amarga mangsa rendheng akeh sayur gagal panen. Lan Zidni lagi butuh
bayaran kanggo tuku sepatu lan buku anyar. Bu Parti mung bisa ngupayakake
kanggo kebutuhan saben dina. Amarga wis awan Bu Parti nata dagangane sing arep
digawa bali. Nalika tata-tata, Zidni nyusul menyang pasar mbantu ibuke. Dina
iki lagi ana rapat, saengga kabeh murid bali luwih cepet.
Esuk, Zidni arep mangkat sekolah,
atine tansah gundah amarga durung bisa mbayar buku. Bu Parti ngerti kang
dirasakake putrane.
“Le,
ibu ngerti kowe lagi susah amarga durung isa bayar buku. Naning, ibu saiki
durung duwe dhuwit kanggo mbayar. Ibu rencana arep nyilih dhuwit menyang
pakdhemu dhisik.”
“Mboten
usah Bu, ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.’’ Semaure Zidni nentremne atine
Ibuke.
“Iki
wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk ngapura lan ojo susah” Pungkase
Bu Parti nglipur putrane supaya ora sedhih.
“Inggih
Bu, kula badhe bidhal sekolah rumiyin” Zidni pamitan lan salim marang ibuke.
Banjur Bu Parti nyilih dhuwit
menyang dulure, nanging Pak Toni ora kersa nyilihi uga malah ngusir, sugih
nanging pelit. Sejatine, Bu Parti kang dadi dhulure uga ngelengake lan menehi
saran marang keluargane Pak Toni, amarga isih rumangasa sugih dhewe. Bu Parti
mung mbatin. Muga-muga Pak Toni lan keluargane uga diwenehi cahyo lan bisa
rukun marang tanggane.Bu Parti njur bali lan nebah dada.
Keluargane Pak Toni ora tau srawung
karo wong sedesa, jare wong sedesa ora ana sing selevel karo keluargane. Wis
ana setahun urip nang daerah kono, nanging tetep arogan. Akeh wong kang mikir keluarga kuwi korupsi, amarga sugihe
ndadak. Keluargane Pak Toni ana 4 yaiku
garwane, anake ana loro jenenge Mike, lan Ria.
Dina
minggu keluarga kuwi lunga kabeh nanggo mobil pribadi, omahe di kunci kabeh,
sekeluarga lunga kabeh nanging ora ana tangga kang ngerti. Awane omahe Pak Toni
kobongan. Tanggane arep nulungi nanging omahe dikunci rapet banget, omahe di
pager beton ora ana wong sing bisa mlebu, dadi ora ana kang bisa nulung, omahe
kobongan njur dadi awu kabeh.
Nalika
keluargane Pak Toni bali, kaget weruh omahe kobongan sampek dadi awu. Pak Toni
nuduh tangga-tanggane ngarani sirik marang dheweke amarga dheweke luwih sugih.
Banjur tangga-tanggane crita yen arep nulungi nanging ora bisa krana omage
gedhe tur pager beton lan dikunci rapet banget dadi ora ana sing bisa nulungi,
Pak RT arep nelpon nanging ora dhuweni nomere Pak Toni, akhire tangga-tanggane
ngejarno omahe kobongan.
Akhire
Pak Toni lan keluargane nyadari yen dhuwit sing dienggo mbangun omah hasil saka
korupsi (dhuwit haram), uga nyadar yen nyatane selama iki wis sombong karo wong
liya termasuk ora gelem nulungi dulure dhewe. Ora rada suwe Pak Toni ketangkep
polisi amarga nyelewengne dhuwit perusahaan, lan sakabehe aset disita
perusahaan. Garwa lan putrane pindah omah amarga isin marang tanggane.
Dening
Jeneng :
Hafizia Vitayala Bastomi
Alamat :
Desa Kamulan, Rt:09, Rw:02.
Telp. :
0895366966819
Sekolah :
SMA NEGERI 1 DURENAN
Tataran
kaping : XII IPA 3
Tidak ada komentar:
Posting Komentar