NGGAPAI ANGAN-ANGAN
Kring...
Kring... !!! tibake uwis jam setengah 5 pantesan
wae alarmku muni, awakku rasane abot banget arep tangi, mripatku rasane ya
panggah kudu merem. Tapi kudu tak paksa tangi tinimbang ibukku mengko nyeneni.
Aku banjur nata kasurku lan adus, rasane banyu sing adem iki marakne awakku
sing sakdurunge lemes dadi seger lan semangat. Sak uwise adus aku mambu sing
enak saka pawon, eh... tibake ibukku lagi masak, aku banjur nakoni ibuk.
“Buk..
panjenengan masak napa lo niku kok kadosipun eco sanget?”. “Iki lo le, ibuk
lagi masak oseng kangkung sing dadi senenganmu, ya ngono le wis adus malih
ketara bagus." “Hehehe... Inggih buk”. Ibukku iki nyatune enak banget lek
masak, apa wae sing dimsakne ibuk akup panggah seneng ndak pilih-pilih. Ibukku
saiki uwis dadi randha amarga ditinggal bapakku seda 5 taun kepungkur. Saiki
aku ning omah mung karo ibukku lan adikku lanang sing saiki isik sekolah kelas
5 SD, dadine kabeh-kabeh saiki sing mbiayai urip lan sekolah anak-anake ibukku.
Masiya saiki urip pas-pasan amarga ibukku ya mung nduwe toko cilik kanggo golek
nafkah, tapi aku sekeluarga tetep syukur marang gusti
Uwis
enek jam setengah 7 aku banjur pamitan ibuk arep budhal sekolah. Aku boncengan
motor karo adikku, adikku sekolah ana ing SDN 1 Sukoanyar sing ora pati adoh
saka omahku. Adikku iki kalebu bocah sing pinter ing sekolahane amarga kerep
rangking kelas, bocahe uga ora nakal lan manut karo omongane wong tuwa dadi aku
bersyukur banget nduweni adik kayak ngono. Aku dhewe saiki sekolah ing SMAN 1
Sukoanyar, saiki aku wis kelas XII. Aku milih jurusan IPA amarga seneng karo
itung-itungan kayak piwulangan Matematika lan fisika. Kels XII iki taun
penentuan amarga bariki wis arep metu saka SMA lan golek sekolah lanjutan sing
dikarepake.
Aku
dhewe isih bingung sok arep nerusne sekolah ning endi, ning kelas aku ditakoni
kancaku jenenge Budi. “ Toni, awakmu sok lek wis bar lulus arep nerusne sekolah
ning endi?” Aku banjur nyauri, “Emboh ya Bud, aku dhewe kok isih bingung urung
nduwe pilihan arep ning endi bariki”.”Lha awakmu dhewe arep nerusne ning endi Bud?” Aku balik
nakoni Budi. “Aku pingin njajal daftar ning STAN Ton, soale sekolah kui
termasuke sekolah ikatan dinas dadi misale bar lulus bisa langsung nyambut
gawe.”Krungu jawabane Budi aku malih penasaran apa kui STAN, bubar kui aku
nyoba golek info lewat internet lan takok ning guru BK sekolah.
Ning
Ruang BK aku nyoba takok ning guruku BK yaiku Bu Nur Indah. “Bu... kula badhe
nyuwun pirsa, STAN niku sekolah ingkang kados pundi lan menawi badhe daftar
pripun carane?” “STAN kui salah sijine sekolah ikatan dinas sing manggone ana
ing Jakarta, lulusan sekolah kui langsung bisa nyambut gawe ana ing
cabang-cabang kantor Kemenkeu. Cara dhaftare dhewe ana ing regio dhaerah dhewe-dhewe, kebetulan
dhaerah awake dhewe ana ing Malang. Awakmu pingin nyoba dhaftar ning STAN
Ton?” “Inggih bu InsyaAllah, kula kepincut dhaftar STAN.” “Owalah... ya apik
kui, awakmu dhewe ya wis pinter, muga-muga wae bisa kalebu ning kono, sing
penting kudu telaten sinau, terus ojo lali donga lan njaluk restune wong tuwa.”
Dhawuhe guruku. “Inggih bu, matur nuwun”. Aku banjur pamit lan mbalik ing
kelas.
Mulihe
sekolh aku crita ning ibuk ngenani STAN kui. “Bu.. sakniki kula sampun mantep
bibar lulus SMA kula badhe dhaftar wonten STAN.” “Iya le, apa wae sing kok
karepake ibuk InsyaAllah bakal wenehi restu marang awakmu, sing penting awakmu
sing sregep lek sinau, dongane ya sing kuat, soale awakmu saiki ngerti dhewe
ibukmu ya mung ngene iki ndak nduwe apa-apa, kui dadekna semangat kanggo awakmu
muga-muga dongamu diijabah Gusti Allah lan awakmu bisa sukses.” “Inggih bu..
matur nuwun sampun maringi restu dhateng kula.” Bar kui aku malih sregep sinau
lan nyoba soal-soal seleksi STAN kanggo nyiapne tes besok.
Pirang-pirang
sasi sak uwise, akhie aku uwis lulus saka SMA lan arep siyap-siyap tes seleksi
STAN. Seleksine dhewe manggon ing Balai
Diklat Keuangan (BKD) Malang. Tes STAN dhewe dibagi ana 3 tahap. Tahap 1
tes tulis, tahap 2 tes kesehatan lan tahap 3 tes wawancara. Tibake akeh banget
sing melu seleksi mlebu STAN, tapi aku ndak minder
amarga aku yakin karo kemampuanku dhewe. Sak uwise lulus tes seleksi sing
ana 3 tahap kui mau alhamdulillah aku akhire ketampa sekolah ning STAN jurusan
perpajakan. Aku bersyukur banget amarga iso bisa mbanggakake wong tuwa lan bisa
nggapai angan-anganku.
Dening
Bima Wahyu Raebawa
Desa Baruharjo, Kecamatan Durenan, Kabupaten Trenggalek
083111977556
SMAN 1 Durenan Trenggalek
Tidak ada komentar:
Posting Komentar