SANTRI
KALONG NYANTRI
Bel sekolah wis muni lan para
siswa wis padha mulih, semana uga Aris kang kesusu kudu mulih. Nanging dicegat
kancane lan disemantani,
“Nengdi lho kok kesusu mulih?” pitakone
Budi kancane Aris.
“Arep madrasah aku.” wangsulane Aris.
“Awan-awan ngene iki penake ya turu lho
bro, ora malah sekolah maneh! Iso kobong utekmu, hahaha.” pengecene Budi.
“Halah iya-iya.” wangsulane Aris cekak.
“Ya wis aku mulih dhisek bro.” sambunge
Aris.
“Oke, ati-ati!” welinge Budi.
Aris jawab karo ngacungake jempole
lan bablas mulih. Tekan omah, Aris mangan lan sholat dhisek banjur budhal
madrasah. Aris madrasah ning salah sijine pondhok ning saupenge omahe. Mula
wong sing kaya Aris ngono iki dijenengi santri kalong, yaiku wong sing amung
melu ngaji ning pondhok nanging ora nginep ning pondhok.
Siji dina, Aris madrasah lan oleh wejangan
saking Mbah Kyai sing ngulang dheweke,
“Wis
Aliyah, kelakuane aja aneh-anaeh! Dadi santri iku sing penting panggah ngibadah
lan ngajine”. Nanging Aris turu pas Mbah Kyai dhawuh mekaten. Nyatu bocahe rada
ndablek, diwulang malah turu, pama ditakoni nyapo kok turu mesthi jawabane mung
siji, kesel.
Aris saiki kelas 2 SMA ning SMA
Dempok, lan madrasahe kelas 3 Aliyah iki. Senajan meh arep lulus madrasah,
dheweke isih durung ngerti apa iku santri ing makna sejatine. Dheweke nggoleki
maknane kanthi takon marang santri pondhok, pak ustadz, lan buntute panggah
takon google. Akeh sing ngarani santri iku ngene lah ngono lah, lan Aris nggawe
makna dewe rujukan saka sumber kae mau.
“Santri iku ora mung saka sandhangane, nanging uga saka
atine. Lek atine ora ngrasa dadi santri, selawase ora bakal dadi santri sing
temenan.” pikire Aris.
Setahun sawise, Aris lulus Aliyah
saka madrasahe. Nanging bijine ya ngono kae, lha wong ndablek. Pas syukuran lulusan
Aris jagongan karo kancane sing jenenge Acong lan ngomongake kedadeyan pas wong
loro kuwi isih nyantri,
“Ris, isih eling ora dhawuhe Mbah
Kyai mbiyen?” takone Acong.
“Sing endi Cong?” takone Aris
“Sing ngene, dadi santri iku sing
penting ngibadah lan ngajine, lha….”
“Piye-piye? Ora krungu Cong, rame
iki.” nyelene Aris
“Beh ngene lho, DADI SANTRI IKU SING PENTING NGIBADAH
LAN NGAJINE, eling ora?” omonge Acong karo swara banter.
“Kaya ora tau krungu unen-unen ngono aku,
turu paling aku, hahaha.” jawabe Aris
“Lah-lah wong! Saiki kan wis krungu, piye
menurutmu, saiki kan awake ora dadi santri, ngajine kitab isih penting apa
ora?” takone Acong
“Sek-sek
ngene ya, jenenge ngaji iku penting sejatine nganti mbesuk.”
“Iya ngono, terus?” nyelene Acong
“Lha terus, awake iki insya Allah isih dadi
santri, lek atine santri kan awake isih nganggep lan nglakoni dhawuhe Mbah Kyai
mau lek ngaji lan ngibadah iku penting, pama ora? Wallahu A’lam, iya ora?” jelase
lan takone Aris
“Woh iya Ris, pener omonganmu. Awake aja nganti
nglalekake apa wae kang didhawuhake Pak Ustadz utawa Mbah Kyai.” jawabe Acong
“Iya
sip.” jawabe Aris
“Sajake awakmu pantes mbesuk pama dadi Pak
Ustadz, Pak Ustadz Aris, haha keren ta?”
guyone Acong
“Aamiin
Cong Aamiin, awakmu barang pokoke.” jawabe Aris.
Bar
syukuran lulusan, wong loro kuwi wis ora temu maneh, amarga Acong boyong mulih
ning Lampung.
Ora suwi bar lulusan mlebu sasi
romadhon, lan Aris kepengin pasan utawa pondhok romadhon ing salah sijine
pondhok sing rada adoh saka omahe. Aris milih pasan ing pondhok Lirboyo Kediri.
Dheweke pamit lan matur ning bapak ibuke supaya mboten nyambang ing pondhok.
Banjur Aris budhal ning Lirboyo karo kancane sing jenenge Dani kang uga pengin
pasan ning Lirboyo.
Ning
kono, Aris lan Dani sahur, buka, ngaji, lan sembarangane dilakoni bareng. Lan
ning kono, bocah loro kuwi sinau dadi santri kang bener. Lekas sawise sahur
nganti sawise traweh, Aris lan Dani ngisi kanthi ngibadhah lan ngaji. Banjur
sawise ngaji, iso leyeh-leyeh lan nyawangi asrine swasana pondhok iki.
Sawise ngajine kitab wis khatam,
bocah loro iki arep mulih, nanging uga kepengin nggawa oleh-oleh pondho kanggo
dheweke lan bapak ibuke. Sedina saurunge mulih, bocah loro iki mlaku-mlaku karo
nggolek oleh-oleh arupa kaos, gantholan kunci, sarung, lan liya-liyane.
“Dan golek apa kowe?” takone Aris
“Weh, apa ya, Ris? Bingung aku” jawabe Dani
karo kukur-kukur rambut.
“Baturana aku lek ngono, golek Al-Qur’an!”
penjaluke Aris
“Genah kowe wis nduwe Al-Qur’an?” takone Dani
“Wis ta baturana!” penjaluke Aris maneh
“Iya iya!” jawabe Dani cekak
Siji
barang apik kang ditukoni Aris, yaiku Al-Qur’an kang dicetak arupa poster kang
isine 30 juz tulisan cilik-cilik. Al-Qur’an iki kepengin dipigura lan di pasang
ning nduwur lawing kamare Aris.
15 dina Aris lan Dani pasan ning
Lirboyo. Akeh pasinaon kang bias dijupuk dening Aris lan Dani. Salah sijine,
dadi wong iku lek bias aja nyusahake wong liya, menawa bisa ditandangi dewe ya
ditandangi dewe wae, kaya ngumbah klambi dewe, nggolek mangan dewe, lan
liya-liyane.
Sawise mulih, ilmu kang kajupuk
saka pasan sabisane ditrepake dening Aring ing omah. Kitab kang wis khatam uga
ora lali diwaca bali kanggo ngisi wektu. Dolanan HP uga dikalongi kanggo sinau.
Pancen santri kalong lek durung nyantri tenan ora bakal ngerti apa iku santri.
BIODHATA
PANYERAT
Jeneng : ARRIZQI WILDAN FIRDANI
Alamat : RT/RW 03/01 Desa Baruharjo, Kec.
Durenan, Kab. Trenggalek
No.
HP : 083846221877
Pawiyatan : SMA NEGERI 1 DURENAN
Kelas : XII-IPA 3
Urut
Kaping : 05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar