Jumat, 17 November 2017

Cerkak Basa Jawa "Pengen Kuliyah"

PENGEN KULIYAH
Sore iku hawane panas banget. Kira-kira wis jam 3 sore,nanging srengenge isik padhang menthor-menthor. Angin campur bledug ngenani awak sakkujure Mela sing arep mlebu nyang omahe sing tas teka saka sekolahan.
Teka njero omah,Mela langsung lungguh ning kursi sofa. Tas e didelehne ning ngisore banjur mbenakne lungguhe. Dheweke banjur nglamunmikirne nasibe dhewe.
Kurang 2 wulanan dheweke bakal ngelakoni Ujian Akhir Semester ganjil. Mari kuwi ra suwe maneh dheweke wis arep lulus saka SMA ne. Dheweke rumangsa sinau ne isik kurang. Isik akeh bab-bab sing durung dipahami.
Sing dipikirne ora mung carane bisa lulus karo nilai sing apik,nanging carane supaya dheweke iku bisa nerusne sekolah menyang Perguruan Tinggi.
Mela iku anak nomer 1,nduweni adhik 2. Keluargane wong tani sing urip pas pasan. Bisa nyekolahne Mela tekan SMA wae wis alhamdulillah banget. Wong tuwane gak isa njamin yen Mela bakal neruske kuliyahe. Amarga adhike Mela sing nomer 2 saiki wis kelas 9,arepe mlebu SMA. Lan adhike sing nomer 3 arep mlebu SMP. Mela dhewe wis mikir yen dheweke gak isa kuliyah,cukup tekan SMA.
Lamunane bubar sakwise ana sing nepuk pundhake.
“Mel,wis balik ta? Gek salin seragame terus maem.iku adhik adhikmu padha maem.” Kongkone ibu ne Mela.
“Inggih bu.” Jawabe Mela karo mlaku ngalih ngelakoni apa sing diomongne ibune.
Bubar sholat maghrib jamaah sekeluarga,kabeh padha ngumpul ning nggon TV.
“Pak,bu kula sedilut maleh badhe nglampahi UAS. Pandungane nggih.” Suwune Mela.
“Iya  ndhuk,sing sregep sinaune dilekasi teka saiki.” Pituture bapak e.
“Inggih pak. Menawi kula neruske kuliyah pripun?”
“Ngene ya ndhuk,adhikmu Laila iku ya arepe mlebu  SMA,sing Bela arepe mlebu SMP. Iku kabeh mbutuhke biaya sing ora thithik nduk. Yen awakmu kepingin kuliyah,ya sepurane ya ndhuk,bapak durung bisa ndaftarne awakmu.”
“Eh pak,wingi Rini telpon pak. Usahane sing ning Sulawesi kae alhamdulillah wis sukses saiki. Dheweke iki lagi golek karyawan kanggo ngewangi dodolan. Yen ngijinnake si Mela iku bisa melu mrono,ya lumayan bisa mbayar kuliyahe. Piye pak oleh apa ora?”. Pitakonne ibu.
“Mela ne dhewe piye,yen Mela gelem ya tak ijinni,yen ora ya wis ngewangi ibumu wae ning omah.”
Mela setuju banget karo usule ibune iku. Ra ngenteni suwi,sak bar e UN,.Mela langsug budhal menyang omahe Bu lik e Rini sing ning Sulawesi.
Tekan Sulawesi,dheweke ngewangi bu lik e dodolan ning warung sega. Dheweke kebagiyan sing nglayani lan resik-resik warung. Dodolane lekas jam 5 esuk tekan jam 7 esuk. Manggone ana ing pasar. Dadi dheweke bisa nyambi karo kuliyah.
Ning kana dheweke uga ndhaftar kuliyah. Dheweke ndhaftar ning kampus sing Program Pendhidhikan 1 taun. Pikire sing cepet kerjane tur murah biayane.
Saben dina Mela kudu tangi jam 2 esuk,ngewangi masak lan nyepak-nyepakke barang dodolan. Sekitaran jam 4an budhal menyang pasar panggone rejeki kanggo nata urip ing masa depan.
Sak bare saka pasar,dheweke langsung cepak-cepak kuliyah. Sekitar jam 8 esuk dheweke budhal menyang panggonan kuliyahan. Mela sinau tenanan supaya kepenak anggone penempatan kerjane.
Mela kudu pinter-pinter ngedum wektu kanggo kerja,sinau,lan leren. Dheweke kudu sregep nyambut gawene kanggo mbiayani kuliyahe,uga sregep sinaune supaya nilaine apik lan kepenak golek kerjane.
Wong tuwane Mela bungah banget,Mela bisa ngewujudake kekarepane. Nanging dheweke uga ngrasa salah karo Mela,amarga ora bisa ngewujudne kekarepane anak e.
Nanging Mela gak rumangsa yen wong tuwane iku salah,malah Mela mikire iki wis dadi kewajibane Mela gak ngrepotne wong tuwane. Mela saiki ya wis dhiwasa kudu bisa urip mandhiri ora panggah gumantung ning wong tuwane.
Mela tetep sabar lan ikhlas ngelakoni kegiyatane sing saiki. Masia mbutuhke energi,pikir,wektu lan fisik sing bener-bener nguras tenaga. Dheweke ra tau ngeluh karo apa sing wis digarisne Gusti.
Wis dadi kewajibane anak marang wong tuwane kudu ngabekti lan bisa gawe bungah atine. Aja gampang pedhot semangat,kudu nduweni tekad sing gedhe supaya bisa nggayuh cita-cita.

BIODHATA PANYERAT
Jeneng             : Cintia Tamaya Putri
Alamat            : Rt.55 Rw.26 Sukorejo,Gandusari, Trenggalek
No.hp              : 081216799847
Kelas               :XII IPA 3
Absen              : 09
Sekolah           : SMAN 1 Durenan





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerkak Basa Jawa "Kanca Kenthel"

KANCA KENTHEL Awan iku ing SMA Merdeka ,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten. Cerdas cermat iku syarat...