Jumat, 17 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Nyasar Adoh"

NYASAR ADOH

Dina iku pas wae dina Minggu,Santi ora sekolah mula bar tangi turu langsung umbah-umbah lan resik  – resik omah.
“San,ndang tumbasa sayur mae Pak Mat!”.Ujare ibu.
 Banjur Santi sing tas wae njereng klambi langsung jawab ”Inggih,buk rumiyin”.
Bar tumbas sayur ,Santi ngrewangi ibune masak ning pawon gawe sarapan.
Jam ning ruang tamu wis nunjuk menawa yen wis jam 7 kurang titik.Isuk iku  ibune Santi mung masak sayur lan lawuh , amarga segane wis mateng mau subuh ning magigjar .Mase Santi,Teguh sing wae tas tangi turu langsung ning pawon karo klular – klulur,aras – arasen.
 “Buk,pun mateng ta?”Ujare mas Teguh.
”Urung,le sedhela maneh paling wis mateng.”Kira- kira ana  setengah jam luwih Santi karo ibune wis ngrampungake masakan.
“Le,sarapane wis siyap ,sik adus kono banjur sarapan terus budhal.”
Santi isih bingung amarga dina Minggu mase uga libur kerja ,terus ibune ngutus budhal nandi ya...?Pikire Santi ning ati .Bapake Santi sing lagi ngumbah motor ning ngarep omah uga nyambung.
 “Le,adhikmu jak’en pisan gen weruh”.
. Inggih pak,mengke Santi kula jak’e.” Ujar mas Teguh.
“ Ya,wis ndang aduso!”Bapak ngutus Teguh.
Ora let suwi bar adus Teguh lungguh ning pawon banjur sarapan .
            “San,yo tak jak dolan-dolan.”
            “Kadingaren ,ngajak dolan.Tapi arep dolan nandi?”Sumaure Santi sing penasaran.
            “Ning Kediri ,dolan mae pakdhe Suryono .Diutus bapak lan ibu rana supaya weruh daleme”.
            “Oalah ning Kediri ta....numpak bis berarti?”.Ujar Santi marem.
            “Ya,mesti ta.Numpak bis wae ben cepet ora kesel”.
Bar kabeh wis mari sarapan Santi siyap-siyap arep tumbas oleh-oleh .
            “Mas nyapo awake kudu dolan mae Pakdhe Suryono?”.
            “Ya,jelas iku penting banget dhik.Bisa ngraetake pasaduluran ,silaturahmi kan ndak ana salahe”.Jawab Mas Teguh njelasne.
Akhire sawise rampung tuku oleh-oleh banjur bali mulih ning ngomah gawe pamitan marang bapak lan ibune.
            “Buk,pak kula kaliyan adhik badhe budhal rumiyin nyuwun do’anipun supados slamet”.
            “Iya le ngati-ati”.
Santi karo mas e banjur budhal ning terminal lan nitipne motor ning tempat penitipan motor,banjur numpak bis jurusan Kediri-Surabaya.
            “San,ayo selak kasep ,uga selak awan”.
            “Oke”.
Ning njero bis Santi uga ngantuk banget,amarga mau bengi lek turu kewengen lan kenek AC tansaya siyut-siyut.
            “Mas,aku tak turu sik ya,mengko lek wis teka aku gugahen!”.
            “Halah,mosok sik isuk wis arep turu eneh”.Ujare Mas Teguh.
            “Wista aku jan ngantuk banget”.
            “Ya,wis turua!”.Saurane Mas Teguh karo dolanan HP.
Ora let suwi mase uga melu-melu ngantuk amarga ora enek bature omong-omngan ,lan malah melu-melu keturon.
Bocah loro sampek bis e wis teka Surabaya.
Santi tangi lan kaget,batine dheweke lek turu kok suwi timen.
            “Mas,tangi!”.Santi nggugah mas e
Karo kriyip-kriyip Teguh tangi.
            “Iki ,awake wis kasep adoh mas .Sawangen dalan-dalan kabeh alamate Kertosono”.Ujar Santi bingung.
            “Astagfirullahhaladzim.Iya dhik”.Jawab Teguh.
            “Ya,wis ayo ndang medun,terus golek bis maneh sing jurusane Kediri”.Santi ngomong.
            “Ayo,cepet”.Jawab Teguh
Dadine bocah loro ,kakang adhikkuwi bali medun golek bis eneh sing jurusane Kediri.Ning dalan Santi karo mas e uga panggah udur-uduran.
            “Iki ,salahmu San dadak turu ning bis”.Ujare Teguh.
            “Lho ,ya salahe sampeyan barang ta,nyapo melu-melu keturon”.Jawab Santi mbela.
            “Ya,wis aku ngalah.Aku ya salah “.Ujare Teguh.
Bis jurusan Kediri banjur diendek lan banjur numpak.Ning njeo bis Santi lan mas e sepakat menawa ora oleh ana sing turu maneh,supaya bisa teka daleme Pakdhe Suryono.
Sekitar sak jam luwih ,Santi lan mas e wis teka terminal Kediri lan uga wis dipapak kulawargane Pakdhe Suryono.
            “Le,kok suwi timen lho,,”Pitakone Pakdhe Suryono.
            “Inggih Pakdhe,wau kula kalih Santi keturon wonten bis lan malah bablas dugi Kertosono”.Jawab Teguh.
            “Astagfirullohhaladzim,iki mau nyasar teka kono,ya wis penting saiki kabeh wis slamet.Ayo gek ndang ning mae pakdhe gek ndang leren kabeh”.
            “Inggih pakdhe”.





BIODHATA PANYERAT:
Jeneng: Desy Ratnasary
Alamat:Ds.Karanganom,kec.durenana,kab.Trenggalek
Telp.:085815532926
Sekolah :SMAN 1 DURENAN
Tataran kaping: XII-IPA 3
Urut kaping:10


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...