TULUNG TINULUNG
Brem... nalika arep budhal sekolah
numpak sepedhah motor. Jumat dina iku aku budhal sekolah jam 6 luwih 15
menit,wektu sing di butuhne ing sekolahan kira kira 30 menit. Dina iku cuacane
adem akeh kabut lan rada grimis. Aku budhal sekolah lewat dalan sing rada
munggah, nanging aku ning tengah dalan ke-ntekan bensin. Aku bingung banget
jalaran ing dalan kae mau jarang diliwati wong akeh ,aku kepingen banget supaya
enek wong kang liwat banjur nulungi aku.
“Tin...tin...!!!” aku kaget nalika krungu
suarane sepedhah motor saka mburiku, tak sawang wonge isih gawe sragam sekolah
kaya aku. Dheweke banjur takon
“Mbak tak ewangi nyurung.” wonge
mudun saka sepedhahe lan banjur nulungi aku
“Inggih mbak.” aku nyawang karo
mlongo amarga ora percaya wis jam setegah 7 dheweke isih gelem nulungi aku
sampek teka dalan rata,ora munggah. Ing kana aku lan dheweke taksih bingung
kepriye carane supaya aku iso tuku bensin amarga ing dalan kana mau ndak enek
bakul . akhire dheweke munggah ing ramene desa kanggo tuku bensin. Aku
ditinggal kae mau dhewekan.
“Iki mbak bensine.” nalika dheweke
karo maringne bensin sing digawa ing sepedhahe
“Inggih mbak matur suwun,sepurane
mbak ngrepotne.” aku langsung ngisi bensin
“Alhamdulillah.” aku lan dheweke
ngomong bareng nalika pedhahku kenek diuripi maneh,aku banjur kenalan.
“Sampeyan jenenge sapa mbak?” aku
njulurne tangan
“Iin mbak,la sampeyan sapa jenenge?
La arep nyandi mbak?” dheweke mudhun saka pedhah lan salaman.
“Dela mbak, aku arep budhal sekolah,sampeyan
omahe ngendi?”
“Omahku prigi mbak,sampeyan apa arep
sekolah mbak?” karo nyawang aku amarga aku ora nggawe sragam nanging nggawe
kaos olahraga.
“Iya mbak,ayo mbak budhal bareng
bareng mangke kasep sampeyan.”
“Iya mbak.”dheweke budhal disek ing
ngarepku.
Aku
isih ndak percaya amarga mbak iin kang atine apik,gelem nulungi aku masia wis
jam setengah 7 dheweke bakal kasep. Ing dina kuwi aku ora bakal lali karo mbak
iin.
Ora krasa wis 5 tahun suwene aku
metu saka SMA lansaiki aku wis kerja ing RS Surabaya. Dina iki aku budhal kerja
kaya biasane jam 7 aku wis teka RS anggonku kerja. Ing RS iki mau rame banget
,aku lan kancaku repot kudu mrana mrene. Ing dina iki mau uga aku nangani
ibu-ibu rada tuwa sing dibaturi anake, kira-kira anake umure padha kaya aku.
Ibu kuwi mau mesakne banget amarga larane sampun radha nemen lan kudu di
operasi.
Ing
sawijining panggon, anake ibu mau bingung banget amarga dheweke ora ndue duwit
sing cukup kanggo operasine ibune, aku krasa mesakne banget amarga dheweke
amung urip karo ibune ing omah.
Sawise operasi wis cukup, aku banjur
nemoni anake ibu kae mau.
“Mbak, operasine sampun.
Alhamdulillah lancar.” karo lungguh ing sisihe.
“Alhamdulillah matursuwun sanget
mbak.” lega banget krungu yen ibune slamet saka operasine.
“Inggh mbak,asmane sampeyan sapa
mbak? Lan griyane pundi?” karo maingne kertas kanggo data operasi mau
“Iin mbak ,omahku prigi.” dheweke
nyauri karo nulis ing kertas mau.Aku langsung kaget amarga aku tau krungu
jeneng,omah lan wajahe.
“Iin prigi.” aku omong lirih karo
ngeling-ngeling 5 tahun kepungkur aku tau ditulungi mbak iin amarga kentekan
bensin. Aku eling banget yen iku mbakiin sing nulungi aku.
“Niki mbak.” dheweke maringne kertas
data mau
“Oh inggih mbak.” aku rada kaget
,aku mesem lan langsung ngalih saka kana.
Aku isih kaget banget lan pengin
nulungi biaya operasine ibune mbak iin. Bengine aku langsung ing RS lan mbayari biaya operasine ibune mbak
iin kala wau lan tulisane pembayaran diganti Rp 0,- utawa gratis.
Esuke aku budhal ing RS nemoni mbak iin,
dheweke ketok susah lan bingung karo nggawa kertas sing isine pembayaran kanggo
operasi
“Mbak iin.” aku lungguh ing sisihe
karo maringne kertas biaya operasi sing anyar.
“Dalem mbak,niki napa?” dheweke
bingung.
“Niki surat biaya operasi sing bener
mbak.” mbak iin bingung lan kaget banget amarga tulisane gratis. Mbak iin
langsung ngrangkul aku karo nangis lan aku uga ngrangkul dheweke.
“Aku dela mbak,sing 5 tahun
kepungkur sampeyan tulungi.” karo mbrebes.
“Matur suwun sanget mbak
Dela,Alhamdulillah Ya Allah.” karo kaget banget ngeling-ngeling kedadeyan 5
tahun kepungkur
“Inggih mbak niki aku Dela.”
“Alhamdulillah sampeyan sampun
sukses mbak.” dheweke panggah nyawang aku karo nangis
“Mbenjing sampeyan tak ajak kerja
ing RS mriki pripun mbak?” aku ngajak mbak iin amarga ing RS iki taksih kurang.
“Inggih mbak,purun banget. Matur
suwun mbak.” panggah nangis lan ngrangkul aku
“Inggih mboten napa-napa mbak.” aku
melu nangis marem. Mbak iin ketara marem banget lan panggah ndak percaya karo
aku sing wis nulungi dheweke.
Sawise iku aku lan mbak iin saya
akrab lan saya cedhek nganti aku lan keluargane mbak iin dadi rukun lan apik.
Seneng bareng-bareng lan bisa tulung tinulung kapan wae di butuhne.
BIODHATA PANYERAT:
Jeneng: Ketrun Cyndika Atanti
Alamat:Ds.Prigi,Kec.Watulimo,kab.Trenggalek
Telp.:081233730818
Sekolah :SMAN 1 DURENAN
Tataran kaping: XII-IPA 3
Urut kaping:23
Tidak ada komentar:
Posting Komentar