TITISANE SAMSUL
Glodek! Glodek!.. Bengi-bengi Samsul
nglilir amarga krungu swara sing metu saka lemari. Samsul tansah tangi ndelok
apa sing ana ing njero lemarine. Samsul kalem-kalem mbukak lawang lemarine,
nalika arep mbukak lemari Samsul krungu maneh suara saka njero lemari. “Apa ta
sing ana ing njero lemariku iki” pikire Samsul. Krana wedi Samsul ora sida
mbukak lemarine banjur mapan turu maneh karo krukupan kemul.
Krana penasaran, tangi turu Samsul
langsung mbukak lemarine lan tibane ora ana apa-apa liyane klambi. “Halah ora
ana apa-apa” atine Samsul lega. Samsul banjur adus amarga arep sekolah.
Sakdurunge budhal sekolah, Samsul sarapan dhisik.
Sawise teka sekolahan, kelase Samsul
ora ana gurune amarga guru-guru padha rapat. Krana ora ana gurune, Samsul lan
kanca-kancane ngomongne liburan sing arep dienekne kelas. Sapa wae sing
kepingin melu lan liburane menyang ngendi. Kabeh padha setuju melu lan menehi
usulan kanggo panggonan liburan. “Cah, umpama liburan iki awake menyang gunung
lan kemah menyak kana kepriye? Menyang kana awake bisa nyegerne kahanan utek
lan pikiran” usule Samsul.
Kabeh wis padha menehi usulan lan
akeh sing milih usulane Samsul. “ Berarti wis sah yo cah, liburan iki awake
kemah” Tono karo mesem. “ Lha kemah ing gunung ngendi iki?” Rini ketua kelas. “
Umpama ing Gunung Tengu kepriye cah?” usule Bejo. Krana kabeh wis padha setuju
karo usulane Bejo, kelase Samsul rembugan ngomongne peralatan lan barang-barang
sing arep digawa.
Ing omah Samsul isih mikir apa sing
mambengi ana menyang njero lemarine. Bengine Samsul isih penasaran karo
lemarine. “ Kok ora ana maneh ya swarane” Samsul nang kamar karo nyawang
lemarine.
Jam 22.00 Samsul mapan turu, lampu
kamare banjur dipateni. Jam 02.00 Samsul nglilir lan krungu ana wong omong saka
njero lemari “ Sul, kowe aja melu kemah, ing omah wae” swara saka njero lemari.
Samsul kaget, bingung, lan wedi. Samsul ora wani ndelok, dheweke malah krubutan
kemule karo nggreweli.
Isuke nang sekolahan Samsul mikirne
apa sing muni saka njero lemarine. “ Swara apa ya mambengi, gek nyapo aku kok
ora oleh melu kemah” pikirane Samsul sing penasaran.
suwe
Samsul mikir, akhire Samsul panggah melu kemah menyang Gunung Tengu.
Wayahe liburan wis teka. Akhire
Samsul lan kanca-kancane bisa kemah menyang Gunung Tengu. Isuk-isuk bocah-bocah
wis padha kumpul menyang sekolahan. Sawise diabsen bisa banjur budhal menyang
Gunung Tengu.
Ing dalan, Samsul isih mikir apa
sing muni saka njero lemari. Samsul malih rada wedi karo perjalanane, lan
was-was sakdawane dalan. Sawise teka Gunung Tengu bocah-bocah marem banget
amarga hawane sing isih asri.
Sadurunge budhal menyang pucuk
gunung, bocah-bocah padha nyiapke alat sing arep digawe ndaki lan nggawe
kelompok. Per kelompok isine wong 6. Sawise siyap kabeh bocah-bocah budhal
menyang pucuk gunung lirih-lirih.
Sawise teka pucuk gunung,
bocah-bocah padha seneng la nana sing mbengok-mbengok amarga pemandangane sing
apik lan hawane sejuk. Ora pengen kelangan waktu, Samsul lan kanca-kancane
foto-foto menyang kana. Amarga tekane wis rada sore, Samsul lan kanca-kancane
ngedekne tenda kanggo panggonan turu.
Bengine bocah-bocah api unggunan
karo nyanyi bareng-bareng. Samsul nyawang kanca-kancane sing marem malih
tentrem atine. Sawise nyanyi bareng ketua kelas kepingin cerita horror.
Bocah-bocah sing ngrungokne tansah wedi, amarga ceritane medeni banget.
Sesuk esuke Samsul lan kanca-kancane
nggawe acara jelajah alam. Saben-saben kelompok diolehi mlaku-mlaku menyang
ngendi wae nanging ora oleh adoh-adoh saka tenda lan kudu mbalik jam 3 sore. “ Cah
mengko jam 3 sore saben-saben kelompok kudu wis kumpul menyang tenda, ora oleh
ninggalake kancane, Ok” ketua kelas ngomongi karo swara sing tegas. “ Siap”
bocah nyauri.
Saben kelompok budhal dewe-dewe.
