Dening : IMROATUSSOLIKAH
Ing sawijining waktu, bocah sekolah sing dilut engkas arep
nglasanakne ujian padha mbingungi, ana
sing wedi ana sing durung siap ujian,
pokok e enek ae kelakuan e bocah bocah kui kayata sahabat 3 iki, Susan,
Pipit lan Galih. Bocah bocah kui padha sregep sinau ben oleh nilai sing
apik lan maremne tiyang sepuh e, ora gur
pas ujian tok bocah bocah kui sregep,
tapi nalika sabendinane bocah bocah kui mesti sregep, ngerjakne
tugas, ngerjakne PR lan sapanunggalane.
“pit ,piye
iki pit keri patang dina meneh awake dewe Ujian,” kandane Susan karo aku. ”Hayo
piye?, yo sinau ta ben isoh!” jawabku. Bel masuk wes muni. Rung ana telung
menit lebar bel Pak Gunawan wes rawuh. Pak Ketua, doni langsung nyiapke kabeh
murid ndonga arep pelajaran. Sakwise berdo’a, “kepada Pak Guru hormat grak”,
suarane Doni sing lantang lan tegas. “ Tegap grak” ngunu lanjute.
“oke, assalamu’alaikum warohmatuloohi
wabarokatu”,sapa Pak Gunawan.
‘’wangalaikum sallam warrohmatullohi
wabarokatu”, jawabe murid-murid.
Pak gunawan
iku guru matematika, beliau iku tegas,tur biasane disapa Pak Gun.
Pelajaran
wes dilekasi, Pak Gun nerangke kabeh bab
IV. Susan bingung, “aku kok durung dong – dong yo pit?”, omonge Susan karo aku
lirih-lirih.
Takon Pak
Guru wae!”, saranku. Nanging Susan mung meneng wae. Ketoke Susan ora wani
takon.
Pelajarane
Pak gun wis rampung. Lebar PAK Gun metu, susan takon karo aku. Susan takon
carane nggarap soal sing mau. Mestine susan tak warai. Rung rampung leh ku
marai Bu Sri wis rawuh. “ le marai teruske ngko meneh ya”, jare Susan. Aku ya
mung manut wae. Bu Sri le mulang ngasi mbengok-mbengok, masalahe muride padha
rame kabeh. Susan barang ya melu rame. Aku ngunu ora meng kadang-kadang le
gojek.
“ hey-hey,
diam, diam semuanya”, Bu Sri.
Kabeh murid
pada meneng, urung ana limang menit Bu Sri ngajar wes pada rame meneh koyo
pasar.
“Hey-Hey,
diam bisa tidak?, padha niat sekolah ora nek ora metu wae, rasah ngganggu
kancane sek pengen isoh”. Wah galake Bu Sri soyo metu. Ngasi rampung pelajaran
kabeh murid padha, anteng ,meneng, nggatekke pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng
nek suasanane kelas kondusif, tur ya muride podo dong kabeh.
Saiki wayahe
ngaso, aku kelingan yen Susan arep ngedongke bab IV matematika.
“sida neruske
leh mu takon mau rag San?’’, takonku marang Susan.
“sesuk apa
kapan wae ya, aku males wae. Jajan sek wae yo, ngeleh aku”, jawabe Susan.
“yo wes lah
jajan sek”. Aku mung manut karo Susan ,kan seng butuh reti Susan uduk aku.
Ngasi ngaso
pindo Susan rung takon meneh, mungkin wae Susan wes dong.
“kulo seng
asli niku mboten tek seneng leh Susan, amargi pendak pelajaran nopo mawon sek
digarekke karo guru-guru mung Susan. Susan ki wonge caper,lebay,alay,nggeh niku
seng marakke kulo mboten seneng, apa malih yen kulo lagi dipertanyai kaleh
dwija, mangke seng jawab Susan, sanes kula. Maksud kula Susan niku kerep banget
ngrebut jatah soal ngge kulo, bu”, curhatku marang Bu Bk. Aku neng ruang Bk
dewe, ra mungkinlah karo Susan.
