KANCA
KENTHEL
Awan iku ing SMA Merdeka
,nyebar informasi ngenani cerdas cermat sing arep dienekne ing kabupaten.
Cerdas cermat iku syarate 1 tim isine 5 bocah .
Heru salah sijine bocah sing kepencut pengen melu
cerdas cermat mau. Ketepakan Heru nduwe 5 kanca akrab seng biasane disebut
“Geng Pandawa”. Nalika mulih sekolah Heru ngajak 4 kancane nglumpuk ing omahe
Heru. Geng iku rembugan ngenani cerdas cermat sing arep dieloni ing kabupaten. Ke
4 kancane setuju karo idene Heru.
Cerdas cermat iku
dienekke seminggu maneh. Heru lan kanca kancane sinau bareng, nanging salah
siji bocah seng jenenge Doni iku ndableg lan ora tau peduli nalika kancane pada
sinau.
“Don kowe njajal sinau sing tenanan!”
pengucape Eko sing mesti nyindir Doni.
“Yo sekarepku, opo urusane karo kowe?” saurane
Doni.
“Yo mesthi iki urusane kebeh, awake melu
cerdas cermat iki bareng bareng, dadi iki tanggungane bocah kabeh”.
“Kan wis enek Heru sing wis pinter,dadi
ora perlu sinau, iki mung ngguwang nggywang wektu" tegese Doni.
“Aja sakpenakmu dewe Don,lek kowe ora
gelem sinau luwih becik kowe ora usah melu” pangucape Heru sing kabotan nalika
Doni ngejibne dheweke.
“Yo
wis yen pengen aku metu, ora usah kok kongkon aku bakal mundur” tegese Doni
karo ngadek lan banjur ngalih.
Akhire tim e Heru amung
kari 4. Doni wis ora melu sinau maneh, sebab Doni lara ati marang ucapane Heru.
Rong dina sadurunge acara
cerdas cermat, Eko kelingan yen persyaratane mau kudu 5 bocah. Eko ngomong ing
Heru banjur nggolekke ganti ne Doni. Nanging ora ana bocah sing gelem,amergo
durung siap.
Wektu kurang sedino
kanggo nggolek gantine Doni, Heru bingung yen ora oleh gantine. “Piye menowo ngajak Doni melu maneh?” usule
Eko.
“Sekarepmu, yen Doni gelem yo ra dadi ngapa”
jawabe Heru.
Banjur Eko, Rio, lan Adit ngampiri Doni
sing lungguh ing kantin.
“Don, ayo gabung maneh melu lomba cerdas
cermat” bujukke Eko.
“Aku wis mundur, lan aku ora pengen melu
maneh” jawabe Doni.
“Ayo to Don, iki ora bakal iso yen bocahe
among 4” saute Rio.
“Yen pengen, goleko gantine aku wae”
semaure Doni.
“Don aku ngerti yen kowe lara ati karo
Heru, nanging lara ati mu iki malah nggawe pedhote tali kekancan” nasehate
Adit.
Ora suwi Heru teka, Heru
krungu yen Doni lara ati karo pengucape wingi.
“Don sepurane yen omonganku wingi
nyinggung kowe” pengucape Heru.
“Ora apa apa yen kui nggawe kowe marem”
sindire Doni.
“Don awake iki kekancan wis lawas, aja
gampang nesu karo perkara sepele ngene iki” tanggape Adit.
Doni meneng sedhelo, ngresapi ucapane
Adit. Doni sadar yen wis suwi kekancan marang Heru lan liyane,lan Doni ora
pengen pisah karo kanca kancane mergo perkara seng sepele.
“Sepurane Her, yen aku wis lara ati karo
kowe” ucape Doni dumadakan.
“Iya Don, aku yo njaluk sepura karo kowe,
sepurane yen omonganku wingi nyinggung kowe” jawabe Heru.
Eko, Rio, lan Adit mesem lan seneng nyawang ke
loro kancane sing pada njaluk
ngapura.
Bengine Doni mara ing
omah e Heru, Doni kepengin sinau bareng karo Heru.
“Her, bengi iki aku pengin sinau bareng karo kowe, kanggo persiapan
cerdas cermat sesuk” . “Oo……. ayo Don” jawabe Heru kaget,” dengaren
Doni kok gelem sinau” swara atine Heru.
