Jumat, 17 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Mahasiswi Farmasi"

Mahasiswi Farmasi

Jenengku Fida, aku mahasiswi anyar utawa kang biasa diarani Maba ing universitas xXx. Seminggu masa-masa angel wis tak lewati, sengsara ngerjakne tugas nganti brgadang wis karek kenangan amarga ospek uwis tuntas. Lan dina iki uripku dadi mahasiswi farmasi diwiwiti.
Teka kampus aku ketemu Rita lan Lisa kang lagi ngomongne seragam resmi fakultas. Rita lan Lisa iku kanca akrabku awit lekasane ospek. Rita cerito yen deweke kerep dikira mbak-mbak spg . Ora let suwi teka kating menyang kelasku, aku ora sadar yen tebakno aku keturan nganti kating iku metu saka kelasku. Banjur Lisa nggugah aku
"Da Fida pas awakmu turu, bocah-bocah wes padha oleh jurnal." ujare Lisa
"Kating menyang kelas mau ana apa !! Aku ora kok gugah ki poye lo Lis ! Gek lek aku dihukum piye ngene ki, aku urung oleh jurnal pisan." Aku kaget karo setengah merem melek amarga tangi turu.
" Jarene sing urung disilih jurnale kating Fid, mergane ora ana sing wani nyilih." ujare Rita kang ana ning sandingku.
Aku banjur cepet-cepet melayu goleki kating lan aku ngupayakne sekuat tenaga amrih aku oleh silihan jurnal saka kating.
"Awakmu sing turu pas aku ngomong neng kelas maeng kan ?" Ujare kating mara-mara.
"Inggih mas, kula nyuwun sepura." ujarku karo setengah gupuh.
"Ana perlu apa awakmu nemani aku ?" ujare kating.
"Kula badhe ngampul jurnale sampeyan mas, jarene kanca-kanca kantun jurnale sampeyan ingkang dereng kasilih" uajrku isih karo gupuh.
"Iya wes ndakpapa silihen jurnalku." ujare kating bar rodok mikir sedela.
"Alhamdulillah, matursuwun mas." jawabku kanthi lega amarga wes oleh silihan jurnal.
Sawise pamitan karo kating aku banjur balik ng kelas. Aku cerita ng Lisa lan Rita yen aku wes oleh silihan jurnal. Aku lega banget amarga jurnal iki penting banget digawe panduan pas wayah praktikum. Dina pertama ng kampus tak lewati kanthi seneng lan semangat. Sakbubare urusan dina iki aku, Lisa lan Rita banjur langsung mulih.
Aku wes kerasa luwe banget, mulane aku mulih cepet-cepet.
"Assalamualikum." Aku salam pas teka omah tok.
"Waalaikumsalam nduk, gek ndang maem lek wis teka omah ngene ki, ibuk.  wes masak sayur asem. " dhawuhe ibukku. Pancen nyatu lek ibukku ki ibuk paling peka  sakdunya.
"Enggeh buk siyap, kula ganti ageman rumiyen." jawabku.
Sakwise ganti klambi aku langsung mara ing meja makan. Sakbubare maem aku balik ng kamar amarga mulihku wis surup. Ora suwi krungu adzan maghrib aku langsung tangi lan shalat. Aku ngenteni manjing wayah isak pisan banjur aku langsung turu amarga sesok masuk esuk.
Sesuke jam 04.30 WIB aku tangi lan shalat shubuh banjur adus. Sakwise aku siyap, aku sarapan disek banjur pamitan bapak ibuk.
"Assalamualaikum Pak Buk, kula bidhal kuliah rumiyen." ujarku.
"Waalaikumsalam, ngati-ngati nduk." dhawuhe bapakku.
"Enggeh Pak." ujarku.
"Ngati-ngati cah ayu, lek wes bubar sekolahe gek ndang mulih aja wengi wengi." Dhawuhe ibukku kang mbengok2 saka pawon
"siyap buk." ujarku
Sak tekane kampus Aku, Lisa, Rita lan bocah-bocah liyane langsung menyang laboratorium  amarag saiki jadwale praktikum kang dibimbing Bu susi. Sakdurunge praktikum diwiwiti Bu Susi njelasake peraturane.
"Cah peraturan sing kudu kok lakoni yaiku nggawe jas praktek, topi praktek lan sepatu karet kudu digawe pas praktikun." Dhawuhe Bu Susi.
"Enggeh Bu". Ujarku lan cah-cah.
Sawise Bu Susi njelasake peraturan, aku lan cah-cah ngelekasi anggone praktek.
"Duh aku lali ndak jupuk pipet, aku ngampil pipetmu Lis ?" Ujarku.
"Weleh osek tak kanggekne iki lo Fid." Ujare Lisa
"Hoalah ya uwes lekno tak jupuk dewe." Aku banjur melaku nang rak panggone bahan obat. Aku terus nggerus-nggerus obate, tebakna ya marakne tangan keju-keju.
"Aduh, serbuke utah." Ujarku pas serbukku mara-mara utah. Sawise wes bar anggonku nggerus aku melayu arepe nimbanh obatku.
"Fid ndak usah melayu-melayu, Mlaku biasa waelah. " Ujare Rita.
Sakwise ditimbang obat kang wes dadi dibungkus banjur diserahake Bu Susi.
"Weleh Fida, lekmu bungkusi obat kok dawa-dawa ngene ki piye sampek adahe ndak kenek ditutup." Dhawuhe Bu Susi diiringu guyu. Aku isin banget lan frustasi dadi siji. Akhire obat pertamaku wis berhasil.tak gawe. Obatku banjur tak poto lan tak upload  menyang Instagram amarga saking senengku. Masia angel tapi aku bersyukur isa kelebu ing fakultas farmasi. Senajan sek ana dina-dina bakale kang luwih angel aku bakal berusaha terus amrih dadi mahasiswi kang bisa diandalne lan bisa gawe bangga Bapak Ibuk.












BIODHATA PANYERAT
 




Jeneng   : Lovely Fida Nurfaiziah
Alamat   : Rt. 15 Rw. 07 Ds. Sukorame Kec. Gandusari Kab. Trenggalek
Telp   : 082359133752
E-mail   : lovefnr07@gmail.com
Kelas   : XII IPA 3
Urut Kaping   : 24
Pawiyatan   : SMAN 1 Durenan




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...