“Pipit,
saiki kowe teka sabar sek wae, Susan tok nengke wae sek. Omong apik-apik ro
Susan tentang kui, mengko Susan ndak lara ati”, iku sarane Bu Bk.
“Nggeh
Bu”jawabku.
“Yo wis
saiki mantuk sek, ndak digoleki ibu’ kok ora lek bali saka sekolah”, lanjute Bu
BK.
“nggeh Bu”
jawabku meneh.
Sedino meneh
UAB, utawa Ulangan Akhir Bulan. Sik
diujikan iku bahasa indonesia, bahasa inggris, IPA, lan Mateamaatika. Wes ngasi
yahmene Susan urung takon matematika sing mbiyen. “A........yo luweh ora takon
aku”,batinku. Sedino iku aku ora omongan karo Susan meneh. Susan ya ora ngejak
aku omongan kok. Aku ya ora nyobo omongan karo Susan sing disaranke Bu BK.
Bel pindo
,tandane ngaso. Aku ora jajan bareng Susan, Susan ngejak aku jajan, neng aku
wegah. Aku jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali aku ora omongan karo Susan.
“apa Susan
ngerti curhatku marang Bu Bk yo?’’ pikirku.
Sakwene neng
dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Nek susan ngerti piye ya??. Aku
kon kudu piye? Aku bingung.
Dina wis
ganti, saiki wektune UAB. Aku ora sak kelas karo Susan Aku nggarap soal kanti
PD. Aku nggarap ora ana masalah, lancarlah . aku nggarap soal ora nurun,jujur.
UAB pertama aku ora pethuk Susan. Ngasi UAB ke-papat aku yo ora kepethuk Susan
meneh.
UAB wes
rampung, bijine y wes dumumke kabeh.Yess!! bijiku apek kabeh, ya alkhamdullilah.
Aku seneng aku ranking II, aku nliti
bijine Susan beda adoh, susan ranking 30. Aku bangga isoh luwih apik saka
Susan. Neng aku ya ora entuk sombong.
Aku ya urung puas karo biji semunu, tur lagi ranking II.
Wayahe
ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. Aku wis
ora mikirke Susan meneh, aluweh. Niatku iku mung arep nglaleke Susan.
Pra nyono
ora ngiro, Susan mara lan lungguh neng jejerku. Susan kanda yen deweke njaluk
ngapuro karo aku. Aku bingung kudu piye ,masalahe aku ki arep melupakan Susan
begitu. Galih banjur mara lan omong, “Pit, yo dingapuro ta Susan , mesalke lo
Susan nek ora dingapuro”. Aku mung
meneng wae. “Pit”, lanjute Galih.
“kowe lak
wis ket kelas pitu ta kancanan karo Susan, telung tahun Pit, mosok arep tok
pedhot ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi ki Pit”, lanjute Galih
meneh.
“ ok ok, la
Susan ki ngopo njaluk ngapuro karo aku barang??”, pitakonku karo Galih.
Susan mung
mesem wae. “Aku ngerti pas kowe curhat neng BK Pit”, jare Susan. Aku mung meneng
wae.
“Pit, pliss
ya aku dingapuro, Pit”, jalukke Susan.
Susan karo
Galih mung ndeloke aku. Aku bingung. Pancen bener wis telung tahun aku kancanan
karo Susan. Akhire aku ngenei ngapura marang Susan. Aku ya njaluk ngapura
marang Susan lan Galih yen aku duwe salah.
Ngasi saiki
,aku Galih, lan Susan kancanan raket. Aku seneng bisa nduwe kanca kaya Galih
lan Susan.
Pesan :
Mangkene iki
sing gawe seneng ati, bisa bareng bareng ambi kanca kancaku. Ojo tau prasangka elek marang kanca, apa meneh karo kanca sing wis suwi kekancan
karo awakmu, lan siji meneh ojo sampek
medot tali silaturahmi karo kanca kancamu 😊
Tidak ada komentar:
Posting Komentar