Esuk e kabeh tim sing
melu lomba cerdas cermat nglumpuk ing ngarep sekolahan. Lan budhal bareng
bareng ing kabupaten. Teka kabupaten ,Heru sing ditunjuk dadi ketua tim,
daftarne tim e kanggo njupuk nomer
peserta. Sadurunge lomba dimulai Doni nyempatne sinau maneh. Ora suwi krungu
swara bel sing nandakake lomba arep dimulai. Sadurunge dimulai Heru, Doni lan
liyane ndonga bareng supaya tiparingi lancar. Tim Heru nggarap soal luwih akeh
saka tim liyane, nanging durung tentu tim Heru dadi juarane.
Sakwise nggarap Heru lan liyane metu saka
ruangan. Amarga kejuaraan
diumumke jam 12 bedhug, Doni ngajak Heru
lan liyane dolan ing taman kabupaten,
sing biasane disebut “alun alun”.
“Her,ngeneki aku malih kelingan mbiyen
wektu SD awake tau melu lomba Agustusan ing alun alun iki” ucape Doni.
“Iya Don, aku yo kelingan mbiyen awakmu
tau oleh juara balap karung” jawabe Heru,
seng mesti karo mesem. “Don, Her iki wis
arepe jam 12, ayo bali ing kabupaten kanggo
ngrungokne pengumuman” saute Eko.
Teka kabupaten juri mulai
ngumumne sapa sing dadi juarane. Heru,Doni,Eko,Rio,
lan Adit lungguh ing mburi dewe. Juri
ngumumne saka juara nomer 3, nanging dudu
Tim Heru sing ticeluk. Juara 2, uga dudu
Tim Heru sing ticeluk. Heru dadi ketua
tim,
ngrasa yen ora oleh juara.
“ Ayo awake mulih wae, tim e awake ora
keceluk, lan ora oleh juara” ucape Heru sing
wis putus asa.
“Aja ndang mulih, iki isik ana juara 1
sing durung diumumke” saute Doni.
“Halah! Awake iki ora mungkin yen oleh
juara 1” jawabe Heru.
“Aja muni ngono, yo mbuh ae iki rejekine
awake” ucapane Doni.
“Ora mungkin Don,liyane sing luwih pinter
yo akeh” saurane Heru.
“Yo wis, yen pancen awakmu ngrasa ora oleh
juara mending mulih wae” tanggape Rio.
Heru lan liyane banjur
mlaku njupuk montor. Teka ngarep gerbang Doni krungu yen juri ngumumne juara ke
siji,yaiku Tim Heru.
”Her kowe krungu ora yen juri nyeluk Tim
mu?” pitakone Doni.
”Iyo Don” jawabe Heru sing radi ora
percaya.. Eko,Rio, lan Adit uga kaget krungu
penguman iku. Heru banjur mlayu bali mastekke pengumuman sing ti krungoni
dheweke. Lan jebule pener yen Tim Heru oleh juara 1. Heru
bungah banget,lan
nggumun yen Tim e iso juara 1.
“Pener omong ku to Her, awake iki yo pantes oleh juara 1” ledeke Doni
mesem.
“Hahaha iyo Don.”
Sawise pengumuman ketua
tim njupuk piala lan piagam. Banjur Heru, Doni lan
liyane bali ing sekolahan. Pihak sekolah
seneng, krungu yen muride ana sing oleh juara
1. “Her,
kepriye yen menawa pialane iki ti simpen ing sekolahan wae?” usule Doni.
“Iyo Her, karodene pialane iki siji ora
kena tibagi lima” saute Eko.
”Iya aku setuju” saute Rio.
“Aku yo setuju karo usule Doni” saute
Adit.
“Yo wis yen kabeh setuju, piala iki
dipasrahke ing pihak sekolah wae, supaya tisimpen sing apik” jawabe Heru.
Geng pandawa iku bisa
njunjung jeneng sekolahane. Heru, Eko,Rio lan Adit
bangga karo Doni sing biasane
ndableg,saiki bisa dadi bocah pinter, bocah apik sing ora gampang nesu.
BIODATA PENYERAT
Jeneng
: Riska Sabilaturrohmah
Sekolah : SMAN 1 DURENAN
Kelas
: XII IPA 3
Alamat
: Ds.Gandong, Kec. Bandung, Kab. Tulungagung
No. Hp
: 081357768179