Samsul lan kanca-kancane marem banget bisa mlaku-mlaku menyang sekitar gunung.
Pemandangan lan suasanane sing nentremke ati, kuwi sing marai bocah-bocah
marem. Sawise jam 2 sore Samsul lan kelompoke arep balik menyang tenda, nanging
wis setengah jam mlaku ora teka-teka. Samsul lan kanca-kancane wedi lek wis
nyasar adoh saka tenda.
Wis jam 4 sore, nanging Samsul lan
kanca-kancane ora teka-teka menyang tenda, krana wis padha kesel Samsul lan
kanca-kancane leren. Samsul mikir “apa krana iki sku ora oleh melu kemah”
Samsul wedi yen ora bisa balik menyang tenda.
Samsul kaget krana kaya krungu swara
wong saka kadohan “ Sul, Sul” swara saka kadohan. Samsul tansah nggoleki swara
sing nyeluk jenenge kuwi mau. Samsul tansaya wedi amarga ora ana sapa-sapa
menyang kana liyane kanca-kancane. Rada suwe maneh Samsul krungu swara “ Sul,
turuten dalan ing ngarepmu kuwi aja menggak-menggok lan aja nolah-noleh”. “
Cah, swara apa kae?” Samsul kaget. “ Apa sul, aku ora krungu apa-apa?” jawabe
kancane.
Samsul wedi nanging ya bingung “
Swara apa kae mau, kancaku kok ora ana sing krungu” pikire Samsul. Krana wis
kepepet akhire Samsul nuruti apa sing diomongne swara ranggenah mau.
“ Cah, aku maeng krungu swara sing
ngongkon awake nurut dalan iki, ora oleh nolah-noleh lan menggak-menggok”
Samsul ngomongi kanca-kancane. “ Iya Sul, aku manut” kanca-kancane njawab karo
pasrah lan wedi. “ Iya sing penting awake wis usaha”cawise Tono.
Sawise diturut, delalah teka tenan
menyang tenda. Ing tenda bocah-bocah padha wedi lan nakoni kelompoke Samsul “
Nyapo jam 6 kok isih teka” ketua kelas nyeneni kelompoke Samsul. “ Sepurane
cah, iki mau aku nyasar lan lali dalane mbalik”. Samsul lan kanca-kancane
tansah nyritaake kejadian sing diliwati sampek bisa mbalik. Krana kabeh wis
kesel, bocah-bocah padha mapan turu ing tendane dhewe-dhewe.
Wis seminggu kepungkur Samsul lan
kanca-kancane kemah, nanging Samsul isih ora nerti apa singt bisa nggawe samsul
bisa krungu swara-swara sing aneh. Samsul sing bingung tansah dolan menyang
daleme mbahe. Ing kana Samsul takok-takok menyang mbahe “ Mbah, kulak ok krungu
barang-barang sing mboten nggenah nggih kaya naming kula sing bisa krung,
padahal kanca-kanca kula wonten teng celak kula” Samsul isih penasaran.
“
Owalah, kowe wis bisa ngrasakne ta Sul?” jawab mbahe karo mesem. Samsul amung
bisa meneng karo ngrungokne mbahe sing cerita. “ Ngene Sul, aku mbiyen ki tau
diomongi karo swara-swara sing sulap nalika aku isih mertapa menyang gua tomolo
, lek aku mbesuk nduwe putu sing nduweni kaluwihan, lan amarga nduweni
kaluwihan putuku arep diwenehi titisan kanggo nglindungi ragane” mbahe sing
isih cerita “ Kira-kira ngene lek muni Sul, “ Hei manungsa, tangia saka tapamu
lan pikulen omonganku, sawise kowe tangi saka tapamu paranana putumu sing tas
lair lan jaganen terus, aja sampek putumu cilaka lan kleru dalan. Amarga putumu
nduweni kaluwihan sing ora diduweni wong liya lan putumu tak wenehi titisan
sing bisa njaga lan bisa dadi kancane yen wayahe wis teka sadurunge dina kuwi
teka jaganen terus putumu” mbahe Samsul sing nyritaake kejadian mbiyen
.
“ Mbah aku kok malih wedi ta mbah” Samsul ndredeg. “ Woles wae Sul, ora usah
wedi, titisanmu kuwi mesti bisa mbantu kowe lek kowe lagi susah sok lek wis
wayahe, kowe mesti ngerti” mbahe nyakenne Samsul. “ Huh enggih mbah kula
ngerti” Samsul lega banjur tansah bali.
Mbahe Samsul sing tas cerita ngono
mau isih kepikiran lan rada nemen ngawasi Samsul.
BIODHATA PANYERAT

Jeneng : Viddo erdyone ilham
Alamat : rt 26, rw 06, desa watulimo,
kec. Watulimo, Kab.Trenggalek
Pawiyatan : SMAN 1 DURENAN
No.wa : 081333972336
IG : Viddo_erdyone
Kelas : XII IPA 3
No absen : 36
SAREH WAE MLAKU TERUS
Tidak ada komentar:
Posting Komentar