MESTHI ANA HIKMAH SABEN KEDADEAN
Ing
desa ana keluarga cilik isine amung uwong 4. Keluarga iku nduweni ekonomi sing
pas-pasan. Anake kabeh uwis sekolah. Anake sing nomer siji jenenge rara. Rara
kuwi ndueweni watak sing apik lan seneng ngewangi ibuke. Beda maneh karo
adhike, adhike sing jenenge wawan kuwi penggaweane isane amung nggawe perkara
saben ing omah. Bapak lan ibuke amung isa ngelus dada nyawang polahe anake
nomer 2 kuwi.
Sawijining dina, Rara sawise lulus
SMP arep nerusne sekolah menyang SMA. Rara omong menyang ibuke ” Buk, kula
badhe nyuwun dhuwit badhe nglunasi seragam, menawa mboten nglunasi mangke
mboten angasal seragam SMA”.
Ibuke
nyauri ”mbayare pira nduk?, apa larang?”
Rara
mikir banjur omong menyang ibuke ”600.000 buk, punika didhamel mbayar seragam
kaliyan daftar”.
Ibuke
nyauri maneh “iya ndhuk, nanging ora saiki ya. Ibuk isik urung enek dhuwite.
Engko wae diomongne bareng-bareng kalian bapak”.
Rara
nundukake sirahe karo ngomong “inggih mboten napa-napa. Mboten kesusu”.
Sorene Rara ngewangi ibuke nggawe
jajanan, banjur jajanane iku mau dititipne ing warung cedhak omahe. Ibuke Rara
ora saben dina nggawe jajanan amarga modale amung titik lan bathine punika mboten
akeh.
Sorene kuwi bapake Rara mulih saka
kerjane. Rara banjur nyepakake kopi kanggo bapake.
“Punik
pak kopine” Rara ngomog karo nggletakne kopi ing meja.
Bapake
nyauri “Matur suwun yo ndhuk, iki maeng ibu lan adhikmu nyandi kok ora enek?”.
Rara
njelasne “Ibuk dhateng warunge bu Eni, menawi adhik kula mboten ngertos amargi
mau sakderenge medal mboten pamit kula”.
Bapake
omong maneh “Adhikmu kuwi ya ngono kuwi, menawa arep metu mesti ora tau gelem
pamit. Ngono engko biasane balike mesti wengi”.
Rara
nambahi “Inggih pak biasane Wawan punika medal kalian kanca-kancane”.
“ya
uwis ndhuk ora opo-opo. Bapak arep adhus dhisek ngono”. Bapake ngomong kalian
mlaku menyang mburi
Rara
njawab “Inggih, mangga pak”
Bengine Rara bapak lan ibuke kumpul
ngrembug masalah biaya daftar sekolah kalian seragame Rara. Bapake Rara
njanjeni arepe mbayar seeminggu sakdurunge sekolah amarga saiki bapake durung
ana dhuwit. Rara senajan bocah ingkang nurut kalian wong tuane dadine nurut wae
lan ndongakne bapak ibuke supaya lancar rezekine.
Ora suwi ngono sawise ngrembug
masalah biaya sekolahe Rara. Adhike Rara sing jenenge Wawan mulih.
Bapake
takok menyang Wawan “Le, awakmu saka ngendi wae saiki kok isik tas mulih?”
Wawan
nyauri “saka omahe kancaku pak”
Ibuke
Wawan melu takok “maeng uwis maem opo urung?, kwae menawa durung maem njupuk
dhewe ing mburi”.
Wawan
nyauri maneh “uwis, mwaeng tumbas ing warung”.
Sawise
nyauri Wawan banjur menyang mburi arep adhus. Sawise adhus Wawan langsung turu.
Ora gelem omong-omongan dhisek karo keluargane.
Seminggu sakdurunge mlebu sekolah
Rara uwis diwenehi dhuwit kanggo mbayar seragam. Dhuwite mau diklummpukne
bapake saka kerjane dadi hansip. Iku wae isik ditambahi nggolek kerja liyane.
Amarga kui bapake isa mbayar seragam lan daftarne seolah aneke kuwi mau.
5
dina sakdurunge sekolah Wawan omong kalian bapak lan ibuke “Pak buk kula
njenengan tumbasna sepeda onthel. Kanca-kancaku akeh sing nduwe sepeda onthel,
aku durung nduwe”
Ibuke
ngomongi Wawan “ojo saiki ya le, ibuk karo bapak isik durung enek dhuwit.
Dhuwite isek tas digwae mbayar seragame mbakmu”.
Bapake
Wawan nambahi “iya, dhuwite isik tas digwae mbayari seragame mbakmu”.
Wawan
banjur omong maneh “poko’e menawa aku mboten di tumbasne sepwaeda onthel aku
ogah sekolah.”
Bapak lan ibuke kaget krungu Wawan
omong ngono. Bapake ngomongi Wawan maneh “ojo ngono le, sekolah kuwi wajib,
jajal sawangen mbakmu, nanging wis arep
SMA wae ora njaluk sepeda onthel”.
“Umpama
bapak lan ibuk nduwe dhuwit ya ditumbasne le tapi dhuwite isik tas digwae
kanggo mbayar sergame mbakmu”. Ibuke wawan nambahi
Wawan
banjur ngadek arep ngalih kalian ngomong “ya bene, menawa aku ora ditumbasne
sepeda onthel aku ogah sekolah”.
Akhire
bapake mikir carane pye supaya oleh dhuwit kanggo nukokne sepeda onthele Wawan.
Bapake wawan akhire kepeksa adhol wedhuse kanggo nukokne sepeda onthel Wawan.
Sedina sawise sekolah sepeda onthele
Wawan ilang amarga sakdurunge Wawan kerep pamer sepeda onthele marang
kanca-kancane. Akhire enek kancane Wawan sing iri lan ngincer sepeda onthele
Wawan. Sepeda onthele Wawan iku mau didol nyang kancane Wawan amrih ora keruan
Wawan.
Saiki wawan mng isa nggetuni nyapo mbiyen
kok seseumbar mbarang. Bapak lan ibuke wawan malah nyeneni Wawan . sawise
kejadian kuwi Wawan saiki malih rubah dadi bocah sing kenek ditata amarga
trauma sepeda onthele ilang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar