ORA
DIKENAL
Senin esuk kira-kira jam 02.00, aku
krungu suara wong dodhog-dodhog lawang.Halah paling ya lawange tanggaku sing
didodhog banjur aku turu maneh mara-mara wong mau celuk-celuk.
“Pak Lurah!!!”
“Pak Lurah!!!”
Aku kaget nganti ceblok
saka amben.
“Asem-asem sapa yahmene celak-celuk ki?”
Aku langsung mbukak
lawang, lha bar lawange wis dak bukak tibake ora enek apa-apa eneke mung suara jangkrik.Awakku
langsung ngeder, lawange tak nep maneh banjur mlayu neng kamar krubutan kemul.
Bar kuwi aku ra isa turu
sampek adzan shubuh, adzan shubuh rampung aku mlebu jedhing adus, wudhu, terus
sholat.Bar sholat aku banjur klamben macak bagus budhal menyang balai desa.Oh
iya urung kenalan, jenengku Handaka aku lurah desa semarum kecamatan durenan
kabupaten trenggalek, umurku sik selawe tahun aku urung rabi amarga jik urung
siap nduwe anak, wis sakmono wae.
Neng balai desa aku ora
isa fokus karo penggawean, aku mung klakepan wae kelar aku keturon neng kursi
karo ngowoh amba.
“Pak lurah tangi pak, pak lurah!”
“Eh kowe jo enek apa?”
“Anu pak, njenengan napa
mboten kondur? Pun dalu lho niki.”
“MasyaAllah jo mosok to,jam piro lho iki jo?”
“Sampun jam sanga pak.Njenengan wau sampun digugahi
kaliyan rencang-rencang perangkat, njenengan malah ngorok banter banjur
ditinggal kondur wae.”
“Pak carik wau sakderenge kondur weling kalih kula.”
“Jo bejo mengko gugahen pak lurah ya, sampek tangi
pokoke mengko lek ora kok gugah isa-isa teka sesuk esuk pak lurah lek sare.”
“Inggih pak carik mangke kula gugahe, niki kula
rampungaken rumiyin anggen kula ngepel.”
“Yowis lekno aku tak mulih sek ya.”
“Inggih pak carik.
“Ngoten pak lurah critane.”
“Healah ngono to jo, yowis aku tak ndang mulih lekno
selak tansoyo wengi mengko.”
“Inggih pak lurah.”
Sakwise tekan ngomah aku
banjur adus terus mapan turu.Peh dina iki aku jan apes banget gara-gara kedenan
dhemit mambengi.Apa gara-gara aku urung maca donga ya, yowis saiki tak ndonga
lekno ben ora kedenan maneh lan turuku isa penak.
Dina iki aku kudu budal
menyang jakarta amarga enek rapat karo pak presiden.Kabeh lurah-lurah desa sak
indonesia diundang merga rapat iki penting banget ngebahas perkara pengangkatan
perangkat desa dadi PNS.
Sakwise tekan jakarta aku
langsung njujuk istana negara merga rapate neng kana, saktekane kana aku
langsung ndudohne undanganku neng mas-mas penerima tamu bar iku aku langsung diolehi
mlebu.
Lekku lungguh urung enek
limang menit rapat wis dilekasi, sakwise omong rena-rena kurang luwih sak jam
rapat dipungkasi.Aku langsung metu nyegat taksi kanggo neng bandara, selang limang
menit aku lagik oleh taksi supire tak kon rodok mbalap merga kurang setengah
jam engkas pesawatku budal.
Lha dalane dadak macet
supire tak kon golek dalan trabasan, bar wis mlebu dalan trabasan banjur tak
kon tambah banter maneh neng ngarep enek lampu bangjo supire tak kongkon bablas
wae mumpung lampune urung abang.Mara-mara enek bis saka kiwa pak supir langsung
banting setir nengen bablas nabrak pal sing ana neng tengen dalan.
Aku kaget nganti ceblok
saka amben, banjur aku nebah dada.
“Alhamdulillah mung ngipi muga-muga ora kedadeyan
tenan.”
Nyawang jam lha kok wis
jam sanga esuk aku langsung ekat-eket adus, macak, terus budhal.Neng ndalan aku
disemantani emak-emak sing pas blonjo janganan.
“Loh,saiki mas handaka kerja neng balai desa ta?”
“Koyok wis kat mbien to buk lekku nyambut gawe neng
balai desa, genah aku lurah.”
Emak-emak sing ana neng
kana kabeh pada ngguyu jegagakan.
“Loh buk, ana sing lucu ta kok pada ngguyu?”
“Ora kok mas, ora.”
Aku langsung budhal wae
ogah jagongan terus karo emak-emak sing pada owah pikire.
“Mesakne ya mas handaka, saking suwine nganggur kelar
kaya ngono.”
“Lhaiya ta, peh lurahe awake jenenge pada karo jenenge
deke, deke malih ngaku-ngaku lek lurah kene.”
Sakwise teka balai desa aku ditekoni karo pak carik.
“Wonten betah napa mas handaka?”
“Wonten betah napa pripun lo pak carik genah kula niki
lurah wonten desa niki.”
“Ngapunten sakderengipun mas, lurahipun menika ingkang
lenggah wonten ruangan nika.”
“Mosok ta, endi jal? Woh iya.”
Aku langsung ekat-eket
mulih aku jan isin banget wis kayak wong edan aku iki mau.Tekan ngomah aku
mikir, ngipiku ora mung perkara kecelakaan mau tibake aku dadi lurah neng desa
iki ya mung ngipi, banjur aku ngguyu-ngguyu dhewe.
Dening
Septa Aji Nugroho Indardi
Desa Semarum, Kecamatan
Durenan, Kabupaten Trenggalek
085859202836
SMAN 1 DURENAN, TRENGGALEK
Tidak ada komentar:
Posting Komentar