NGUBER
DONYA
Ing sawijining wengi Narya ngipi aneh yen bakal enek udan dhuwit campur watu ning duwur omahe. Esuke ning sawah Narya crita menyang Kardi
Narya nyeluk ko adohan “hee Kardi mrenea tak critani”. Kardi banjur mentas saka sawah karo gawa pacul “arep crita apa Ya?, ketarane kok tenanan temen”. Narya banjur wangsuli “ngene lo Di, mambengi aku ngipi yen arep oleh rezeki”. Kardi uga tekok “Kepriye isine ngipimu kuwi?” Narya jawab “ning duwur omahku enek udan dhuwit campur watu iki nandakake yen aku bakal oleh rezeki sing gedhe tur banget, Di?”. Kardi menehi pitutur “aja percaya disek, iku durung mesti tenana”. Narya panggah ngengkel “aku yakin, Di. Apa sing dadi panjalukku bakal kelakon”. Kardi muni “aku muk bisa ngilingne, aja nganti goyah lekmu ngibadah njaluka marang Gusti supaya oleh pituduh” karo ngelus pundake Narya.
Sabanjure iku Narya langsung mulih.
Narya kepengen buktekake yen ngipine kuwi mau bakal dadi nyata. Narya mulih
banjur njupuk dhuwit. Dheweke ning ngomah mung karo ibune. Sadurunge metu omah Narya ditekoni ibune “arep menyang
ngendi kok gawa dhuwit akeh?”. Banjur Narya crita apa sing ana ngipine kae.
Nanging ibune ora ngerti apa sing arep dilakoni Narya. Banjur ibune takok meneh
“saiki arep menyang ngendi awakmu?”. Narya langsung jawab pitakone ibune kuwi
mau “aku arep ning dhukun bu”. Ibune banjur meling “aja le, dosa kuwi. Apa
omonge tangga-tangga mengko lek sampek weruh awakmu ning dhukun” Narya panggah ngengkel
“wis to bu ra usah khawatir aku mung pengen buktekake ngipiku kae” karo
bengok-bengok ning ibune. Ibu “ aja le aja!” karo nyekel tangane Narya.
Narya banjur ngaleh ninggalake ibune dhewe ana
ngomah. Ibune mung bisa nebah dada amarga ngrasakake polahe anake. Satekane
ning ngomahe mbah dhukun. Narya njaluk yen dheweke pengen diramal. “Apa tenan
kaya sing ana ning ngipi kae” batine Narya. Jerene mbah dhukun kuwi mau meh padha kaya sing ning njero
ngipine. Dheweke bakal oleh rezeki akeh nanging aja sembrana yen ora pengen
celaka. Narya seneng banget banjur menehi dhuwit menyang mbah dhukun kuwi mau.
Narya mulih menyang ngomah karo guya-guyu. Dheweke ra eruh yen tanggane enek
sing meruhi dheweke menyang dhukun.
Sesuke tangga-tangga padha ngrasani
Narya, amarga Narya ning masyarakat duweni watek apik. Narya sing biasane
sregep ngaji lan nig masjid, saiki ora maneh. Biasane sing resik-resik masjid
Narya karo Kardi, saiki Naryo ora tau ketok. Malah-malah Narya ora tau dolan
bareng karo kancane kuwi. Nanging yen Kardi isih sregep ngaji lan ning masjid.
Pirang-pirang dina sawise kuwi Narya ditekani wong sing ora dikenal.
Wong kuwi ngomong yen Narya menang undian berhadiah dhuwit lan omah. Nanging
ana syarate yaiku nyetorne fotokopi KK, KTP, lan dhuwit 50 yuta kanggo
jaminane. Narya bingung amarga dheweke ora duwe dhuwit samunu akehe. Narya
banjur njupuk surat lemah arep digawe jaminane . Ibune nglarang Narya wehne
surat iku amarga omah kuwi peninggalan bapak siji-sijine. Narya tetep ngengkel
lan ngunci ibune ning njero kamar supaya ora bisa metu.
Sawise kuwi Narya menehne surat mau ning wong sing durung dikenal
idestitase kuwi. Wong kuwi mau muni ning Narya kon nunggu seminggu eneh dhuwite
bakal dikirim menyang omahe langsung. Narya mikir yen ngipine bakal dadi
tenanan. Sawise iku Narya ngomong ning tangga-tangga yen dheweke bakal dadi
wong sugih lan duwe omah apik.
Seminggu luwih Narya ngenteni hasile ora teka-teka. Narya rumangsa
dheweke uwis kapusan. Wayah ibune maca Koran weruh yen wong sing menyang omahe
kae wis dadi buronane polisi. Ibune banjur dudohne koran iku ning Narya. Narya
sing eruh berita iku langsung lemes lan ora bisa apa-apa. Sawise kuwi Narya
ditekani wong ning ngomahe. Wong kuwi mau ngomong yen omahe Narya karo ibune uwis
didol ning wong liya. Narya lan ibune dikongkon ninggalake omah kuwi. Banjur
ibune Narya nangis ora gelem ninggalake omah kuwi. Narya rumangsa salah marang
ibune, dheweke langsung ngambung sikile ibune lan njaluk pangapura. Narya muni yen
dheweke bakal tobat lan ora baleni maneh.
Narya lan ibune banjur ninggalake omah kuwi. Nanging sadurunge kuwi
Kardi mara ning ngomahe, dheweke ngomong yen sing nuku omahe ko wong sing
ngapusi kae. Narya lan ibune kaget. Kardi menehne surat lemah kuwi supaya omahe iku diduweni
Narya karo ibune maneh tanpa bayar. Lan ngongkon Narya supaya ngolah sawahe,
amarga Kardi saiki wis dadi juragan lemah sing sukses. Narya ning kunu langsung
ngamplok Kardi karo muni matursuwun lan nangis. Ibune Narya banjur sujud
syukur.
-----RAMPUNG-----
Dening
Jeneng : Riswan Agung Prasetyo
Alamat : Desa Pandean, Kec. Durenan, Kab. Trenggalek
Telp. : 087858654168
E-mail :riswanagung50@gmail.com
Sekolah : SMAN 1 Durenan
Jeneng : Riswan Agung Prasetyo
Alamat : Desa Pandean, Kec. Durenan, Kab. Trenggalek
Telp. : 087858654168
E-mail :riswanagung50@gmail.com
Sekolah : SMAN 1 Durenan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar